Lastri (bagian) 22


 

Djoko+Pekik%2C+Bintang+Iklan
Lukisan Djoko Pekik

“Mangan sik lagek mulih yo?”

“Nggak, ngko dienteni Emak.”

“Diluk ae.”

“Anakku selak luwe.”

Ora ndebat maneh, Tarno langsung nyetater sepeda motore. Ora sido mampir mangan, bengi iku akhire Tarno melu mangan nang omahe Lastri. Emake Lastri wis masak, nyiapno dingge anake sing kerjo nganti bengi.

“Jos, Mak. Suwi aku gak mangan koyok ngene,” omonge Tarno karo ngelap luh nang bathuke.

“Enak, Mak.”

Tarno sik ae komentar. Sakjoke urip nang Surabaya, wong lanang iku wis ora tau ngrasakno masakan kaya sing dipangan saiki. Masio ono warung khas kampune tapi rasane bedo.

“Buka warung ae, Mak, mesti laris.”

Lastri mesem. Emake Lastri meneng.

“Sumpah, Mak, nang kene masio akeh warung sing adol panganan koyok ngene tapi rasane gak koyok ngene, gak seenak iki.”

“Kate dodol nang ndi, pangon ae sempit ngene.”

“Gampang, Mak. Gak usah gede-gede, bondo mejo kursi ae iso kok.”

“Trus putuku sopo sing nyekel?”

“Yo Lastri. Mbukak warung ae, gak usah kerjo koyok saiki maneh. Iso nunggoni anak, gak kesel kerjo sampek bengi-bengi ngene.”

Lastri nyawang emake. Ora omong opo-opo, emake Lastri malah ngalih, mlebu kamar.

 

***

“Mas iki opo?”

“Ndi?”

“Iki lho.”

Andro sing lagek nyekel henpone Joko nyedekno tangane nang mas e.

“Ojo,” omonge Joko karo ngrayah henpone.

“Halah, Mas, liat diluk ae. Yok opo maine?”

“Gak. Iki guduk dolenan.”

Andro mrengut.

“Mau wis janji. Ngko tak pijeti, temenan.”

“Uwis. Ngko lek mamahmu ngerti aku diseneni.”

“Gak, gak ngomong mamah.”

Andro ngeyel. Joko yo tetep ora ngolehi. Udur-uduran akhire Andro nesu. Marni sing lagek gletakan nang kamare akhire metu.

“Rame ae.”

Joko meneng. Andro sing sik mecucu, nyedeki mamahe.

“Mas lho, dipinjemi henpon sediluk ae gak oleh.”

“Yo gak oleh, iku guduk dolenan.”

Ora dibelani, Andro selot mecucu.

“Mas nyimpen potone mamah.”

Marni kaget.

“Gak yo. Jare sopo?”

“Poto opo?”

“Itu di HP. Onok potone mamah karo papah tapi sik muda.”

Marni sing durung ngerti maksude anake nyawang Joko.

“Gak, Lik, gak onok. Lha lapo aku nyimpen potone sampeyan, malah rusak ngko henponku.”

“Ho oh, ada, Mah. Ada mik e.”

Marni menteleng krungu omongane anake.

“Iku guduk potone mamahmu.”

Joko nyauri rodo banter, arek lanang iku keweden. Ngerti ono sing ora beres, Marni ngongkon anake turu.

“Emoh.”

“Bobok kono, ngko malah ngluthus ae lek gak bobok.”

“Aku mau pinjem henpone sebentar.”

“Nggak oleh.”

Lek mau Andro eyel-eyelan karo Joko, saiki karo Marni. Tapi akhire arek lanang iku gelem dikon turu mergo dikeloni. Joko sing ngrasa lek ngko bakal diseneni bulike langsung mlebu kamar. Tangane umek karo henpone.

 

***

“Lek dipikir bener omongane Mas Tarno, Mak. Timbang koyok ngene terus, mending njajal mbukak warung.”

“Biyen koen ditawani Dian gak gelem.”

“Guduk gak gelem, Mak. Tapi kan sampeyan ngerti Dian kae kerjone opo. Mosok kene kate gawe usaha tapi duwite…”

Lastri ora nerusno omongane. Emake Lastri yo melu meneng.

“Mak…”

“Iyo, aku ngerti pikiranmu. Bapakmu wis gak onok, mung awakmu sing saiki tak eloki.”

“Aku emoh mulih, Mak.”

“Iyo. Aku yo gak masalah nang kene. Aku gak pingin koen loro ati maneh.”

“Maksude sampeyan…?”

Emake Lastri ambekan dowo.

“Tarno iku wis nduwe bojo saiki. Biyen ae koen ditinggal. Koen yo wis tau ngrasakno ditinggal bojo…”

Lastri nyawang emake. Wong wedok loro iku akhire mung meneng, umek karo pikirane dhewe.

 

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s