CERLEK 5: I


                Seminggu nang omah anyar, Wardiman sak keluarga balik nang Surabaya. Wiji wayahe njupuk ijazah. Sik akeh barang-barang nang omah lawas sing kudu diberesi. Omahe Surabaya wis payu, wis dibayar karo sing nuku. Wardiman njaluk wektu seminggu dingge mberesi sak kabehe.

                “Kok gak ndang budal?”

                Wardiman sing ndelok anak wedoke sik ngenakno nang ngarep tipi komentar.

                “Ngko ae.”

                “Ngenteni kancane ta?”

                “Gak.”

                Wardiman ngalih.

                “Bapak lunga gak? Terno, Pak.”

                Ora biasane anak wedoke iku njaluk diterno sekolah. Biasane bareng kanca-kancane. Wis ora ngantor, Wardiman wis perpisahan karo wong-wong kantor, wong lanang iku aku akhire ngeterno anake. Soyo cedek wayahe pindah, anake soyo ngalem. Paling atine rada gelo, batine Wardiman.

                “Atu melu, Pak!”

              Wardiman karo Wiji wis siap kate budal. Wiji yo wis lungguh nang mburi montore bapak pas adike mlayu saka omah, njaluk melu.

                “Helme ndi?”

                “Gak ucah.”

                “Usah no. Buk, helme Doni ndi?” Wardiman mbengoki bojone.

                Siti metu karo nggawa helm cilik. Wong wedok iku langsung masangno nang gundule anake.

                “Ditutupi cek gak dicakot pithik ngko gundule,” omonge Siti karo mesem.

               Wiji sing krungu mung mecucu. Nang sekolahan kanca-kancane Wiji wis akeh. Arek-arek kelas telu iku seneng mergo wis suwi ora ketemu. Mari ujian, karya wisata, kelas telu diliburno karo ngenteni pengumuman kelulusan. Libur maneh pas ngenteni ijazah metu.

                “Koen kate pindah yo, Ji?”

                Dewi sing wis krungu saka ibuke lek Wiji sak keluarga kate pindah langsung nakoki kancane iku. Ora nyauri, Wiji mung manthuk.

                “Aku dikandani ibukmu tapi gak percaya. Wingi liburan nang omahe nenekku, pas aku balik nang omahmu jare koen lagi lunga.”

                “Sekolah nang ndi?” Dina melu takon.

                “Nang kono.”

                “Kono ndi?”

                “Tak omongono koen yo gak ngerti.”

               Dewi karo Dina sawang-sawangan. Ora mung kanca sekolah, arek telu iku kanca dolan. Opo maneh Dewi, wis suwi tangganan karo Wiji.

                “Jare bapakmu metu saka kerjoane ya?”

                Wiji manthuk.

                “Jare ibuku eman. Wis pegawai negeri kok metu. Gajine pasti, oleh pensiunan.”

                “Yo jare ibumu la’an. Sing ngerti kan bapake Wiji,” Dina nyauri.

                “Lek aku ngunu emoh. Nang ndeso mosok ana mal. Lek bengi peteng, sepi. Jam pitu paling wis padha turu kabeh, makane anake akeh.”

                “Jare sopo wong ndeso anake akeh?”

                Dina karo Dewi malah udur-uduran dhewe.

              “Kene perpisahan dhewe ya, nang TP opo nang Delta ngunu. Mlaku-mlaku, nontok pilem, opo ae lah. Eh ngko poto-poto nang photo box ya?”

                “Koen iki kancane sedih malah mikir poto-poto,” Dina ngandani.

                “Yo.”

               Akhire Wiji nyauri. Arek wedok iku wingi wis tenang ning ketemu kancane maneh nggarai mikir opo suk iso oleh kanca maneh. Kancane bakal anyar kabeh.

                “Eh koen ditakonno Ari lho mau. Areke pingin ngerti koen daftar sekolah nang ndi.”

                “Nggaya arek iku. Lapo takon-takon barang, kaya lek ngerti iso nututi ae.”

                “Iyo sih, wong nilaine elek jare ya.”

                Kesel ngrungokno kancane ngobrol ora jelas, Wiji sing lungguh nang bangkune lanmgsung ngadeg.

                “Kate nang ndi?”

                “Kantin. Luwe.”

                Nang kantin rame arek-arek sing padha mangan. Sing ora mangan luwih rame maneh.

                “Wou…iku areke nang kantin sisan.”

                Dina nduduhi lek ana Ari nang kantin. Areke lagek ngumpul karo kanca-kanca lanange.

                “Jenenge ae Ari, sok ganteng. Rupane mbladus kaya keset.”

                “Opo maneh gayane. Mbencekno.”

                “Mangan gak?”

