Cerlek 3: E


“Buk, aku melu bapak ya.”

Siti ora nyauri. Wong wedok iku sik umek karo masakane.

“Buk…”

“Bapak ki gak dolen rono iku, kate nontok omah karo ngresiki…”

“Lha iyo, ngko tak ewangi.”

Wiji sik ae ngeyel.

“Ngewangi opo? Wong saiki ae onok wong repot ngene meneng ae ngunu.”

Wiji nyawang ibuke. Sing disawang meneng ae, nerusno lek ngresiki bumbu.

“Aku kan gak iso masak. Lek resik-resik iso.”

“Lek gak blajar yo kabeh ae gak onok sing iso opo-opo.”

Wiji mecucu.

“Yo kene ewangi ngonceki brambang opo mithili lombok, ngko tak ngomong bapakmu.”

Krungu saurane ibuke, Wiji langsung mesem. Arek wedok iku seneng. Bapake gampang, sing penting ibuke wis setuju.

“Wis kate SMA, mosok sik gurung iso masak. Paling gak yo iso goreng-goreng, gawe sambel. Dadi wong wedok masio kate dadi opo ae yo kudu iso masak. Lek gak onok wong dodol panganan kan iso gawe dhewe.”

Pokok wis diiyani, diceramahi opo ae Wiji manut. Ora masalah, penting iso melu bapake. Sakjane ngunu yo bukane ora pingin ngewangi masak ibuke, ning ben dina sekolah budal isuk-isuk. Libur Minggu yo wis aras-arasen, pingine dolan opo leyeh-leyeh.

“Adikmu nang ndi?”

“Dolen.”

“Lek karo adike sing akur. Adik mung siji ae kok yo kaya kucing karo tikus.”

Wiji nyebek.

“Tak tinggal wani nggoreng pithik gak?”

Wiji nyawang ibuke, terus nyawang kompor.

“Gak popo, pokok gak diuncalno. Iki mau lali kate mbayar arisan. Lha opo koen sing mbayar nang Bu Ismi?”

Wiji gedheg. Tanggane sing jenenge Bu Ismi cerewete ora ketulungan. Wiji paling males karo tanggane sing siji iku. Senengane mbanggak-mbanggakno anake Risma sing yo adik sekolahe Wiji nang SMP.

“Emoh, ibuk ae. Cemplungno sik, ngko aku sing ngangkat.”

“Yo gak kabeh, loro opo telu-telu.”

“Lha iyo, ibuk lebokno sik nang wajan, ngko aku sing nunggoni. Sampeyan ojo suwi-suwi.”

“Yo. Tapi lek wis coklat diangkat sik lho ya, ojo ngenteni aku.”

Wiji manthuk, masio nang njero ati rada ndredeg. Arek wedok iku nyawang ibuke sing nglebokno pithik nang wajan. Jenenge pithik lek digoreng mbledos-mbledos.

“Wis tak tinggal sik, ojo ditinggal. Gosong ngko.”

SONY DSC

Ditinggal ibuke nang omahe tanggane, Wiji lungguh meneng nunggoni pithike mateng. Sediluk-diluk diinguk wajane. Jenenge wong wedok, lek wis nonggo ora iso sediluk. Ibuke Wiji ora mbalik-mbalik. Pithike wis kudu diangkat, meh gosong. Wiji nyandak serok, ngangkat pithik alon-alon.

“Gusti Allah,” bengoke.

Mari ngangkat, Wiji kudu nglebokno maneh. Arek wedok iku njupuk ambekan sediluk.

“Bapak!”

Pithik nang tanggane wis nyemplung siji nang wajan. Ning mergo diuncalno, minyake malah nyiprat tekan ndi-ndi, ngenei tangane.

Wardiman sing mau nang njero kamar, krungu anake mbengok langsung mlayu nang pawon.

“Lapo?”

“Pithike mbledos,” omonge Wiji karo ngelus-elus tangane sing kenek minyak panas.

Wardiman nyandak mangkuk adah pithik. Dilebokno pithike siji-siji nang wajan.

“Gak popo tangane?” takone nang anake.

“Panas.”

Wardiman nyekel tangane anake, abang. Wiji dikongkon lungguh. Wardiman mlebu jeding, njupuk odol.

“Enak?” takone karo ngolesno odol nang tangane anake sing kecipratan minyak mau.

“Adem.”

“Ibukmu nang ndi?”

“Mbayar arisan.”

