Lastri (bagian) 5


“Mak, mangkok putihe nang ndi?”

“Nang korahan kae. Kate ngge opo?”

Ora nyauri, Lastri mung mesem thok. Arek wedok iku njupuk mangkok putih nang baskom korahan terus dikorahi. Mari korah-korah arek wedok iku njupuk kolak nang panci sing mari dimasak terus dilebokno nang mangkok.

“Metu diluk, Mak.”

“Yo.”

Ditinggal Lastri, Painem mung gedheg-gedheg. Wong wedok iku ngerti nang ndi anake.

“Namung kolak.”

“Selot pinter saiki. Suwun, Nduk.”

Lastri mesem. Sakjoke ditinggal Tarno selolah maneh nang Surabaya, Lastri sok dolan nang omahe Tarno. Kadang nggowo pangganan, kadang yo mung nginguk. Ibuke Tarno sing rondo urip dhewe nang omah. Mung kadang ae dikancani Mbok Supri, tanggane sing biasane ngewangi resik-resik omah.

“Damel nopo niku karduse?”

Ibuke Tarno sing kaet mau umek karo perkakase noleh nang Lastri.

“Digowo nang Suroboyo.”

“Njenengan badhe pindah?”

“Gak…embuh, durung ngerti. Lek krasan yo bablas, lek gak yo moleh.”

Lastri mesem masio rodo kecut. Pikire lek ibuke Tarno pindah berarti Tarno ora bakal mulih.

“Oh iyo, wis dikabari Tarno durung awakmu?”

Lastri sing sik umek karo pikirane dhewe ora nyauri.

“Areke kate rabi. Arek lanang…disekolahno apik-apik malah mung pacaran. Lulus ae durung, wis kate nduwe anak.”

Koyo disamber gledek rasane Lastri krungu omongane ibuke Tarno. Gundule langsung ngliyeng. Tangane ngremeti mejo, golek gondelan. Meh ae arek wedok iku ora iso ngempet tangise.

“Pamit rumiyen,” omonge karo setengah mlayu.

10-Merias-560x638
***

“Nyangkruk sik ae, timbang mumet.”

Tarno mikir. Akhir-akhir wong lanang iku selot males mulih. Alasane lembur lek ditakoni bojone. Anake wis ora tau dicandak. Arek cilik iku biasane wis turu lek dheweke teko. Rini sing biasane ngenteni dheweke mulih, kadang yo wis ora kuat ngempet ngantuk.

“Cedhek-cedhekan ae, kampus. Sisan koen ketemu koncomu, sopo ngerti ilang ngelu.”

“Lek gak malah tambah ngelu.”

“Hahaha lha lapo? Koen wis kerjo, wis nduwe anak bojo. Konco-koncomu kae paling yo sik gurung lulus, lek gak malah wis DO.”

Tarno mesem.

“Ayo. Mumpung anak bojoku lagi nang kampung.”

“Gak marani gendakanmu?”

“Hahahaha jancuk, iso ae. Wis tak jadwal, mene ae hahaha…”

Eko ngguyu-ngguyu. Pundake wong lanang umur telung puluhan iku nganti goncang mergo ora iso mandeg ngguyu. Tarno melu mesem ndelok polahe koncone iku.

“Oke, kita ketemu lagi di sini ehm..setengah jam lagi. Jam sepuluh kita off. Oke?”

“Oke!”

“Good luck, guys.”

Mari dikomando karo arek lanang pimpinane, arek-arek wedok rokan span cendek iku langsung buyar dhewe-dhewe. Nang tangane podho nyekel kotak rokok.

“Rokoknya, Mas? Lagi promo, ini yang terbaru.”

Arek-arek lanang sing akeh nyangkrung nang pinggir embong mesam-mesem. Kumpul konco, ngobrol karo ngopi rasane koyo suwargo, opo maneh ditekani arek-arek wedok ayu klambinan mini.

“Rokoknya, Mas?”

Tarno sing bengi iki nyangkruk karo Eko karo konco-konco kuliahe biyen langsung noleh ndelok arek wedok sing moro nawakno rokok.

“Nggak, Mbak. Suwun.”

“Masnya mungkin?”

Saiki arek wedok iku ganti nawani koncone Tarno. Sing ditawani mung mesem karo ngenakno lek nyedot rokoke. Arek-arek lanang iku mesem kabeh. Mung oleh eseman, SPG iku ngalih, pindah nang gumbulan arek nyangkruk liyane.

“Ayune rek, kapan iso oleh bojo koyok ngunu?”

“Raimu, Jon, kuliah wolong taun gak kelar-kelar mosok onok wedokan sing gelem karo raimu, cuk.”

“Kuliah gak penting. Tarno ae gak lulus yo iso oleh bojo ayu, kerjo enak. Iyo gak, No?”

Tarno mung mesem.

“Yo de’e ganteng, cuk, lha raimu?”

Arek-arek sak gumbulan podho ngguyu.

“Kate nang ndi?” takone Eko ndelok Tarno ngadeg.

“Nguyuh.”

“Ealah, nontok arek ayu iku mau ngempet ta? Hahahaha.”

“Matamu,” saure Tarno karo ngalih.

Cangkruk nang pinggir embong jelase ora ono WC, Tarno moro nang nggon rodo peteng. Durung nganti teko nggone, matane ora sengojo nyawang salah siji SPG sing lagek towo rokok.

“Lastri?”

Sing diceluk ora rumangsa, ora krungu yoan saking ramene kendaraan nang embong.

“Las…Lastri!”

Ora sido nguyuh, Tarno marani arek wedok sing lagi nawakno rokok.

“Las…”

Lastri tingak-tinguk. Wong wedok iku ngerti sopo sing lagi ngadeg nang ngarepe, ning ora penak karo konco-koncone.

“Las, aku…”

“Aku lagi kerjo,” saute Lastri sak durunge Tarno sempat nerusno omongane.

Ngerti maksude Lastri, Tarno langsung meneng. Wong lanang iku kaku nang nggone lek ngadeg. Ora pingin ono kedadean sing ora-ora, Lastri langsung marani konco-konco liyane.

“Lastri…”

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s