Pandangan Pertama


pp

Masio wanian, Wiji kerep dingge kalah-kalahan karo kancane. Jaman sik urip nang ndesa karo bapak emake, sik sekolah, Wiji budal mulih numpak bis bareng kanca-kancane. Numpak bis, mbayare murah, arek sekolah yo trimo mung ngadeg, jejeran nang pinggir lawang bis.

“Kowe wani ora nakoki kuwi…” omonge salah siji kancane Wiji karo ngode atek matane.
“Ho oh, Ji, wani ora?”
“Takok opo?”
“Jenenge, omahe. Yo opo ae.”

Wiji nyawang arek lanang sing lagek dirasani kancane. Arek STM, sekolah sebelah mesti, batine Wiji. Ben dina meh mesti bareng lek budal karo mulih.

“Halah, Wiji ae, mosok wani.”
“Iyo, wedi paling kowe. Ho oh tho?”
“Wani. Dikei opo aku lek wani takok?” Wiji mbales nantang.

Kancane Wiji sing ono papat iku sawang-sawangan.

“Tak tukokno bakso sesuk pas istirahat,” saure Dini.

Asline ngunu sing jenenge Dini ngesiri arek lanang sing lagek dirasani iku, ning ora wani. Ben dina sak bis, suwi-suwi ngesiri. Wiji nyawang maneh arek lanang sing ngadeg meneng ora adoh saka dheweke karo kanca-kancane. Kanca-kancane Wiji melu nyawangi karo ngojok-ngojoki Wiji.

“Hemmm….” Wiji demem karo mandep arek lanang sing durung ngerti sapa jenenge iku.

Sing didehemi meneng ae. Ndilalah ora akeh arek STM nang bis iku. Mung arek lanang iku karo kancane siji sing padha menenge.

“Mudun ndi, Mas?” takone Wiji.

Kanca-kancane Wiji mesem, ngempet lambene cek ora komentar.

“Pasar.”
“Sampeyan sing omahe kidul pasar kan? Pantes ae kerep eruh aku.”
“Gak. Lor pasar.”

Wiji ngukuri gundule. Arek wedok iku nglirik kancane sing ngode kon nerusno.

“Sampeyan anake Pak Heri tho? Mas…sopo sih lali aku…”
“Gak.”

Arek lanang sing ditakoni iku gedheg-gedheg.

“Tomo.”
“Mas Tomo? Anake Pak Heri kae jenenge Mas Pi’i…”
“Jenengku Tomo.”
“Ouh hehehehe…salah. Lha persis, mirip,” omonge Wiji karo cengengesan.
“Opo maneh?” takone arek lanang sing jenenge Tomo iku.

Wiji sik cengegesan.

“Uwis. Sementara iku ae. Suwun.”

Kanca-kancane Wiji wis ora kuat ngempet lek ngguyu. Arek-arek wedok iku cekikikan. Dini mesem. Arek wedok iku seneng mergo akhire ngerti jenenge arek lanang sing disiri.

“Baksone ojo lali,” omonge Wiji nang Dini.

Jaman sekolah karo jaman kerjo Wiji ora beda adoh tingkahe. Mari lulus sekolah, arek wedok iku pindah nang Surabaya, kerjo nang pabrik. Arek wedok iku sik kerep dingge kalah-kalahan kancane.

“Koen ngerti arek iku, Ji?”
“Sing ndi?”

Wati njuding arek lanang sing lagi mangan ora adoh saka lek lungguh. Wiji gedheg.

“Tulung po’o, Ji. Golek info wis nduwe pacar opo gurung.”

Wiji menteleng.

“Mbok takok kancane. Iku sing mangan bareng, kan mesti ngerti.”
“Isin yo. Lagian lek takok arek lanang ngko malah ditakon-takoni, iso-iso digudani malah.”
“Lha aku gak kenal. Mosok moro-moro takok, ‘sampeyan wis nduwe pacar ta, Mas’, lak yo aneh.”

Wati meneng. Wiji nerusno lek mangan.

