Lastri (bagian) 12


Mamah dari mana?”

“Rumah sakit. Wis maem?”

“Mbujuk. Mamah jalan-jalan, aku nggak diajak.”

“Enggak. Mamah lho mari njenguk koncone mamah sing sakit.”

Andro sik ae ngrengik. Arek TK iku nesu.

“Wis maem?”

“Mamah nakal…”

“Lah. Ayo maem sik.”

“Emoh. Mamah dari TP kan?”

Andro sing lara atine ora dijak dolan sik ae mburu ibue.

“Jare sopo?”

“Om Joko.”

“Gak yo, aku gak ngomong ngunu. Aku ngomong mamah pergi ngunu.”

Joko sing lagek ndelok tipi langsung nyaut krungu jenenge disebut.

“Ayo maem sik, mamah masak ayam goreng iku mau.”

“Emoh.”

Sik mangkel, Andro akhire nangis. Gelem ora gelem Marni nggendong anak sing bobote ngalahi arek SD kelas telu iku. Mari ngeneng-eneng anake, didulang, akhire Andro turu.

“Jepitan jemuran, ngomong opo koen mau nang adikmu?”

Joko nyebek.

“Aku ngomong mamahmu pergi bentar ngunu lho, Lik, sumpah wis. De’e ngertine lek sampeyan lungo kan nang TP.”

“Awas koen lek mbujuk. Mita gek dipapak sisan, wis jam piro iki.”

“Iyo, iki kate budal.”

“Mampir Indomaret sisan, tukokno soptek.”

“Mosok aku tuku konoan, isin yo.”

“Yo onok Mita, areke lak ngerti sih. Makane adus, cek gundulmu iku seger, iso dijak mikir.”

Joko nyebek maneh.

“Duwite?”

“Yo sik.”

Lukisan Ibu dan Anak http://galerilukisannunang.blogspot.co.id/2011/04/ibu-dan-anak.html
Lukisan Ibu dan Anak http://galerilukisannunang.blogspot.co.id/2011/04/ibu-dan-anak.html

***

“Pirang suwi, Mas?”

“Paling yo limang dino.”

“Gak tuku tiket PP?”

“Gak, jadwale gurung jelas.”

“Aku tak nang ibuk ae yo.”

“Ho oh.”

Tarno sing oleh tugas luar kota soko kantore lagek siap-siap. Wong lanang iku masio ora patio yakin ning mikir opo sing diomongno Eko wingi nang kantor. Wis suwi dheweke ora dolan nang omahe Lastri. Saiki dheweke bakal adoh soko anak bojone sisan. Karepe ngko mulih pikirane iso tenang.

“Nang kono onok opo, Mas?”

“Embuh, gurung tau rono. Lapo?”

“Gawakno oleh-oleh ya.”

“Lek sempat.”

Rini mesem. Rini sing kapanane njaluk ijin kate kerjo maneh saiki wis mlebu nang kantore kancane. Ben dino budal isuk mulih sore.

“Kerjoanmu yok opo?”

“Lumayan sih, tapi bos e cerewet.”

“Kerjo melu uwong yo ngunu.”

“Iyo. Iki karo golek-golek maneh.”

“Gurung seminggu wis kate golek maneh…”

“Yo lek onok sing luwih apik, knapa nggak? Wingi aku ditawari koncoku, dadi CS nang mal. Gajine lumayan cuma shif-shifan.”

Males debat, Tarno nerusno lek milihi klambi. Asline wong lanang iku ora seneng lek Rini kerjo. Anake ora ono sing ngurus, dititipno nang morotuwone.

“Sing penting Dinda kopen,” omonge akhire.

“Karo ibuk yo mesti kopen.”

Tarno ambekan rodo dowo. Lek wis ngunu mending meneng.

***

“Mak…”

“Opo?”

“Sampeyan gak popo ta koyok ngene?”

“Yo gak popo. Lha opo’o?”

“Kene iki kan daerahe wong nakal…”

“Halah, nakal gak yo tergantung uwonge. Gak usah mbok pikir, sing penting awakmu gak melu-melu. Iku arek-arek yo biasa ae, apikan malah.”

Lastri ngadep emake. Wong wedok iku lego krungu saurane emake.

“Iku wingi podo rebutan nggendongi anakmu, gemes jare.”

Lastri mesem.

“Pikiren kerjoanmu ae, nabung sithik-sithik sopo ngerti suk iso oleh nggon sing luwih apik.”

“Ho oh, Mak. Sopo ngerti iso oleh kerjoan sing luwih apik yoan.”

“Ndungo. Wong koyok awake dhewe kate senden nang sopo maneh lek gak nang sing nggawe urip. Luwih penting maneh gak putus asa, usaha terus.”

“Iyo, Mak.”

Kate merem, bayine ngragapan kate tangi. Bayi lanang iku ngelak, ngoleki susune. Lastri langsung nyandak bayine, disusoni karo turu.

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s