Lastri (bagian) 8


“Dek, klambiku nang ndi?”

Budi metu soko jading bebetan anduk. Wong lanang iku ngusap-usap rambute sing sik teles atek tangan tengene.

“Dek?”

Lastri sing lagek nglempiti klambi nang kasur kaget.

“Opo?” takone.

“Yahmene kok nglamun. Klambiku ndi?”

“Iku digantung.”

Sakjoke rabi, Lastri melu bojone nang Surabaya. Budi, bojone, kerjo dadi sales sing penggaweane mubeng-mubeng.

“Ngko mulih bengi maneh, Mas?”

“Mugo-mugo nggak. Tapi lek mulih bengi maneh gak popo ya, ngejar target. Ngge lairan sisan,” omonge Budi karo ngelus wetenge bojone.

Nang Surabaya, Lastri karo bojone ngontrak omah cilik pinggir rel sepur.

“Emak kon rene ta? Cek koen onok koncoe.”

Lastri gedheg. Bapake nang omah saiki kerep sambat awake ora penak. Masio kadang Lastri kangen ning wong wedok iku mesakno lek emake ngancani dheweke.

“Yo wis, sabar sik. Lek sangune wis cukup ngko mulih omah.”

Lastri manthuk. Wong lanang wedok iku wis sepakat kate lairan nang kampung ae. Ora mung mergo cek ono sing ngewangi ngramut anake ning yo mergo luwih murah biayane.

“Budhal sik ya, ojo lali mangan.”

Lastri manthuk. Budi ngelus-elus wetenge bojone maneh terus ngambung mbun-mbunane Lastri sak durunge budhal kerjo.

Weleh Rem-e Blong karya Cak Min Mustamin.
Weleh Rem-e Blong karya Cak Min Mustamin.

***

“Mas, kopine.”

“Suwun.”

Rini lungguh, nyanding bojone sing lagek nyruput kopi.

“Aku pingin kerjo.”

Tarno nyeleh gelas kopine nang nduwur mejo. Tangane nyandak bungkus rokok nang ngarepe.

“Wingi onok sing nawani.”

“Lha Dinda karo sopo lek ditinggal kerjo kabeh?”

“Karo ibuk.”

“Gak tau ngewangi kok malah kate direpoti.”

Mari ngomong Tarno nyedot rokoke.

“Gak ngrepoti wong putune dhewe kok. Aku bosen nang omah ae.”

“Kate kerjo opo?”

Rini mesem.

“Wingi ditawani admin ngunu, yo ngewangi pembukuan. Senin sampek Jum’at, Sabtu Minggu libur.”

Tarno ambekan.

“Mumpung Dinda sik cilik.”

“Justru sing sik cilik iku butuh emake, guduk mbahe.”

Rini sing mau mesem, saiki rodo mrengut. Asline yo ora pingin-pingin banget kerjo, wong dheweke durung tau kerjo. Kadang ae Rini sing mung nang omah ngurusi anake iku pingin ngrasakno kerjo, golek duwit dhewe.

“Yo jajalen. Pokok anake gak sampek kleleran.”

Krungu omongane bojone, Rini mesem maneh.

“Suwun, Mas,” omonge karo ngambung pipine bojone.

Tarno mesem. Rini nyeleh sirahe nang dadane Tarno. Tarno ngrangkul bojone atek tangan kiwo, tangan tengene sik ngenakno lek nyekel rokok. Disebul asap soko rokoke. Bayangane Lastri metu maneh.

***

“Ayo diingirno. Saknoe rek.”

“Ojo sik. Golekno slimut opo sarung kono.”

“Gak lapor pulisi ta?”

“Iyo kono, prapatan kae lak mesti onok pulisi sing jogo.”

“Sik enom. Anake sopo iki rek?”

Wong-wong rame nang embong. Ono sepeda motor mari ketabrak sepur.

“Ngantuk iki mesti, gak krungu onok sepur liwat.”

“Yo wong gak onok palangane yo kene iki, kudu ndang lapor KAI. Sesasi iki wis piro ae sing ketabrak.”

Pulisi sing diparani nang prapapatan ora adoh soko nggon kejadian wis moro. Jenasah sing mau ngletak ora adoh soko rel sepur dijunjung bareng-bareng, diingirno.

“Sik…sik, iki lak Budi sih?”

“Budi sopo?”

“Wong anyar sing ngontrak karo bojone kae lho, sik pirang sasi nang kene.”

“Sing bojone lagek meteng kae?”

“Ho oh.”

“Oalah Gusti, saknoe rek.”

*****

2 thoughts on “Lastri (bagian) 8

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s