Cerlek 1: Purwa


“Aku manut sampeyan, Pak. Sampeyan sing luwih ngerti apike yok opo.”

“Yakin awakmu gak popo?”

Siti ambekan dawa. Wong wedok iku lungguh, nyanding bojone.

“Tugasku ndampingi sampeyan, ngramut anak-anake dhewe. Sampeyan sopire, aku percaya sampeyan.”

Ganti Wardiman sing ambekan dawa. Pegawai kelurahan iku kaet ae mulih saka kantore. Sepuluh taun luwih ngabdi dadi pegawai pemerintah, wis ngrasakno urip pindah-pindah kuta, wong lanang iku ngrasa wis ora cocok maneh.

“Arek-arek yok opo?”

“Yo paling nesu, anakmu sing mbarep kae. Kudu ninggal kanca-kancane, sekolahe, tapi ngko suwi-suwi lak mari dhewe.”

Wardiman wis tekad, pingin golek penguripan liya. Dadi pegawai jare uwong-uwong penak, gaji wis mesti olehe. Beras yo oleh jatah. Diajeni uwong, priyayi jare. Ora kabeh ngerti, Wardiman wis suwi ora betah kudu ndelok opo-opo sing ora cocok nang atine, pikirane.

“Anakmu wedok jatahmu sing ngomong yo, Bu? Aku gak tega.”

“Iyo. Wis gak usah dipikir, saiki siap-siap ae urusane diberesi.”

“Ho oh. Aku wis takon-takon kancaku, jare ana lemah didol. Wis ana omahe, gak amba tapi cukup ngge kene wong papat. Sing aku seneng, platarane lumayan amba, ana wit pelem karo jambune.”

“Ojo lali pawone, Pak, iku yo penting.”

“Tenang ae, ngko tak gawekno sing tepak, iso mbok ngge bal-balan.”

Siti ngadeg. Wong wedok iku mesem nang bojone. Ndelok eseme bojone, Wardiman saya yakin karo pilihane. Duwe pengawean, jabatan, ning lek atine ora tenang yo ora ana gunane.

(fotone silihan)
(fotone silihan, anggep ae iki kampung sing kate ditinggali Wardiman sak keluarga)

“Oh iyo, anake kapan mulih?”

“Mene.”

“Masak sing enak, Bu, sing akeh.”

“Iyo.”

Siti karo Wardiman wis nem belas taun omah-omah. Wong lanang wedok iku duwe anak loro, wedok karo lanang. Anake sing mbarep, umur limolas taun, saiki lagi wisata karo kanca sekolahe nang Yogyakarta. Arek wedok kelas telu SMP iku wisata bareng sak angkatan mari Ujian Nasional.

Anak keloro, lanang, sik umur patang taun. Arek lemu ginuk-ginuk iku dijenengi Doni. Seje karo mbakyune sing sawo mateng, kulite Doni kuning kaya ibuke. Matane amba, blalak-blalak. Masio umure beda adoh, Doni karo mbakyune kerep tukaran. Mbakyune sing wis ABG iku kerep gemes, kadang yo melek, pingin kaya adike sing bagus rupane.

“Doni nang ndi?”

“Paling sepedaan karo kanca-kancane nang lapangan.”

“Tak susule.”

Ora mung mergo bagus rupane, tingkahe Doni sing durung sekolah iku ancen nggemesno. Ora kaget lek akeh sing sayang.

Nang panggon liya, Wiji karo kanca-kancane lagi mlaku-mlaku nang Malioboro. Saya sore Malioboro saya rame. Kanca-kancane Wiji padha umek golek pernak-pernik dingge oleh-oleh wong omah.

“Koen gak tuku kaos ta?”

Gak.”

Gak tuku bakpia?”

Gak, males.”

“Yo wis, ewangi nggawa kaanku ya, abot.”

Dewi ngelungno tas kresek gedhe nang Wiji. Arek wedok kanca sak bangkune Wiji iku ketok repot karo gawanane. Wiji nampani kresek karo rada mecucu.

“Kaya kate minggat ae,” omele.

“Yo iki titipane ibuku, gurung tanteku. Mari ngene kancani golek daster ya, aku gak iso nawar.”

“Aku opo yo iso.”

“Yo pokoke kancani ae.”

Dewi, Wiji karo kanca-kanca liyane dikei wektu sore nganti bengi dingge golek oleh-oleh. Sak durunge arek-arek SMP iku mau wis nang Borobudur, Parangtritis, Museum Jogja Kembali karo Keraton Yogyakarta. Tengah wengi ngko rombongan saka sekolahane Wiji budal mulih Surabaya.

“Jam piro sih iki?” takone Dewi.

“Papat.”

“Sik suwi.”

Gak, ngko mari magrib kan kene nang Alun-Alun Kidul,” saut kanca liyane. “Ndi oleh-olehmu, Ji?”

