Lastri (bagian) 16


“Mbah, onok Nutrisari lemon?”

“Lemon, jeruk kuning iku ta?”

“Lemon.”

Awan-awan Joko dikongkon bulike tuku Nutrisari dingge Andro. Arek lanang cilik iku kepanasen, njaluk es. Mbah Idah, tanggane sing nduwe warung klontong cilik, umure wis sewidak luwih. Matane wis ora patio ketok lek nyawang.

“Tontoken dhewe iku, onok gak.”

Joko sing mung soko njobo clingukan. Matane nyawang dagangane Mbah Idah sing pating grandul.

“Daia Lemon. Nah iku onok lemon,” omonge Joko lirih.

Tangane Joko langsung njupuk gunting, njupuk sak bungkus.

“Onok ta?”

“Ho oh. Piro iki, Mbah?”

“Sewu.”

Joko ngelungno duwit trus pamit mulih. Nang omah Andro wis ngrengik ae.

“Sik ta lah, ngenteni Mas. Sik ditukono kae lho, sabar,” omonge Marni nang anake.

“Mas suwi.”

“Yo mau gak gelem melu sisan cek cepet.”
Andro mecucu. Ora suwi Joko teko.

“Nyoh, Lik.”

Marni nampani terus langsung mlaku nang pawon. Andro sing mau mecucu wis mesam-mesem. Joko bablas mlebu kamare.

“Joko Mulyono, rene!”

Marni mbengok soko pawon nyeluk ponakane. Joko sing kaet ae neleh bokonge langsung mlayu nang mburi.

“Iki opo?”

Marni ngelungno gelas sing isine busa.

“Lemon,” saure Joko alon.

“Nutrisari lemon. Lha iki opo kok munthuk ngene.”

Marni sing mau ora nggatekno bungkus sing dikekno ponakane, nggoleki bungkus sing wis dibuwak nang tempat sampah.

“Gusti Pangeran, iki lak sabun cuci tho yo. Lha koen kate ngracun adekmu?”

“Jare sampeyan lek gak onok, sing penting rasa lemon. Entek iku mau Nutrisarine.”

“Ho oh, aku sing salah.”

Wis jegeg karo ponakane sing selot nemen konslete ning wis ora nduwe tenaga ngge mbengok.

“Mah, cepat.”

Karya Lukisan Dullah Pelukis Indonesia
Karya Lukisan Dullah Pelukis Indonesia

***

Limang dino nang luar kota, Tarno akhire mulih.

Wong lanang iku kaet ae teko.

“Mas, aku kate pindah kerjoan.”

Tarno ora nyauri. Wong lanang iku nguculi klambine siji-siji, kesumuken.

“Gajine luwih akeh. Nggone yo luwih apik.”

“Yo saksirmu, koen sing nglakoni.”

Rini mesem.

“Wis mangan ta?”

“Wis.”

Rini ngadeg, nyedeki bojone sing aik ngadeg nang ngarepe lemari klambi.

“Kecut.”

“Yo iki kate adus.”

Rini mesem. Wong wedok iku metu kamar. Anake sik nang omahe ibuke. Pirang-pirang dino iki anake ora tau digowo mulih, dijarno diopeni ibuke.

“Kok gak ketok Dinda?”

“Karo ibuk.”

Kesel, sik durung pingin akeh omong, Tarno sing wis kalungan anduk iku budal adus.

***

“Pah, yok opo lek Joko kae digowo nang dokter? Mencleke selot nemen. Mosok mau tak kon tuku Nutrisari lemon ditukokno Daia, sabun cuci.”

Eko sing lagek nyruput kopi ora langsung nyauri.

“Mene tak golekno info sik.”

“Lek gak digowo nang dukun ae, aku onok kenalan wong pinter.”

“Halah, malah gluprut thok iku ngko diidoni.”

“Gak. Iki gak atek sembur-semburan. Didungani kae lho, Pah. Koncoku yok onok sing dulure stres mari cerai karo bojone, iso mari.”

“Yo jajalen dhisik.”

“Ho oh. Sik, dijajal yok opo iki maksude?”
Takone Marni curiga.

“Yo kon ndongani koen, lek stresmu iso mari ngko dijajal nang Joko.”

“Sak enak udele ae lek ngomong, huh.”

Marni mecucu trus ngalih. Eko mesem-mesem dhewe.

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s