Wardiman lungguh nang sandinge anake. Rupane ketok ngantuk. Kaet isuk awake rada ora penak, makane ora ngalih saka kamar.

“Bapak sakit ta?”

“Gak.”

Siti teka. Wong wedok iku kaget ndelok bojone karo anake nang pawon meneng-menengan. Didelok Wiji sing sik nyekeli tangane.

“Mesti diuncalno iku mau.”

Wiji mecucu.

“Aku tak ngletak maneh ya,” Wardiman pamit nang bojone.

Siti nyawang bojone sediluk terus ngomong nang anake.

“Adikmu kon mulih, gurung adus iku mau.”

Ora nyauri, Wiji langsung ngadeg nggoleki Doni.

“Aku paha!”

Wiji nyebek. Arek loro iku wis resik kabeh, mari adus.

“Siji-siji, ana loro iki pahane.”

“Ngge ngko,” Doni sik protes.

“Ngko atek dada iki, enak.”

Doni gedheg. Lek wis ngunu Wiji kudu ngalah. Karo nyebeki adike arek wedok iku njupuk swiwi. Ndelok mbake ngalah, Doni mesem. Wiji ora seneng dada, sing disenengi paha padha karo adike. Ning mergo meski kalah akhire sing dijupuk swiwi.

“Bapak nggak maem?”

Wardiman sing ketok aras-arasen durung nyandak opo-opo. Siti njupuk piring, ngisi sego terus dikekno bojone.

“Mangan sambel, Pak, cek kemringet. Ojo dituruti lambe pait, sing penting dileboni panganan.”

Wardiman manthuk. Wiji nglirik bapake. Wong lanang iku ketok kuyu, ora kaya biasane.

“Wedang jahe gelem?”

“Banyu anget karo madu ae, Buk. Sik ono madune?”

“Ono. Sik, tak gawekno.”

“Ngko ae, mari maem. Maem kabeh sik.”

Ora sida ngalih, Siti melu lungguh terus mangan. Mari mangan wong wedok iku kate korah-korah piring gelas ning ora oleh karo Wiji. Ibuke dikongkon nggawekno wedang madu dingge bapake. Gelas piring dheweke sing ngorahi.

“Adike dijak dolen kono, ojo ngrameni nang omah.”

Wiji sing lagek nonton tipi ndongak sediluk ndelok ibuke. Ora suwi arek iku nyawang ibuke maneh.

“Ibuk kate lungo nang ndi?”

“Sopo sing kate lunga. Nang omah ae, wong bapake lara ngunu kok.”

Doni sing krungu omongan lunga langsung neleh montor-montorane.

“Melu.”

“Gak, ibuk nang omah. Sampeyan dolen karo mbak kono, bapak lagek mumet kae.”

“Kok sampeyan macak?” Wiji sik takon ae.

“Macak opo? Wong ancen mari adus yo sik wangi.

Wiji nyawang ibuke maneh. Masio ancen mari adus ning ibuke Wiji ketok kaya wong kate lunga. Klambine resik, macake resik, masio klambi sing digawe daster biasa.

“Wong yo dasteran ngene lho,” omonge ibuke Wiji.

“Don, ojo rame. Dolen karo kancamu kono,” omonge Wiji nang adike karo nglirihno tipine.

Doni mecucu. Wiji gedheg-gedheg. Wong wedok iku mlebu kamar terus metu maneh ora let suwi.

“Tumbas es kono karo mbak,” omonge Siti karo ngelungno duwit nang anake.

Ngerti dikei duwit, Doni langsung ngguya-ngguyu. Arek cilik iku nyeret mbake, dijak tuku jajan.

“Ibuk kate nang ndi?” Wiji sik ngeyel takon.

“Ngancani bapak turu. Ngko adike dijak dolen ae, cek gak ngrameni nang omah.”

“Ayo, mbak,” omonge Doni karo sik nyeret lengene mbake.

“Kok macak ayu.”

Siti ambekan dawa.

“Suk lek wis gedhe yo bakal ngerti dhewe. Kono gek ndang diterno adike.”

Mari ngomong ngunu Siti mlebu nang kamar. Doni sing wis ora kanten pingin ndang njajan terus ae nyeret mbakyune.

“Iyo-iyo, sabar. Malah tibo ngko,” omonge Wiji nang adike.

Nang njero ati arek wedok iku mikir opo sing diomongno ibuke.

Onok sambungane….

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s