“Gak tuku opo-opo arek iki, padahal yo disangoni ibuke,” Dewi sing nyauri.

“Males, abot. Nang omah yo iso tuku.”

“Yo beda yo.”

Wiji ora nyauri. Sakjane pingin nukokno adike oleh-oleh tapi durung nemu. Arek wedok iku mumet ndelok uwong sakmunu akehe, dadi malih males mikir oleh-oleh.

“Gek ndang golek kono lho, selak mumet aku,” omonge Wiji.

“Din, kancani aku golek daster ya? Ngejak Wiji ki malah nggarai mangkel, mecucu ae lambene.”

Ayuk, sisan aku nukokno mamahku.”

“Aku nitip kresekku, tak golek karo Dina ae.”

“Aku nitip sisan yo, Ji. Abot lek nggawa-nggawa.”

Dina ngelungno kresek blanjanane, loro. Wiji nampani karo saya maju lambene.

“Ngerti abot yo sik nambah maneh,” omonge lirih karo mlaku ngalih, minggir.

Arek wedok iku kecontalan nggawa kresek telu gedhe-gedhe. Minggir saka barisan asongan pinggir embong, Wiji kate nyebrang golek lungguhan. Wetenge krucuk-krucuk, luwe.

Ora nggatekno embong, Wiji sing kaet metu kate minggir meh ketabrak dokar.

“Nyuwun disun jaran?”

Wiji nyawang sopir dokar sing mesam-mesem. Arek wedok iku langsung mlerok karo nerusno lek mlaku.

“Kene ae, penting iso lungguh.”

Wiji lungguh pinggir embong, nyanding bakul sate padang sing lagek ngetem.

“Satu, Pak,” omonge nang bakul sate padang.

“Oke.”

Karo ngenteni satene, Wiji mesen es dawet ayu. Kanca-kancane sik ketok wira-wiri, umek golek oleh-oleh. Saya ngelu nyawang kancane, Wiji ngenakno lek ngombe dawet.

“Wou, malah ngenakno mangan arek iki. Kae lho wis digoleki Pak Heru, kon kumpul.”

Dewi karo Dina sing wis mari blanja ngampiri Wiji sing lagek ngentekno satene.

“Sik, kurang sithik.”

“Aku yo luwe,” omonge Dina.

“Ngko ae, mari ngene kan oleh kardusan.”

“Iyo ta?”

“Iyo.”

Dina nyawang Wiji sing ngenakno mangan. Wetenge melu krucuk-krucuk.

“Malah ngenakno, ayo!”

“Mbayar sik.”

Wiji mbalekno piring karo mbayar satene. Dewi karo Dina wis nyandak kreseke dhewe-dhewe sing mau dititipno nang Wiji.

“Cepet,” Dewi sing ora kanten narik lengene Wiji, ngajak mlayu.

Ora ati-ati, Wiji sing kewaregen kecontalan lek nututi kancane, ketabrak sepeda. Arek wedok iku njlungup. Dewi karo Dina sing ngerti langsung mbengok.

“Koen gak popo?”

Dewi karo Dina ngewangi Wiji ngadeg. Wong-wong sing rame nang Malioboro langsung nyawangi Wiji.

“Matane nyawang opo gak?”

Wiji sing wis ngadeg malang kerik nang arek sing nabrak dheweke. Sing nabrak mung mesam-mesem karo ngukuri gundule.

Gak njaluk sepuro malah cengengesan…”

“Uwis, ayo, ngaleh ae,” omonge Dewi.

Arek sing nabrak Wiji sik pancet mesam-mesem. Umure ora beda adoh saka Wiji, sepantaran. Arek sing tibake lagek sepedaan karo kanca-kancane iku sik njegegeg nang ngarepe Wiji, ora omong opo-opo.

“Arek ed…”

“Isin, ditontok uwong. Ayo!” ganti Dina sing ngajak ngaleh Wiji.

“Awas koen,” omonge Wiji karo menteleng nang arek sing nabrak.

Kanca-kancane arek sing nabrak Wiji melu mesem.

“Kapok we, Man, digoleki kowe ngko karo bapake.”

Arek lanang sing nabrak Wiji iku nyandak sepedae. Kanca-kancane sik meden-medeni karo ngguya-ngguyu.

“Lek bapake pulisi piye?”

“Ben,” saure arek sing nabrak Wiji.

Arek lanang iku sik nyawang Wiji karo kanca-kancane sing mlayu mara nang parkiran nggon bis rombongan sekolah parkir. Wiji sing masio wis adoh sik sempat noleh karo menteleng, garai arek lanang iku mesem maneh.

“Awas, tak rabi suk.”

 

cerita iki onok terusane, bersambung!

***

2 thoughts on “Cerlek 1: Purwa

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s