Cerlek 2: C


“Pak, tangi. Anake dipapak kono.”

Siti ngoglek-onglek lengene bojone sing sik merem. Wong wedok iku isuk-isuk wis tangi. Mari shubuhan, wong wedok iku nggodhog banyu dingge wedang bojone.

“Pak, nesu kae ngko lek telat mapake.”

“Jam piro iki?”

Wardiman ngucek-ucek matane. Sik ngantuk, wong lanang sing turu ora klamben, mung sarungan iku ora ndang tangi.

“Wis jam lima. Jare wingi budale tengah wengi ko Jogja, lak wis jam’e iki.”

“Gurung. Numpak bis iku luwih suwi, gurung macete. Paling ngko jam pituan.”

Siti gedheg-gedheg. Lek wis turu ngunu iku bojone paling angel ditangekno. Sakjane yo ora popo wong yo sik isuk, ning anake wedok wayahe mulih saka wisata.

“Pak, iki aku kate nang pasar. Ngko lek tak tinggal sampeyan bablas turu, lali mapak anakmu.”

Krungu omongane bojone, eling lek kudu njaga perasaan anake, Wardiman tangi.

“Yo, tak raup sik. Tak terno pisan nang pasar, tapi ngko mulih dhewe.”

“Ho oh.”

Doni sik merem. Arek lanang iku sik ngenakno lek ngipi. Wardiman mbenakno gundule anak lanange sing miring.

“Bu, tuku pitik, lele, cucur meduro, onde-onde…”

“Iyo.”

“Kemangi ojo lali, sing akeh.”

“Ho oh.”

“Doni ditukokno dhewe, ojo oleh ngrusuhi mbakyune. Ngamuk kae ngko.”

“Ho oh. Wis gek dipapak kono.”

Wardiman nampani helm saka bojone. Wong lanang iku langsung nyetater montore, budal nang sekolahane anake.

“Suwiiiiiiiiiiiii…”

“He…he…he…ngeterno ibumu nang pasar sik.”

“Selak ngantuk.”

“Ho oh, iki langsung mulih.”

Nang sekolahan Wiji wis ngenteni bapake suwi. Jam lima mau bis e wis nyampek Surabaya.

“Wis maem?” takone Wardiman nang anake.

“Yo gurung lah,” saure Wiji karo mecucu.

“Sego padang gelem?”

Wiji manthuk, masio lambene sik mecucu. Ora langsung mulih, wong loro iku mampir nang warung sego padang cedek sekolahane Wiji.

“Apik?”

“Apane?”

Karo mangan, Wardiman nakoni anake. Sing ditakoni mergo luwe karo kesel sik ora penak saurane.

“Jogja.”

“Yo ngunu kae. Bapak kan yo wis tau rono.”

“Kan jaman mbiyen. Saiki lak beda mestine.”

“Rame, padha ae karo kene. Malah mumet ndasku.”

Wardiman mesem. Anake wedok iku ketok nggemesno. Rupane sing sik durung kenek banyu iku ketok ngantuk, kesel, mangkel. Kringet ndrodos nang pipine, kepedesen mangan sego padang.

“Yo mari ngene adus trus turu, cek ilang kesele.”

“Pak, aku mlebu SMA 2 ya?”

Deg. Jantunge Wardiman rasane lugur. Wong lanang iku mung manthuk karo nerusno lek mangan.

“Pak…”

“Sekolah nang ndi padha ae, sing penting sregep.”

“Lha iyo, lek nilaiku apik aku mlebu Smada ae.”

“Ana pacarmu ta?”

“Bapak ki!”

“Gak…gak, guyon. Yo ngko diomongno karo ibumu.”

Mari ngentekno panganane wong loro iku mulih. Nang omah Siti lagi masak. Doni wis tangi.

                “Jajantu ndi, Mbak?”

“Gak tuku jajan.”

Doni mecucu. Siti nyawang bojone.

“Kae lho, jajane wis ditukokno ibu,” Wardiman nyauri.

Masio sambat ngantuk, Wiji ora langsung turu. Arek wedok iku mbukak tas, ngetokno isine. Lek kancane mulih tas e tambah loro, telu, Wiji pancet siji ransele.

“Nyoh.”

Wiji ngelungno blangkon cilik dingge adike. Doni nyawang, ora ngerti.

“Blangkon iki jenenge, dingge gundulmu iku lho.”

Wardiman mesem ndelok anake loro iku. Blangkon nang tangane Doni dijupuk terus dipasangno nang gundule anake.

“Ngganteng,” omonge.

“Apik tho?”

Doni mlayu, nggolek kaca. Arek lanang iku mesem ndelok rupane nang kaca.

“Kei iki tambah apik.”

Wardiman ngelungno kacamata ireng nang anake sing langsung ditampani karo Doni.

“Wis meh mateng iki, adus kono sik gek maem.”

