Jamu Ayu


masker

Dina Minggu, lek bojone pas ora kerjo, Wiji yo melu leren. Wong wedok iku njaluk wektu dingge ngramut awake. Mari tangi, masak, wong wedok iku umek karo blonjoane saka tukang sayur sing sik kresekan. Wiji ngetokno tomat, jeruk purut karo timun saka kresek. Wong wedok iku yo mari ngetok lidah buaya sing ditandur nang mburi omah.

“Pak, Tomin dusono trus dulangen ya,” omonge Wiji nang bojone sing kate mlebu jeding.

“Sik mlungker kae areke.”

“Ngko lek tangi.”

“Yo.”

Wiji nerusno lek umek. Wong wedok iku lungguh nang dingklik ngedep kaca. Tanggane ngirisi jeruk purut karo lidah buaya. Rambute sing diure, disisiri.

“Mak’e…”

Tomin tangi. Karo kriyip-kriyip arek lanang iku nyedeki emake sing lagek ngusapno jeruk purut nang rambute.

“Opo iti?”

“Jamu.”

Tomin njaluk pangku emake, ning Wiji sing lagi umek ora gelem.

“Nuk kene ae,” omonge karo nggeret dingklik nang sandinge dingge lungguh anake.

“Emoh.”

“Pak.”

“Iyo, sik nguyuh.”

Ora let suwi Diman metu. Wong lanang iku nyandak anake.

“Emoh. Karo Mak’e.”

“Nontok iwak karo Pak’e,” omonge Wiji nang anake.

Tomin gedheg.

“Ya wes nang kene, tapi lungguh dhewe.”

Akhire Tomin gelem lungguh dhewe. Diman bablas nang njero. Kate nerusno lek turu.

“Aku…”

“Dingge Mak’e iki, sampeyan gundul ngunu. Gatel iki yoan.”

Mari ngurus rambute. Wiji ganti njupuk timun karo tomat. Buah-buahan iku digrujuk banyu, diresiki trus diparut.

“Melu…”

Wiji kate maskeran. Atek masker kudu turu, lek ora ngko ceblok kabeh. Wong wedok iku wis nyiapno kasur nang ngarep tipi. Tomin ngetutno emake.

“Sampeyan adus kono lho, trus maem. Didulang Pak’e ya?”

“Emoh.”

Wiji ngletak. Parutan tomat karo timun nang mangkok wis siap dingge maskeran. Tangan kiwone nyekel kaca. Tangan tengen ngolesi rai atek masker buah gaweane.

“Encut.”

Tomin sing mau meneng lungguh sandinge emake, ndulit masker trus diemplok. Lambene nyebek-nyebek, kate muntah mari njajal maskere emake.

“Wou, ojo mbok emplok maskerku.”

Tomin ngguyu-ngguyu. Ora kenek diomongi, arek lanang iku terus ae nduliti masker nang raine emake.

“Pak, anakmu iki lho jaken sik.”

Diman metu saka kamar. Ngerti diparani bapake, Tomin ngalih, nglumpati emake sing gletakan nang sandinge. Tangane ora sengojo nyekel raine emake.

“Akhh, ilang iki ngko maskerku…”

“Kene, adus sik gek maem,” omonge Diman karo ngelungno tangane nang anake.

Sing dijak adus ora gelem, malah ndusel nang emake.

“Adus sik kono lho,” omonge Wiji nang anake.

“Emoh. Adus kalo Mak’e.”

“Pak…”

“Lha gak gelem iku lho areke. Adusono kono sik, ngko tak jak’e.”

“Lha iki wis kadung maskeran.”

“Yo ngko maskeran maneh lak iso. Lagian lapo sih atek kaya ngunu…”

“Yo cek ayu,” sauté Wiji.

“Lha mosok iso, jatahe sakmunu dikapak-kapakno yo pancet ae.”

Wiji mecucu. Tomin ora gelem ngalih.

“Yo wis gak usah adus, jarno kecut ae,” omonge Wiji.

Ora gelem adus. Tomin malah nerusno lek nithili maskere emake, garai wong wedok iku bengok-bengok.

“Gak sido macak. Bahno, cek elek ae,” omonge Wiji karo sik mecucu.

Diman sing lungguh nang sandinge meneng ae. Anake ancen kadang nggemesno.

“Ngko ojo turu karo aku.”

“Wou, lak mesti ngancem. Wong sing gak gelem anakmu kok,” saure Diman.

“Yo gelem ae, garek carane no.”

“Lha iku nyatane gak gelem areke.”

Wiji tangi. Masker nang raine wis ora karu-karuan.

“Cek opo sih atek kaya ngunu barang?”

“Yo cek wangi, seger.”

“Kecut malah enak,” omonge Diman.

“Temenan? Yo wis, mulai saiki aku gak usah adus sisan. Bah wis.”

Wiji sik mangkel. Tomin sing mau nithili maskere emake saiki glebakan nang kasur.

“Gak popo, aku yo seneng gak adus.”

“Iyo sampeyan seneng, aku gak seneng.”

“Malah enak ambu kringet, kecut tapi seger.”

“Seger opo. Kecut yo kecut.”

“Halah, wong koen yo senengane ndusel ndok kelekku ae lho.”

Wiji sik durung trimo, atine lara. Dina minggu pingin ngramut awak malah dirusuhi anake.

“Turu ae enak yo, Min?” omonge Diman karo melu nggletak nang sandige anake.

“Yo, wong loro ngko bengi turu dhewe. Aku emoh ngeloni.”

Diman mesem. Bojone lek wis kalah ngunu senengane mesti ngancam.

“Turu dhewe yo cek dicokot ulo.”

“Gak.”

“Gak opo. Wingi omahe Lik Rah kae lak mari kelebonan ulo, gak krungu ta koen?”

Wiji selot mecucu.

“Aku macak iki yo ngge sopo? Ngge nyenengno sopo? Opo yo kate tak pek dhewe?”

Diman mesem maneh. Lek wis ngunu, Wiji kaya arek cilik.

“Iyo, aku yo seneng lek bojoku resik.”

“Ayu…” omonge Wiji.

“Sebelah ndi?”

Krungu omongane bojone, sikile Wiji langsung jejek-jejek.

“Mak’e nanis hihihi.”

Ndelok emake prengat-prengut, Tomin malah melu njaraki. Diman tangi.

“Min, melu Pak’e gak? Pak’e kate nyekel iwak.”

Dijak nyekel iwak, Tomin langsung seneng. Arek lanang iku melu ngadeg.

“Ngunu gene yo gelem,” omonge Wiji.

“Upahe ojo lali,” omonge Diman nang bojone karo ngendong anake.

“Ngko bengi.”

“Ngene,” omonge Diman karo ngewei driji loro.

“Ho oh, sak njalukmu.”

Diman mesem. Wiji melu seneng. Masio maskere wis bubrah kabeh wong wedok iku akhire iso dhewe. Mari anak bojone ngalih, Wiji nang pawon, ngganti maskere.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s