Es Lilin (p.1)


es lilin
Penjual Es Lilin

“Bismillah, amin!”

“Ndungo opo ngunu iku, sing apik ta la.”

“Iki apik.”

Sumini gedheg-gedheg. Anake, Gendut, lagek ngenakno mangan sego goreng sing dimasak emake turahan sego mau bengi.

“Mbak Iyem wis nene?” takone Gendut karo lambene maju-maju, mamah sego goreng.

“Mangan sik lagek ngomong.”

Sumini nyedeki anake. Gelas banyu putih nang tangane diteleh nduwur mejo, sanding piringe Gendut.

“Gurung, diparani kono mari mangan. Minggu ngene lak biasane rodok awan.”

Mari ngentekno segone, arek lanang sing umure durung genep nem taun iku nyandak gelas banyu putih. Diglongong isine nganti entek. Banyu putih sing ora mlebu nang lambene dleweran netes soko kiwo tengen lambe.

“Ngombe kok koyok ngunu, koyok sapi.”

Gendut mesem. Dielus wetenge sing kewaregen. Didelok umure ancen sik cilik ning Gendut wis iso dijak omong lan tingkahe kadang koyok wong tuwek. Urip dhewe karo emake, Gendut ora koyok konco-konco seumurane sing mung seneng dolanan. Ben sekolah arek lanang sik wis mlebu TK iku biasa nggowo termos es lilin, gaweane Iyem, tanggane. Sumini, emake, ben dino nggawe jajan, koyok gorengan, kripik-kripik. Kadang Gendut melu nggowo, didol nang sekolahan. Akeh-akeh digowo emake dhewe, didol nang terminal.

“Wis siap, Mak?”

“Iyo. Ngko ojo lali langsung mulih, wis janjian karo Mbak Iyem kan?”

“Ho oh. Tapi aku isin.”

“Lha lapo? Klambine wis tak cepakno iku.”

Gendut meneng, ora nyauri maneh. Mari ngroso wetenge wis enak, Gendut ngadeg terus pamit emake kate nang omahe Iyem.

“Mbak…”

“Woy, kene, nang mburi!”

Suwarane Iyem banter soko pawon. Omahe Iyem karo Gendut ora adoh, mung keletan telung omah. Gendut sing wis biasa moro langsung bablas nang pawon. Iyem lagek ngadahi es lilin nang termos pas Gendut mlebu.

“Wis, beres.”

Gendut mesem karo nyandak termos es.

“Ngko sido melu tho, Ndut?”

Gendut mesem.

“Akeh koncone, asik-asik. Ngko koe iso dolanan karo sinau. Ah tapi sing penting iso dolanan kok.”

Iyem, arek wedok umur rong puluhan iku durung suwi urip nang Surabaya. Areke cilik, kenes, gampang kenal karo uwong.

“Wis gek mangkat kono, dienteni makmu ngko.”

Gendut manthuk maneh terus pamit mulih.

Lek wayahe sekolah Gendut nggowo dagangan nang sekolahan, dino Minggu dagangane digowo nang terminal, ditunggu emake. Sumini ora ngolehi Gendut ngancani dodol nang terminal. Paling isuk arek lanang iku ngewangi nggowo dagangan terus mulih. Sakjoke Iyem pindah nang sebelah omahe, meh ben Minggu Gendut mesti onok kegiatan. Biyen lek ditinggal emake dodolan paling mung dolanan karo koncone. Saiki dheweke karo konco-koncone lek Minggu dijak kumpul nang omahe Iyem. Kadang nggambar, kadang gawe dolanan, macem-macem. Ora jarang Iyem ngajak arek-arek cilik iku dolan rodok adoh, nang bonbin, nang stasiun utowo sepedaan mubeng-mubeng kampung.

“Ndut!”

Gendut sing wis nang ngarep lawang noleh diceluk Iyem.

“Kathokmu mlorot iku, dibenakne,” omonge Iyem karo mesem.

Gendut mesem, isin. Arek cilik iku mbenakno suwale atek tangan kiwo. Tangan tengene sik nyekel termos es. Bokonge sing gedhe megal-megol nepakno suwal.

“Wou, malah koyok bebek.”

 ***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s