Lastri (bagian) 7


“Pingin anak lanang opo wedok?”

“Lanang ae, cek koyok sampeyan.”

Tarno mesem. Arek lanang sing saiki kuliah nang Surabaya iku ketok seneng.

“Ho oh, lanang ae cek iso njogo emake. Anakmu suk pasti lanang dna rupane mirip koen.”

“Kok mirip aku?” Lastri sing lungguh nang sandinge bingung.

“Iyo mirip koen. Ganteng, lucu, montok,” omonge Tarno karo mesem.

Lastri melu mesem, atine seneng mbayangno anake karo Tarno suk.

“Mulih sik, ngko digoleki emak, wis sore.”

“Ngko ae, sik yahmene.”

“Nggak ah, saiki ae. Emak mesti wis nggoleki iki.”

“Tapi ngko bengi rene maneh ya. Eh nang omah ae lah, ibuk kate pengajian.”

Lastri ora nyauri, arek wedok iku mikir.

“Ayolah. Gak kangen aku ta? Mene aku wis mbalik lho.”

Lastri ngadeg. Sakdurunge ngalih arek wedok iku mesem. Arek wedok iku manthuk sithik terus mlaku mulih. Sakjoke ditinggal Tarno, Lastri sing ora nerusno sekolah ngewangi emake dodolan nang pasar. Arek loro iku kerep janjian ketemu, ndelik-ndelik nang pinggir jembatan. Kadang lek nang omahe Tarno ora ono uwong, Lastri moro nang omah.

***

“Akhhh…Mas…sakit, Mas….”

“Sabar sik, diluk maneh.”

“Ayo, Bu, dorong…”

Rini ngremet tangane Tarno. Kringete ndrodos sak rai.

“Oek…oek…oek…”

Ora let suwi bayi sing dienteni mbrojol. Tarno nyawang bayi abang sing ngluprut getih iku. Rini sing mau njerit-njerit kelaran wis anteng, mung ambekane sing ngos-ngosan.

“Sehat bayinya, Pak…Bu.”

Rini sing ngletak ndengongok pingin ndelok bayine. Tarno mesem terus ngusapi kringet nang raine bojone.

“Cantik.”

LOST LOVE - PALETTE KNIFE Oil Painting On Canvas By Leonid
LOST LOVE – PALETTE KNIFE Oil Painting On Canvas By Leonid

***

“Mas, garapane ditunggu Mas Andi.”

“Oke, mari ngene tak kirim.”

Shelly mesem. Arek wedok iku terus ngalih. Tarno sing lagek bruwet karo garapane mbales mesem.

“Ehm…”

“Opo?”

Eko mesem. Kursine diputer madep kursine Tarno.

“Gak popo, wong lanang, wajar. Wis gak seneng bojone, ditolak sing disenengi, mlayu nang wedok liyo hehehe…”

Tarno ora nyauri.

“Lek saranku mending tuku hehehe. Emosi tersalurkan, gak nambah pikiran, gak nggarai mumet.”

“Ngomong opo sih, Mas?” akhire Tarno mbales.

“Hehehe, aku ki yo gak picek. Shelly kae kaet biyen lak ngesiri koen. Lek mbok iyane saiki, masalahmu gak kate berkurang, tapi selot akeh. Iki nggowo ati.”

Tangane Tarno sing mau umek karo keyboard saiki meneng. Matane sik lurus nyawang monitor nang ngarepe.

“Wong lanang ki ancen lemah. Sawangane ae kuat, asline ambyar.”

“Aku kudu yok opo?”

“Lha lek iku sing ngerti awakmu dhewe. Tapi yo pikiren. Lek koyok ngene iki jenenge mlayu soko masalah, yo nambah masalah sisan.”

Eko nggeret kursine nyedeki Tarno.

“Mumet ndasku,” omonge Tarno karo sik nyawang komputere.

“Hehehe, lek mung butuh hiburan ae gampang, tapi sing aman. Koen lek sampek kenek Shelly selot ngelu, koyok gak ngerti ae areke yok opo.”

“Sampeyan tau cemburu karo Mbak Marni?”

Eko mesem.

“Koen sik eling pas aku crito mari ngajar arek Kebraon?”

Tarno manthuk.

“Yo iku mergo Marni. Masio kerep dolenan wedokan, tapi lek bojoku sampek diganggu yo tak ajar. Egois ancen wong lanang iku. Wong-wong mesti mikir lapo kok aku gak pegatan ae, cerai karo Marni, dipikire kan mergo aku wis gak betah karo bojoku makane dolenan wedokan ae. Marni kae lek tak tinggal gak bakalan mati, gak bakalan soro. Kuat kae, wong ngomel sedinoan ae kuat kok. Aku sing gak bakal kuat. Lek gak diramut Marni kae, mbuh uripku dadi opo.”

Saiki ganti Eko sing nglamun. Wong lanang sing biasane cengengesan iku ketok serius. Tarno sing ndelok rodo nggumun, ora biasa.

“Lek ancen saiki utekmu mbundet, yo nyingkrih dhisik. Mulih nang kampung kek, opo njaluk tugas luar kota sing rodok suwi. Adoh soko sopo ae sing nang uripmu, bojomu, anakmu, Lastri, cek koen iso mikir temenan, opo sing sakjane mbok pingini…”

Eko ngadeg. Wong lanang sing awake gedhe iku ngeluh boyoke.

“Oh iyo, lek oleh ngerti lho iki, opo’o biyen koen kok gak sido rabi karo Lastri?”

Tarno ora langsung nyauri.

“Maksudku lek seandaine Rini kae gak meteng dhisik hehehe…”

Tarno ambekan dowo.

“Tak pikir biyen lek rabi karo Lastri mesti masalahku bakal akeh, keluarga, konco. Golek sing podho…”

“Masalah kok diramalno No…No, lucu koen iku. Justru sing gak podho iku sing iso ngimbangi. Wis, malah ngelu ngko ndasmu. Melu aku ae ngko bengi, tak kenolno cewek hehe…”

“Jare sampeyan ojo mlayu ko masalah?”

“Gak mlayu iki, mung hiburan cen gak sutris. Tapi lek koen wedi gak iso mandeg yo gak usah he…he…he, cek aku ae sing wis kadung…”

“Kadung edan,” saute Marno.

Eko sing diilokno mung mesam-mesem karo mlaku ngalih.

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s