“Sik wareg, ngko ae,” saure Wiji.

“Iku mau wis keluwen, tak jak mampir nang sego padang.”

“Yo adus kono gek turu.”

Wiji ora obah. Arek wedok iku sik ngenakno lungguh nang ngarep tipi.

“Buk, aku nang Smada ya?”

Siti nyawang bojone. Sik kaet teka ngene lek mbahas sekolah malah saya angel ngko ngomongine.

“Adus kono sik,” omonge Siti.

“Cek seger iku awake, kecut ngunu yoan,” ganti Wardiman sing ngomong.

Mari Wiji mlebu jeding, Wardiman bisik-bisik karo bojone. Wong loro iku ngerti lek ora bakal gampang ngomong nang anake bab pindahan. Wardiman wis ngirim surat nang Dinas Kepegawaian, nang atasane, pendeke wis pamitan. Omah sing ditawani kancane yo wis diiyani. Mung perkara wektu ae. Mesisan pas Wiji wayahe golek sekolahan, sisan pindah saka Surabaya.

Masalah penggawean Wardiman wis sepakat karo bojone. Dheweke pingin njajal dodolan. Urip nang kampung, dheweke pingin luwih tenang karo keluargane. Adoh saka polusi, golek banda sing luwih berkah.

Bengi, Wardiman ngenteni Doni turu. Doni sik cilik, gampang ae lek ngrayu. Gampang lali lan gampang nyesuekno. Sing rada angel anake sing mbarep, wis ABG, kancane wis akeh. Masio ora pertama iki pindah ning biasane yo sik nang kutho.

“Wes maem?”

Wiji manthuk. Arek wedok iku lungguh nang ngarep tipi. Sedinoan turu, marekno kesele. Siti melu nyedek, wong wedok iku wis siap. Ndelok ibuke nyanding, Wiji langsung nelehno gundule nang pangkon. Siti ngelus-elus rambute anake sing mung sak pundak iku.

Wardiman dehem. Rasane luwih abot timbang ngomong nang atasane.

“Bapak kate pindah…”

Wardiman sing lungguh nang sebelahe Wiji mulai ngomong. Wiji mbuh ora krungu, mbuh ora nggatekno mung meneng ae, nyawang tipi.

“Bapak saiki guduk pegawai maneh.”

“Yo gak popo.”

“Gak isin?” takone Wardiman.

“Lha lapo isin?”

Ditakoni ganti karo anake Wardiman malah bingung. Akhire mung mesem.

“Bapak kate mulih nang kampung…”

“Bapak saiki gak dadi pegawai maneh, wis metu. Bapak yo wis tuku omah nang Blitar. Lek urusane wis beres kabeh, kene melu pindah.”

Siti melu njelasno nang anake. Tangane sik ngelus-elus rambute Wiji. Wiji angop. Arek wedok iku ora nyauri opo-opo, nggarai wong tuwane saya bingung.

“Sampeyan sekolah nang Blitar, gak nang kene. Ibu gak gelem lek sampeyan sekolah dhewe nang kene, gak ana sing njaga.”

“Ngko lek wis lulus SMA, lek bapak nduwe rejeki yo sampeyan iso kuliah. Kuliah nang kene gak popo, kan wis gedhe. Oleh, ngekos dhewe,” Diman nambahi.

“Lek gak nduwe rejeki?” Wiji akhire gelem omong.

“Yo digolekno, sik suwi, telung taun. Iso lumpuk-lumpuk.”

Wiji meneng maneh. Matane terus nyawang tipi ning saiki rasane rada pedes. Siti nyawang bojone. Wong wedok iku melu bingung. Siti karo Wardiman wis mbayangno kaet wingi-wingi lek anak wedoke iku bakal ngamuk lek ngerti kate pindah, ning saiki malah meneng ae.

“Nduk…”

“Kapan?” takone Wiji.

“Apane?” Diman ganti takon.

“Pindahe.”

Wardiman nyawang bojone.

“Bapak wis ngurus kabeh, garek ngenteni pengumuman sekolahmu,” Siti njelasno nang anake.

“Tapi bapak budal dhisik, ngko sampeyan, ibuk karo Doni nyusul. Bapak ngurus omah kono sik, nepakno cek sampeyan garek manggon ae,” ganti Wardiman sing ngomong.

“Aku melu.”

“Melu nang ndi?”

“Melu bapak ngurus omah.”

Siti karo Wardiman sawang-sawangan.

“Aku lho libur, ndok kene yo gak lapo-lapo.”

“Gak dolen karo kancane?”

“Gak.”

Siti ambekan dawa, ngunu uga Wardiman. Wong loro iku kaget karo reaksine anake sing ora kaya bayangane. Masio lego ning rasane pancet abot, saya ora penak karo anake. Wiji sik turu nang pangkone ibuke. Matane saya pedes nyawang tipi. Ora krasa luh netes nang pipine.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s