Lastri (bagian) 3


“Lapo maneh?”

Durung Tarno mudun soko montore, emake Lastri sing kebeneran lagi nang emper langsung mecucu. Tarno njagang sepeda montore. Helm teropong sing wis dicopot, nang tangane, disampirno nang spion. Rambute sing dowo semrawut.

“Pingin nginguk sampeyan,” omonge Tarno karo ngelungno tangane tengene, ngajak salaman.

Emake Lastri sing lagek nggendong putune meneng ae. Lek Lastri lara ati karo Tarno, emake luwih maneh. Ora ditampa salame, Tarno narik tangane maneh terus dingge ngusap ponine sing nutupi rai.

“Sampeyan sik lara ati, Mak?”

“Menurutmu?” saure emake Lastri sinis.

“Iyo aku salah. Aku kate njaluk sepuro.”

“Gak penting.”

“Mak…”

Asline ngunu Painem ora tego ndelok raine Tarno. Lastri karo Tarno wis koncoan kaet cilik. Biasa dolanan bareng. Painem wis nganggep Tarno koyo anake dhewe.

“Turu ta iku, Mak?”

Tarno sing wis apal sifate Painem sik ae ngajak omong emake Lastri iku. Painem manthuk. Tarno nyedeki Painem, raine ndengongok nginguk bayi nang gendongane Painem.

“Ganteng.”

***

Ora nang kerjoan, ora nang kantor, Tarno ora iso mandeg mikirno Lastri karo anake.

“Nglamun ae, kesurupan koen ngko.”

Ora ngerti sangkan parane, moro-moro Eko wis nang mburine Tarno.

“Cuk, ngaget-ngageti ae.”

Eko ngguyu jegagakan. Wong lanang konco kerjone Tarno iku seneng ndelok Tarno misuh-misuh, mangkel.

“Lapo? Sik yahmene.”

Ora langsung nyauri, Tarno malah nguyek-uyek rambute.

“Hahahaha, ngerti aku. Lek koyok ngene iki mesti perkoro wedokan hahaha…”

Ora dikongkon, Eko ngeret kursi sing ora adoh soko dheweke ngadeg. Kursi digeret dicedekno Tarno trus dilungguhi.

“Iyo kan? Gak iso mbujuk koen mbek aku.”

Tarno nyawang Eko. Eko ngremeti sak e, nggoleki rokok. Mari ngetokno bungkus rokok soko sak, dilungno nang Tarno.

“Bos lagek metu, sante.”

gambar pinjam tanpa ngomong alias nyomot.
gambar pinjam tanpa ngomong alias nyomot.

***

“Lapo kok nangis ae?”

Dino iki Lastri oleh shif bengi. Mari mulih, anake sing biasane wis merem tibake sik melek. Kaet awan bayi iku rewel ae.

“Awake rodok anget iku, mau gak.”

Painem sing wis kesel nggendong putune ndlujurno sikile nang kasur tipis ngarep tipi. Tangane mijeti sikile dhewe, gantian.

“Iki mau lak gak kenek opo-opo kan, Mak?”

“Gak. Wong yo gak tak kei opo-opo, susumu nang botol thok.”

“Iki rodo semlenget bathuke.”

“Tak jupukno brambang ae ta? Iku mau kate tak kei tapi ngenteni awakmu, ngko mbok seneni aku.”

Lastri sing durung ganti klambi iku ngayun bayine nang gendongan. Bokonge bayine dikabuki alon.

“Nang bidan ae ta, Mak?”

“Jam piro iki? Wis jam sepuluh luwih, sik onok sing bukak ta?”

“Iki mau gelem ngombe?”

“Sithik. Dilepehi ae, ngeget-ngeget. Jajal mikono kono.”

“Wis tak kunci,” omonge Lastri pas emake kate ngadeg.

“Yo wis. Tak tinggal merem diluk.”

“Ho oh.”

Lastri nggendong anake nang kamar. Omah cilik sing dikontrak karo emake mung onok rong kamar. Siji dingge turu, siji dingge nggon klambi karo obrakan. Emake biasa turu nang ngarep tipi. Kadang yo kruntelan wong telu nang kamar.

***

“Pacarmu biyen?”

“Aku wis kenal kaet cilik.”

“Lha trus karepmu yok opo?”

“Embuh, aku yo bingung. Gak tego nontok keadaane saiki.”

“Gak tego opo sik seneng?”

Eko terus ae mburu lek takok. Sing ditakoni ora iso nyauri.

“Saiki areke nang kene?”

“Iyo. Karo emak karo anake.”

“Anakmu?”

“Gak. Anake dhewe.”

“Bojone? Cerai?”

“Mati.”

“Hmmm…kate ngramut rondo iki ceritane?” karo ngomong Eko ngguyu maneh. Wong lanang sing rupane ketok luwih tuwik soko Tarno iku mesam-mesem dhewe.

“Bojomu?”

Ora oleh sauran, Eko nerusno lek ngomong.

“Ati-ati, gak usah kesusu. Aku ancen nakal, seneng wedokan. Tapi lek kon ninggal anak bojo yo gak wani. Ngunu iku mung tak ngge seneng-seneng. Seminggu pisan, sesasi pisan, sak onoke duwit, cek gak bosen hehehe…”

Tarno nyedot rokoke. Rokokan nang kantor ngene mung wani lek bose lungo.

“Gak mburu seneng. Justru mergo aku sakno.”

“Tapi iku guduk tanggung jawabmu. Areke lak kerjo sih?”

“Iyo. Aku ketemu nang TP, SPG.”

“Trus?”

“Areke biyen gak koyok ngunu…”

“Tambah ayu maksude?”

“Gak, iyo…”

“Hahahaha…”

“Iyo tambah ayu, tapi guduk iku maksudku. SPG, sampeyan ngerti kan?”

Saiki ganti Eko sing nyedot rokoke. Wong lanang sing awake rodo lemu iku wis ora mesam-mesem maneh.

“Gak kabeh SPG koyok pikiranmu. Opo maneh iku yo mergo butuh. Areke ayu, sing paling gampang, cepet kerjo yo dadi SPG.”

Eko ngadeg. Diluk maneh wayahe mulih. Wong lanang iku nepuk pundake Tarno.

“Seneng, tresno iku gak salah. Tapi kudu dipikir, anakmu, bojomu.”

“Aku gak tau seneng bojoku.”

Embuh mergo wis kebacut, Tarno malah kebrojolan ngomong. Eko sing mau wis kate ngalih mandeg maneh nang panggone.

“Iku kelemahane wong lanang. Saranku dipikir temenan.”

Mari ngomong, Eko ngalih, mbalik nang mejone dhewe. Tarno sik meneng nang kursine. Rokoke wis entek. Gundule soyo gatel.

“Jancuk!”

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s