                Wiji sing risih kanca sik rasan-rasan ae malih mangkel. Dewi karo Dina mesem, cengengesan.

               “Tapi lek awakmu seneng gak popo, Ji. Yo ancen ngunu sih modele, mbencekno ya, Din, tapi yo gak popo. Be’e mung modele thok asline gak.”

                “Ho oh, lek disawang-sawang yo gak mbladus nemen kok. Dikorahi sithik ae lak yo lumayan,” Dina nambahi.

                “Aku luwe,” omonge Wiji rada banter.

             Dewi karo Dina cengengesan maneh. Saka adohan Ari ngliriki. Arek lanang iku wis krungu kabar lek Wiji bakal lunga saka Surabaya. Wis dipikir-pikir, masio bakal adohan, Ari pingin Wiji ngerti perasaane. Arek sing gurung suwi sunat iku wis yakin karo keputusane.

                “Ji, iku mau Ari jare pingin dolen nang omahmu.”

Omahe apik! foto dari gambarrumahh.com
Omahe apik! foto dari gambarrumahh.com

               Pas mulih, Dewi ngomong nang Wiji. Arek wedok iku mau dicedeki Ari. Ari njaluk tulung nang Dewi kon ngomongno lek dheweke pingin dolan nang omahe Wiji.

                “Kate lapo? Omahku repot, kate pindahan.”

                “Mbuh, mung kon ngomongno ngunu. Pingin ketemu, pingin ngomong paling.”

                “Emoh, aku repot.”

                “Yo ngko tak omongi areke. Sakno sih sakjane.”

                Wiji menteleng. Dewi mesem. Nang omahe Wiji wis meh kabeh kosong. Barang-barang sik kate digawa pindahan wis dilebokno nang kardus. Sing kate didol yo wis dipinggirno dhewe-dhewe. Ibuke, Siti, lagek omong-omongan karo bakul rongsokan.

                Wiji ambekan dawa. Dewi pamit bablas mulih.

                “Iki wis ibuk pilihi, tontoken ana sing sik mbok gawe gak?”

                “Gak.”

                Mari teka Surabaya wingi, Wiji wis milihi barange. Sak tas, ora akeh sing bakal digawa. Klambine yo wis akeh sing mlebu kardus. Beres-beres rong dina cukup. Mari urusane beres kabeh, Wardiman ngajak anak bojone pamitan nang tangga-tangga. Kaet isuk Wiji karo Doni diajak mubeng. Bengi, wayahe mangan, Siti wis ora masak maneh. Sesuk wis pindahan. Perkakas masake wis diadahi kabeh.

                “Enak.”

                Doni ndilati bumbu sate sing dipangan. Siti mesem ndelok polahe anake.

                “Sopo buk kae, kok ana sing dodok-dodok ketoke?”

                Siti ngadeg, ndelok nang nagrep. Ora suwi wong wedok iku mbalik maneh.

                “Ana kancane kae,” Siti ngomong nang anake wedok.

                “Sopo?”

                “Gak ngerti. Gurung tau rene.”

                Aras-arasen Wiji ngadeg. Asline ngunu pingin kon ngomongno ora ana, ning mesti malah diceramahi.

                “Lapo?”

                Ora atek hahahihi, Wiji langsung nembak. Sing ditakoni malah cengengesan.

                “Anu…”

                Tibake Ari kancane sekolah sing mara.

                “Anu opo?”

                Ari clingukan, wedi lek ana wong tuwane Wiji, wedi lek dirungokno.

                “Ayo metu.”

                “Gah.”

                Ari mesem maneh.

                “Sediluk ae, nang ngarep.”

                “Kene ae.”

                Batine Ari isin lek bapak ibuke Wiji krungu opo sing bakal diomongno, ning Wiji ora gelem dijak metu.

                “Aku sayang koen.”

                “Aku gak.”

                Ari wis siap saka omah. Ditrimo opo ora, arek lanang iku wis tekad kate ngomong. Nekad. Ora suwi arek lanang iku pamit mulih.

                “Mosok yo kaya ngunu lek nyauri,” Siti langsung komentar pas anake mbalik kate nerusno lek mangan.

                “Bah.”
“Iyo, sik cilik. Sekolah dhisik sing nggenah, suk lek wis gedhe oleh pacaran,” ganti Wardiman sing ngomong.

                “Yo gak kudu diiyani, tapi kan iso luwih apik lek nyauri.”

                Wardiman mesem. Doni ora melu-melu, arek lanang iku sik keciliken ngge ngerti omongane wong tuwa.

                “Mangan sate ae enak,” omonge Wiji karo mangap amba, nglebokno sate nang lambene.

***

2 thoughts on “CERLEK 5: I

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s