Lastri


“Aku pingin nontok rupane.”

Lastri ora obah. Wong wedok iku sik meneng nang nggone. Bayi nang gendongane ora nyuwara.

“Sediluk ae.”

“Aku wis dienteni emak.”

Karo nyauri, Lastri mlaku ngalih. Tarno sing ngadeg nang ngarepe dijarno, dilewati ngunu ae.

“Las…”

Lastri terus ae mlaku. Tas kresek blonjoane mobat-mabit mergo digawa karo setengah mlayu.

“Koen tego, Las.”

"Gadis Sunda" by Basuki Abdullah, Medium: Oil on Canvas, Size: 90cm x 65cm, (Jawa Barat 1951)
“Gadis Sunda” by Basuki Abdullah, Medium: Oil on Canvas, Size: 90cm x 65cm, (Jawa Barat 1951)

***

Sakjoke ora sengojo ketemu Lastri nang mal kapanane iko, Tarno angel turu. Wong lanang iku eling terus rupane Lastri.

“Lastri? Koen nang kene saiki?”

Sing ditakoni ora kalah kaget. Saking kagete, ora iso omong opo-opo.

“Koen lali ambek aku?”

Wong wedok sing jenenge Lastri iku gedheg. Tarno nyawang wong wedok ayu nang ngarepe karo rada ngowoh. Dheweke ora nyangka lek bakal ketemu Lastri.

“Wis suwi nang kene?”

Lastri gedheg maneh. Ora suwi wong wedok iku pamit. Tarno nyawang wong wedok iku soko pucuk rambut nganti sikil. Masio pacakane seje, rupane rada malih mergo atek make up, Tarno yakin iku Lastri, wong wedok sing tau nang uripe.

Ora iso turu, Tarno akhire tangi maneh. Wong lanang iku metu soko kamare. Jam sewelas, meh tengah wengi. Tipi nang ruang tengah disetel masio ora dikei suwara. Bayangane Lastri ora iso ilang soko pikirane, selot genah nang ngarepe. Rokok sing diuripno ora nggarai atine tenang, sewalike selot mumet.

Lastri, saiki dadi SPG nang mall. Ora kaget lek selot ketok ayu. Pacakane apik, resik, wangi. Biyen ora mungkin wong wedok iku nggawe klambi rok endek karo klambi ketat ngunu iku. Ora bakal wani lan ora bakal oleh.

“Jancuk!”

Mangkel ora iso ngilangno pikirane, Tarno misuh-misuh dewe.

***

“Budal sik, Mak.”

“Ho oh, ngati-ati.”

Lastri ngambung pipine anake. Bayi lanang iku klugetan sediluk.

“Ngko ojo lali dikunci lawange, aku wis nggowo serep.”

“Ho oh, mau bengi keturon.”

Lastri budal. Wong wedok umur rong puluhan iku mlaku nang embong ngarep, nyegat bemo.

“Bareng aku ae, kene.”

Lagi mlaku pirang jangkah, Lastri dikagetno karo suwara wong lanang soko mburi.

“Gak, numpak bemo ae.”

“Gratis iki. Wis ta lah kene ae, iki onok helm.”

Lastri gedheg. Anton, wong lanang sing nawani mbarengi ora liyo tukang ojek sing biasa mangkal nang embong ngarep kampung.

“Yo wis lah. Aku dhisik,” pamite karo bablas mlayokno montore maneh.

Mlaku maneh, Lastri dikagetno karo montor liyo sing moro-moro mandeg nang ngarepe.

“Budal kerjo?”

Lastri nyawang wong lanang nang nduwur montor bebek. Helme teropong, ditutupi masker. Rumangsa ora kenal, Lastri nerusno lek mlaku.

“Iki aku, Tarno.”

Mari ngomong, wong lanang iku nyopot helme.

“Bareng aku ae, aku yo kate lewat kono.”

Lastri gedheg. Wis pirang-pirang dino Tarno muter-muter ae. Wong lanang iku nggoleki omahe Lastri, kepingin ngerti. Winginane bengi, Lastri sing mulih soko kerjoan dibuntuti.

“Koen sik mangkel karo aku?”

Lastri terus ae mlaku, ora nyauri. Tarno sing ditinggal mlaku bingung nyeret montore.

“Las…Lastri.”

Ora pingin ditututi, Lastri mlaku cepet-cepet. Nang pinggir embong, tukang ojek sing podho mangkal nawani montore. Masio ngerti lek bakal ditolak, sik ae ojek iku nawani. Lastri ora tau budal kerjo ngojek. Bemo luwih murah. Isin akeh uwong, Tarno ora nututi Lastri nganti embong gede. Wong lanang iku milih ngalih.

***

“Mak, iki aku, Tarno.”

“Ngerti. Lapo?”

Tarno sing ora kasil mbarengi Lastri, milih moro nang omahe wong wedok iku.

“Waras?”

“Yo ngene iki.”

“Saiki manggon nang kene, Mak? Wis suwi?”

Podho karo Lastri, emake yo ora seneng ditekani Tarno. Wong wedok umur meh seket taun iku ngalih ngunu ae. Dijarno Tarno sing ngadeg nang ngarep lawang kontrakane.

“Mak, sepurane. Aku mung pingin…”

“Gak usah ngganggu anakku maneh.”

Tarno ambekan dowo. Ora ono gunane nang kene saiki, pikire Tarno. Masio ora disauri, wong lanang iku akhire pamit. Diusap rambute dowone sing nemplek nang gulu mergo kringetan. Disetater montore terus ngalih.

“Sepurane,” omonge maneh, lirih.

*****

Note: dudu sambungane cerlek wingi, cerito liyo maneh. Lek gak males yo disambung, lek males yo turu ae.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s