CERLEK 4: R


“Wis pamit kancane?”

Wiji gedheg.

“Yo pamit dhisik, mosok yo langsung lunga ngunu.”

“Kan sik mbalik maneh.”

“Iyo, tapi ngko lek Dewi opo Dina nggoleki, ngajak dolen?”

“Gak.”

Wardiman nyawang anake terus nyawang bojone. Dina iki Wardiman kate budal nang Blitar, ndelok omah sing bakal dingoni keluargane.

“Yo wis gek budal, ngko Doni selak eruh,” omonge Siti.

Wardiman karo Wiji budal nang stasiun numpak montor. Wong loro iku numpak rencane kate numpak sepur sing isuk dhewe, tibake Wiji angel ditangekno. Doni wis dolan. Arek cilik iku sengojo ora dijak, ora dikandani cek ora melu.

Limang jam nang njero sepur Wiji mung nglamun karo wira-wiri. Wardiman meneng ae ndelok anake. Dheweke ngerti anake iku lagi ora penak atine. Abot ninggal omahe nang Surabaya, abot ninggal kanca-kancane.

Bokong rasane dadi tipis pas Wiji karo Wardiman tekan stasiun Blitar. Wong loro iku mlaku sithik, nyegat angkutan umum. Ora nang kuthone, bakal omahe Wardiman rada mlebu. Pas karo sing dipingine Wardiman. Wong lanang mantan pegawai iku pingin dadi tani karo bakulan ae.

“Ngapunten, Pak, tasih teng lepen niki wau. Pun dangu?”

“Dereng.”

“Niki putrine?”

“Nggih.”

Wiji ngelungno tangane nang wong lanang sing diceluk Pak Warsi karo bapake iku

“Kelas pinten?

“Tigo.”

Pak Eko manthuk-manthuk. Wong lanang umur seketan taun iku ngajak Wiji karo bapake mampir nang omahe ning bapake Wiji ora gelem ngrepoti. Wardiman pingin langsung ndelok omahe.

“Nggih ngeten niki, Pak.”

Wardiman mlebu kamar siji-siji. Kabeh ruangan dideloki nganti mburitan. Pawone amba. Jedinge nang njaba ning sik resik. Sumure banyune yo resik.

“Toyane lancar nggih, Pak?”

“Wou nggih, pun khawatir. Ndek wingi nggih sampun kulo resiki, ning omah lawas nggih ngeten niki wontene. Tapi sedoyo tasih kiat, kayune sae niki, jati asli.”

“Listrik?”

“Niki,” Pak Eko nyedeki saklar terus dijeglekno.

“450 niki, mengke lek kirang saget digantos, lapor PLN.”

“Pun cekap.”

Ora patio dong opo sing diomongno bapake karo Pak Warsi, Wiji milih mlaku-mlaku dhewe. Arek wedok iku ngubengi omah sing pinggire dipageri karo tanduran iku. Mburi omah, ono kolam iwak cilik.

Wit pelem nang ngarep omah. Wit jambu nang cedek sumur. Masio nang ndeso, omah iki ketok lawas dhewe. Sebelah-sebelahe omahe wis gedong, tembokan kabeh. Bakal omahe Wiji separo sik kayu. Pawone yo mung gedhek.

Ora let suwi ono wong wedok sak umurane ibuke mara. Wong wedok iku bojone Pak Warsi, sing nduwe omah. Bu Warsi mara karo nggawakno teh.

“Mboten teng ndalem rumiyin, Pak, ngaso-ngaso.”

“Nggih, matur nuwun. Niki rencananipun nggih langsung ajenge nginep mriki. Pun saget nggih, Pak?”

“Saget. Serat-seratipun nggih sampun kulo urus. Mbenjang enjing teng kelurahan pun janjian kalihan Pak Lurah.”

“Tasih dereng wonten kasure, niku putrine mengke pripun lek bobok?”

Ngerti jenenge disebut, Wiji mung mesem. Wardiman njelasno nang Pak Warsi karo bojone lek wis nggawa gawan ngge persiapan nginep. Wong lanang iku yo ngomong lek bakal nginep kono nganti urusan surat-surate beres kabeh.

Tibake ngurus surat-surat lemah ora iso cepet. Masio wis padha cocoke ning ono ae urusane karo administrasi. Akhire Wardiman ngebel bojone nang Surabaya lewat tanggane. Siti dikongkon nyusul nang Blitar karo Doni.

gambare pithik saka http://peternakan.umm.ac.id
gambare pithik saka http://peternakan.umm.ac.id

“Sampeyan nggak mbalik temenan?”

