Lastri (bagian) 6


“Saya terima nikah dan kawinnya Lastri binti Ponijan dengan mas kawin uang lima ratus ribu rupiah dibayar tunai!”

“Sah!”

Wong-wong lanang sing ngubengi manten podho mbengok bareng. Wong-wong wedok podho mesem, marem. Mari ndungo bareng, siji-siji nyalami manten gantian.

“Uwis, ngko ilang pacakane. Elek.”

Lastri sing ora iso ngempet, mbrebes terus mari ijaban. Ono rasa marem tapi yo nelongso nang njero atine. Bapake wis ora ono. Adike lanang sing ragil ngganteni bapake dadi wali. Ning ora mergo iku thok, arek wedok iku eling Tarno.

Lukisan: Chatting by Hendra Gunawan.
Lukisan: Chatting by Hendra Gunawan.

***

“Koen gak popo ta?”

Lastri gedheg.

“Ngombe sik, pucet ngunu.”

Lastri nampani botol banyu soko Meri. Diombe sithik isine. Wong wedok iku ora iso nutupi atine sing deg-degan.

“Opo’o, lara ta?”

Lastri gedheg maneh.

“Iku mau koncomu?”

Lastri nyawang Meri, ora langsung nyauri. Ora suwi dheweke manthuk.

“Ganteng.”

Lastri mesem tipis.

“Wis nduwe bojo?”

Lastri manthuk maneh. Saiki ganti Meri sing mesem.

“Sikat ae, lumayan.”

Lastri mesem maneh terus gedheg alon.

“Lapo? Wedi karo bojone?”

Lastri ora nyauri. Dicandak botol banyu putih terus diombe maneh isine.

“Las…Las, ojo lugu-lugu. Lek onok sing seneng ngunu iku sikat ae. Urip pisan, ojo kakean mikir.”

Lastri gedheg-gedheg. Ora tau ono pikiran nang uteke ngganggu rumah tanggane wong. Ora ono pikiran bakal iso cedhek maneh karo Tarno, sakjoke ditinggal biyen. Masio dheweke yo ngerti lek ora bakal iso nglalekno Tarno.

“Ngge aku ae lek koen gak gelem,” omonge Meri karo mesem.

***

“Lapo maneh? Sik enom kok mumet ae penggaweane. Sante.”

Tarno ngenakno lek nyedot rokoke.

“Wingi iku sing jenenge Lastri?”

Tarno manthuk.

“Hahahaha…maklum aku saiki lek koen ngelu. Jos. Hahahahaha…”

Tarno mbesengut.

“Hehehe…Kadang aku yo heran karo arek wedok, kok lek ditinggal malah selot ayu hehehe…”

Ngerti sing dijak omong ora enak atine, Eko mandeg lek ngguyu. Wong lanang iku lungguh nang sandinge Tarno.

“Cinta pertama?”

Tarno gedheg.

“Kelon pertama?”

Eko ngguyu maneh. Tarno ora nyauri.

“Bojomu gak kalah ayu, manut sisan tho kae. Tak delok yo anteng. Gak koyok bojoku sing penggaweane ngomel, ngejak gelut ae senengane, tukang njaluk duwit…”

“Karma paling.”

Tarno sing mau meneng ae moro-moro nyaut.

“Karma? Sebabe?”

“Yo biyen tak tinggal ngunu ae, saiki aku dibales.”

“Hahahahaha…dibales sing kuoso opo dibales Lastri?”

Tarno meneng maneh.

“Wong wedok lek waras yo gak bakal gelem karo koen, koen wis nduwe anak bojo. Lek onok sing gelem yo iku wedokan gak nggenah.”

Tarno nyumet rokok anyar.

“Masio seneng dolenan wong wedok, aku gak tau kepikiran ninggal bojoku. Masio rupane, cangkeme koyo ngunu kae, tapi aku ngerti Marni kae sayang karo anake. Ngerti ngramut omah. Kadang yo gatel pingin napuk lambene lek pas ngomel kae, tapi wong lanang koyok aku lek gak diomeli yo gak bakal nggenah.”

“Sampeyan untung oleh Mbak Marni.”

“Lha opo koen gak untung oleh Rini?”

Tarno gedheg.

“Aku telat sadar.”

“Telat sadar lek sing mbok senengi Lastri?”

Tarno meneng.

“Wedokan kadang ancen njancuki. Wis ngerti kene iki angel ngempet malah digodani ae, kadung kenek kene sing digawe mumet hehehe…”

“Rabi maneh ae,” omonge Eko maneh karo mesem, “lek areke gelem karo koen tapine dan gak konangan bojomu hahaha…”

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s