Lastri (bagian) 4


“Aku gak iso rabi saiki.”

Lastri sing kaet mau dolanan tangane dhewe langsung meneng.

“Awake dhewe sik enom. Lek kene rabi saiki, trus kate mangan opo. Gak mungkin nunut Ibuk, duwite pensiun Bapak yo gak cukup.”

Lastri sik ae meneng. Arek wedok iku ora ngerti kudu ngomong opo masio rasane uteke kebek.

“Senin aku budal Suroboyo. Aku dikongkon melu Pak Dhe, kate disekolahno maneh.”

Krungu lek Tarno kate lungo, Lastri kaget.

“Cedek. Ben Minggu yo iso mulih. Ibuk yo nang kene, aku gak kate ninggalno awakmu.”

Tarno ngedep Lastri sing raine wis mbrabak, kudu nangis.

“Aku kudu lungo, aku gak mungkin gawe Ibuk kecewa. Koen ngerti kan posisiku?”

Ora iso diempet, luh netes nang pipine Lastri. Tarno ngusap luh iku atek jempole. Tangane karo nyekel pipine Lastri.

“Las…”

Ora iso omong, Lastri mung manthuk. Tarno anak siji-sijine. Bapake wis ora ono.

“Koen gak telat kan?”

Rodo kaget krungu sing ditakokno Tarno ning Lastri langsung gedheg.

“Syukur. Ojo sampek Ibuk ngerti. Iki rahasiane awake dhewe.”

Tarno ngangkat janggute Lastri, “Ngerti?”

Lastri manthuk maneh.

ilaje-ogwah-uly

***

“Mak…Mak…”

“Nang njero. Mlebu ae.”

Wong lanang sing bengak-bengok nang ngarep lawang tinguk-tinguk sediluk trus mlebu.

“Nganpunten, Pak RT tho. Kulo kinten sinten niku wau…”

“Iyo gak popo, Mak. Mung dolen ae.”

“Monggo, Pak RT. Wonten keperluan nopo? Omahe members.”

“Gak popo, Mak, santé ae.”

Wong lanang sing diceluk Pak RT iku lungguh. Pak RT sing umure ora kacek adoh soko Painem iku ngipasi awake sing lemu atek tangane.

“Panas, kipase rusak.”

“Iyo. Biasa, Mak, wong lemu yo ngene iki. Putumu ndok ndi, Mak?”

“Tilem.”

“Lastri?”

“Nembe bidal niku wau. Wonten nopo, Pak?”

Pak RT kipas-kipas maneh. Kringete netes, ngebeki raine.

“Ngene Mak, Lastri kae lak rondo…maksudku nggak nduwe bojo, anake sik cilik. Aku nontok kok sakno. Kerjo isuk bengi, gak iso ngurusi anake, sampeyan yo melu kesel tho, ngurusi putumu…”

“Sampun kewajiban, nggih mboten nopo-nopo.”

“Iyo, tapi mestine kan sampeyan iso leyeh-leyeh. Lastri yo iso ngurus anake. Kesel lho, Mak, dadi SPG iku. Lak kudu ngadeg terus sih?”

“Nggih. Ning pun resiko niku.”

“Iki mung pikiranku lho, Mak, ngko sampeyan pikirno karo Lastri. Aku pingin nulung sampeyan wong loro. Lek Lastri tak rabi ae yok opo? Gak usah dijawab saiki, Mak, sampeyan ngomong Lastri sik. Dipikir sing temenan. Aku lak yo gurung tuwek tho, Mak, sik pantes karo Lastri. Sing jelas aku tanggung jawab.”

***

“Aku hamil, Mas.”

Meh ae kopi sing mari disruput disemburno karo Tarno. Lambene lara ngempet panas nang ilate.

“Telat. Wis tak tes iki mau.”

Tarno ngelap lambene.

“Mas…”

“Iyo, krungu.”

“Trus?”

“Yok opo maneh.”

“Yok opo maneh yok opo maksude? Awake dhewe kudu rabi.”

Rini sing mangkel langsung mecucu.

“Iyo.”

“Ojo iyo iyo thok ae. Sampeyan kudu ngomong bapak ibuku.”

“Iyo.”

“Kapan?”

“Mene.”

“Kok mene. Saiki.”

“Yo sabar. Tenang sik.”

“Tenang yok opo. Aku meteng, Mas, anakmu.”

“Iyo. Tapi ngomong wong tuwek ki yo kudu dipikir sik, yok opo ngomonge. Gak grusa-grusu. Aku lak yo kudu ngomong nang wong tuwoku.”

“Gak mau tau aku. Pokok lek sampeyan nggak ndang ngomong, aku sing ngomong nang bapak ibuku.”

Wis ora iso dijak omong apik-apik, gundule ngelu, Tarno pamit mulih. Sekolah durung lulus, pacare malah meteng.

“Sepurane, Las,” omonge Tarno lirih karo mlayokno sepeda motore.

                                                                           *****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s