Lastri (bagian) 10


“Opo salahe njaluk tulung? Gak usah gengsi lek ancen butuh.”

Lastri meneng ae. Tangane umek ngadahi klambi karo perkakas nang kardus.

“Aku mbok jak turu ngendi ae gak masalah, tapi pikiren anakmu.”

“Sampeyan tenang ae, Mak, kos-kosan akeh nang kene.”

“Iyo. Tapi wira-wirine? Anakmu mosok kate dijak wira-wiri gak jelas.”

Lastri ambekan dowo. Pak RT karo bojone wis mulih. Tonggo-tonggone yo wis ora ngumpul nang ngarep omahe maneh, wis podho buyar dhewe-dhewe.

“Sampeyan ngko ngenteni kene, tak golek nggon sik.”

“Yo sak karepmu. Aku gak ngongkon koen mbalik nang Tarno, ngrusak rumah tanggane, ning njaluk tulung ki gak onok salahe.”

Lastri ora nyauri.

Woman with a cigarette by Pigo Art of Me (deviantart.net)
Woman with a cigarette by Pigo Art of Me (deviantart.net)

***

“Sampeyan lapo, Mas?”

Tarno tangi. Ambekane menggeh-menggeh. Kringet ndrodos nang raine.

“Ngipi?”

Rini tangi, mlaku moro nang kulkas golek banyu putih dingge bojone.

“Ngombe sik.”

Tarno nampani gelas soko tangane bojone. Ambekane wis mulai teratur maneh.

“Tak tontok sampeyan saiki kerep usreg ae lek turu. Onok masalah opo?”

“Gak, kekeselen thok ae.”

“Aku bojomu, Mas. Aku nang kene lek sampeyan butuh cerito.”

“Iyo, gak onok opo-opo. Lagi akeh kerjoan ae nang kantor.”

“Yo wis. Turu maneh.”

Tarno manthuk terus ngletakno awake. Wis pirang-pirang dino ngipip Lastri terus. Kate mampir nang omahe durung sempet. Pikire yo lek iso dilalekno, ning malah mlebu nang ngipi.

“Onok opo, Las?”

Tarno mung iso mbatin. Bojone wis turu maneh. Tarno ora iso mbalik turu tekan shubuh.

***

“Gak, Mak, aku nggak pingin mbalik. Lek sampeyan pingin mulih nang kampung gak popo.”

“Koen anakku wedok siji-sijine. Bapakmu wis gak onok. Gak onok pikiran blas nang utekku iki kate melu masmu. Koen nang leng semut ae yo bakal terus tak kancani.”

“Gak bakal terus koyok ngene, Mak, iki sementara thok. Lek wis oleh nggon sing luwih tepak yo pindah maneh.”

Emake Lastri mung gedheg-gedheg. Putune nang gendongan wis merem. Mari diusir soko kontrakane, Lastri pindah golek kosan. Mergo duwite mepet, ora nduwe wektu, sing penting ndang oleh panggon, Lastri melu sarane Meri.

“Gak onok sing bakal usil karo koen nang kene. Nasibe meh podho kabeh nang kene. Ngurus urusane dhewe-dhewe.”

Omonge Meri wingi pas dijaluki tulung golek info kosan.

“Koen ayu Las, sik enom.”

Lastri ngerti maksude Meri. Koncone iku umure ora bedo adoh karo dheweke. Bedone Meri wis rondo ping pindo.

“Lek aku ngunu wis tak embat Pak RT-mu kae. Jupuk duwite, dientekno lek iso cek bojone ngerti rasane dadi wong gak nduwe, wong gablek, cek gak sakenake dhewe.”

“Guduk salahe…”

“Jelas salah. Wong wedok koyok ngunu iku ancen wis cocok oleh boyo, koyok bojone kae. Ngertine paling mung njaluk duwit.”

Lastri mung nyawang koncone iku.

“Melu aku ta? Aku kate ngemall.”

“Gak, kesel kabeh awakku.”

“Koen iso sugih lek gelem, Las. Ojo nyoro awakmu dhewe.”

Lastri gedheg.

“Aku biyen yo koyok koen, wedi duso. Saiki? Wedi lek gak nduwe duwit.”

Meri ngguyu. Lastri melu mesem.

“Lek wis bosen mlarat, gak usah isin ngomong aku.”

Mari ngomong Meri ngadeg, pamit mulih.

****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s