Wiji gedheg.

“Lek sampeyan mbalik ngko bapak ngebel bapake Dewi cek sampeyan iso nginep omahe opo dikancani nang omah.”

“Gak usah. Ibuk mene lak rene karo Doni?”

“Iyo tapi kan sampeyan sik libur, be’e pingin dolen karo kancane.”

“Gak.”

Ora mung ngresiki karo mbenak-mbenakno diewangi tukang, Wardiman yo wis golek-golek perkakas. Ora tuku anyar, wong lanang iku milih nang pasar nggolek barang-barang bekas.

Kasur yo wis tuku telu, pas karo jumlahe kamar. Dheweke karo bojone, Doni siji, Wiji siji. Masio sik cilik ning Doni anak lanang, wis wayahe anake iku turu dhewe pisah ibu bapake. Ning pikire yo ora mungkin didadekno siji karo anake wedok.

“Aku sing mburi, Pak.”

“Ho oh, Doni sing tengah dadi lek bengi lapo-lapo krungu.”

Wiji nata kamare, masio perkakase sik akeh sing durung digawa.

“Pak…”

“Opo?”

“Perkakase nang omah diusungi rene kabeh?”

“Gak, sing penting-penting ae. Liyane diwehno uwong opo didol sing sik payu.”

Wiji mikir. Panggon anyar, arek wedok iku pingin mulai urip anyar. Lek wingi rada lara atine, saiki wis rada penak. Dheweke yo mikir, gelem ora gelem yo mesti pindah dadi ora ana gunane mangkel.

“Pak, mburi iku suk diisi iwak ya.”

“Ho oh, dibenakno dhisik. Bocor iku jare Pak Warsi.”

“Iwak Mas ya, Pak?”

“Ho oh, karo Nila cek iso dingge lawuh.”

Wiji mesem. Mbayangno nduwe kolam iwak arek wedok iku wis seneng. Nang Surabaya omahe sempit. Ojo’o dikei kolam, pekarangan ae ora nduwe. Pot kembang yo mung iso siji loro saking sempite.

Jam 12 awan sesuke, Siti karo Doni teka. Wong wedok iku nggawa tas gedhe. Wis dipeseni bojone lek omahe wis pitung puluh persen siap. Garek ngenteni surat-surat karo mbenakno sithik-sithik plus nata.

“Atu dolen.”

“Kate dolen nang ndi? Gurung ono kanca.”

“Jarno, cek golek kanca. Iku Wiji nang kene wis pirang dina gurung metu, mung melu metu lek golek panganan.”

“Iku adike dikancani,” omonge Siti nang Wiji.

Arek wedok iku mecucu sediluk ning yo budal. Doni wis playon. Arek lanang iku kesenengen. Durung tau eruh omah-omah pekarangane amba, akeh uwit.

“Ketoke mung ngenteni ijazahe Wiji metu terus langsung pindah.”

“Iyo, Pak. Lha areke yok opo?”

“Tak delok seneng-seneng ae, tapi yo mbuh njero atine. Wong meneng ae, gak tau ngomongno.”

“Wingi kancane mara omah, nggoleki.”

“Yo suk dipamiti siji-siji. Karo siji, buk, gawe selametan nang kene. Kudu disiapno masio cilik-cilikan, sisan kenalan karo tangga-tangga.”

“Ho oh.”

Wong lanang wedok iku mesem. Kaet biyen pingin kaya ngene, urip nang ndeso golek ketenangan.

“Dikandani kok, salahmu dhewe.”

Wiji nggendong adike mulih. Doni nang gendongane luh e dleweran.

“Lapo?”

“Dicakot pithik,” saure Wiji.

Siti karo Wardiman mesem krungu saurane anake. Siti nyandak anak lanange. Doni nduduhno sikile nang ibuke.

 “Wis kate SMA mosok gak ngerti. Ana ta pithik nyakot uwong,” omonge Wardiman.

Wiji mecucu. Pas lagek mlaku-mlaku Doni ndelok pithik babon karo anak-anake. Doni sing kesenengen pingin nyekel. Jelase langsung dikabruk karo babone.

“Makane lek dolen ki adus dhisik, cek gak dicakot pithik,” omonge Wiji nang anake.

Wardiman mesem. Wiji saya mecucu.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s