Mangkel


nyilih Google
nyilih Google

“Pak, terno nang pasar.”

“Biasa budhal dhewe. Selak dienteni aku.”

Wiji mecucu ning meneng ae. Wong wedok iku ngalih, mlebu nang pawon.

“Pak, tukokno gas.”

Isuk iki ganti Wiji njaluk tulung bojone tuku gas. Ndilalah kate masak gas’e entek.

“Pak.”

Ora disauri, Wiji mbengok maneh saka pawon. Bojone sik nang kamar, turu.

“Yo,” saure Diman aras-arasen.

Dienteni sepuluh menit ora moro, Wiji marani bojone nang kamar. Tibake Diman sik ngenakno lek turu. Ora omong opo-opo, Wiji mbalik nang pawon maneh.

“Mak, melu.”

Tomin sing kaet tangi ndelok emake nggawa tabung gas njaluk melu.

“Ndok omah ae, sediluk.”

“Emoh, melu.”

“Kepet ngunu. Yo kene, ayo.”

“Gendong.”

“Mlaku dhewe, mak’e nggawa gas ngene, abot iki.”

“Gendong.”

Tomin ora gelem ngalah, arek lanang sing sik aras-arasen iku mekso njaluk gendong emake. Akhire gelem ora gelem Wiji nggendong anake. Tomin digendong sisih tengen, tangane sing kiwo nggawa gas.

“Atu dolen ya, Mak.”

Rada awan, mari mangan, adus, Tomin pamit emake kate dolan. Wiji sing kaet mari ngurusi omah iku mung manthuk. Lek pamit ngunu iku biasane Tomin dolan nang omahe mbahe utawa tanggane. Bojone sing lagek libur durung tangi.

“Timbang meneng ae, dolen sisan ae lah,” omonge Wiji karo awake dhewe.

Mari adus, wong wedok iku dolan nang tanggane. Tibake nang tanggane lagek ono sales sing nawakno kosmetik karo klambi.

“Dingge ngko bengi, Ji, tuku sisan,” omonge tanggane.

“Lha mosok turu ae kate make up-an,” saure Wiji.

“Loh, koen gak melu nang omahe Reni ta?”

“Reni?” Wiji sik durung dong.

“Wou, yok opo arek iki? Koen lak wis oleh undangane tho. Reni iku lak biyen kancamu pabrik sisan? Mosok koen gak diundang?”

Wiji ngeling-eling. Kapanane wong wedok iku oleh undangan saka kancane, Reni.

“Oalah, ho oh, sing undangan reuni iku kan?”

“Iyo.”

Jarang ketemu, Wiji karo kanca-kanca pabrike bakal reunian nang omahe Reni. Ora kabeh, ora akeh, mung sekitar wong sepuluhan, sisan syukuran omahe Reni sing anyar.

“Mari magrib yo?”

“Iyo. Budhal bareng tho? Wong loro ae ngko, aku gak diterno bojoku kok.”

“Gak oleh nggawa anak yo?”

“Ho oh, gak oleh nggawa anak bojo. Ndok undangane lak ditulis ngunu.”

Wiji ngukuri gundule. Wong wedok iku lali temenan.

“Numpak bemo ae, pisan thok.”

Wiji manthuk trus pamit mulih. Nang omah wong wedok iku mikir. Bojone durung diomongi. Diman sing wis tangi lagek mangan. Ora ngomong bojone, wong wedok iku lunga maneh.

“Pecah iku ngko kocone suwi-suwi.”

Sore, mari mulih saka lunga, Wiji adus trus macak. Klambine nang lemari ditokno kabeh, dijajali siji-siji. Bojone sing nang njero kamar mung ndeloki.

“Wangi men,” omonge Diman karo ngendusi rambute Wiji.

Ora nyauri, Wiji sik ngenakno lek njajali klambi.

“Kate nang ndi?”

Wiji sik ora nyauri. Klambi sing kate digawe reunian wis nemu. Wong wedok iku wedakan trus bengesan.

“Kate lunga nang ndi?” Diman mbaleni lek takok.

“Reuni.”

“Tomin opo wis adus?”

“Uwis.”

“Lha kok gak dipacaki sisan?”

“Gak melu.”

Diman ngukuri gundule. Wiji wis ayu. Saiki wong wedok iku nyisiri rambute.

“Koen mari nyalon yo?”

Wiji manthuk. Awan mau wong wedok iku nang salon cedek omahe. Asline ngunu mangkel karo bojone sing pirang-pirang dina iki angel dijaluki tulung. Nang salon Wiji creambath.

“Tak adus sik.”

“Gak usah, numpak bemo kok.”

“Lha lapo? Wong nduwe montor kok numpak bemo.”

“Wis janjian karo Nani.”

Diman mandeg, wong lanang iku ora sido budhal adus.

“Ojo bengi-bengi, ngko digoleki anakmu.”

Wiji ora nyauri. Anake wis dititipno nang maratuwane. Mari lek macak, ngaca, wong wedok iku metu. Diman mung nyawang bojone.

“Mulihe dipapak gak?”

“Gak.”

“Nesu?”

“Gak.”

Lek wis saurane gak-gak ngunu iku mesti nesu. Diman ngeling-eling. Ora ono sing salah. Rumangsane dheweke yo ora nyalahi. Mari ditinggal bojone Diman sing meh sedinoan mau turu ora iso turu maneh. Anake durung mulih, sik nang omahe embahe. Glubak-glubuk nang kasur ngarep tipi, wis ping piro lek ganti saluran ning ora ono sing pingin didelok.

Jam wolu bojone durung mulih. Anake diinguk nang omahe emake wis merem. Wedi lek malah tangi lek digendong mulih, akhire dijarno anake turu nang kono. Kate mangan aras-arasen. Diman ngambu awake dhewe. Wong lanang iku akhire adus maneh. Ora mung adus, wong lanang iku ganti klambi sing rada apik.

Jam songo Wiji sik ae durung mulih. Diman selot ora tenang. Kate digoleki tapi nang ndi. Wong lanang iku mau lali ora nakoki bojone lunga nang ndi. Mergo ora penak atine, Diman mara nang omahe emake maneh. Karepe ngunu ndelok anake.

“Wou, dienteni gak mulih-mulih, malah nang kene.”

Wiji sing wis mulih saka reunian tibake ora langsung nang omah tapi mampir nang omahe maratuwane. Wong wedok iku lagek ngeloni anake sing wis merem.

“Ayo mulih,” omonge Diman.

“Tomin wis merem, tak turu kene ae.”

“Wou, tak gendonge.”

“Malah tangi ngko. Sampeyan ae muliho dhewe.”

Diman meneng. Ndelok bojone sik utuh, sik ayu, wong lanang iku ora gelem mulih.

“Ndang, aku selak ngantuk.”

“Ngantuk yo turu kono, wong garek merem ae,” omonge Wiji ora gelem ngalih.

Diman mecucu.

“Ayo ta,” ajake maneh.

Wiji meneng ae. Wong wedok iku nerusno lek merem.

“Rodok rono, aku tak turu kene sisan.”

“Gak cukup, lugur ngko anakmu,” saure Wiji karo sik merem.

Diman nyawang bojo karo anake sing nggletak nang kasur. Kasure sing dinggone cilik, ora cukup lek dheweke melu turu kono.

“Mene tak terno lek kate nang pasar.”

“Tak tukokno gas.”

Diman sik ae ngrayu bojone.

“Ojo rame ae, wis bengi,” bengoke emake Diman saka kamare.

Wong lanang iku akhire krembuk-krembuk mulih. Wiji mesem.

***

2 thoughts on “Mangkel

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s