“Tulung po’o. Aku kaet pertama nontok arek iku eling terus, gak iso turu. Arek iku kerjo ndok pabrik sebelah, ben dina mangan ndok kene.”

Wiji ngrungokno Wati karo nglirik nang arek lanang sing dirasani. Arek lanang sing disiri Wati iku lagi rokokan. Didelok saka raine ketok areke meneng.

“Mung takok wis nduwe pacar opo gurung. Lek uwis yo wis, gak tak terusno ngesiri.”
“Lha trus aku takoke kapan? Saiki aku mbok kon moro ngunu?”
“Yo gak. Yo golek yok opo carane pas lagi dhewe.”

Lagek mikir carane, moro-moro kancane arek lanang sing lagek diomongno ngalih.

“Ji, iku, areke dhewean. Ndang paranono.”
“Heh? Sing nggenah ae. Isin yo.”
“Halah, Ji, koen gak sakno aku ta? Tulung, pisan iki ae.”

Wiji nyawang Wati sing raine ketok melas. Lek wis ngunu mosok tega. Wiji gantian nyawang Wati karo nyawang arek lanang iku, bingung.

“Ndang, Ji, selak kancane mbalik. Tapi ojo omong aku sing nakokno.”
Wiji sik bingung. Isin ning ora tega karo kancane, akhire Wiji ngadeg, nyedeki arek lanang sing disiri Wati.

“Kosong, Mas?” takone Wiji karo njuding kursi ngarepe arek lanang sing mau dinggeni kancane.

Arek lanang iku nyawang Wiji trus manthuk. Wiji lungguh alon-alon. Atine ndredeg ora karu-karuan. Ora langsung nakok, Wiji malah bingung dhewe. Ora kaya biasane, Wiji kaya krungu suwara jantunge. Meh ae arek wedok iku ngalih ning eling Wati, lagian yo wis kadung, kebacut. Arek lanang sing lagek ngenakno lek ngrokok iku nyawang Wiji.

“Wis nduwe pacar, Mas?”
“Uwis.”
“Ouh.”

Lek biasane Wiji iso tenang, saiki sikile grewelan. Mbuh opo’o arek wedok iku nganti kaya ngunu. Arek lanang nang ngarepe sik nyawangi ae. Wiji noleh nang mejane mau, nggoleki Wati. Tibake sing digoleki wis ngalih mbuh nang ndi.

“Ngunu thok?” takone arek lanang iku mau.
“Anu…takok-takok dhisik. Suwun, Mas,” omonge Wiji karo ngadeg.

Arek lanang iku mesem, nggarai Wiji selot ora penak. Kancane, Wati, wis ngilang. Akhire arek wedok iku ngalih karo ngempet isin.

“Suwun yo, Ji. Masio wis nduwe pacar paling gak aku wis tenang,” omonge Wati.
“Ngunu yo kancane ditinggal, cek tegane sih,” omonge Wiji karo mregut.
“Lha aku isin, ngko lek aku ngenteni areke lak curiga. Tenang, ngko mulih tak traktir sego padang.”
“Gak patah hati ta?”
“Gak. Pantang aku ngesiri pacare uwong. Golek liyane, sik akeh.”

Mulih kerjo mari ditraktir Wati sego padang, Wiji kate bablas mulih nang kosan. Eling lek sabune entek, arek wedok iku mandeg nang warung.

“Wis nduwe pacar ta atek sabunan barang?”

Wiji noleh. Nang sebelahe wis ngadeg arek lanang sing ditemoni nang warung mau awan.

“Masio gak nduwe pacar yo adus,” saure Wiji.
“Ouh. Gak nduwe pacar.”

Wiji menteleng. Kurang ajar pikire. Asline yo isin eling sing mau awan, ning ditakoni ngunu arek wedok iku malih mangkel.

“Emane wangi-wangi gak nduwe pacar.”

Kudu dikaplok ae arek lanang iku. Batine, untung wis nduwe pacar, dadi Wati ora nerusno lek ngesiri.

“Bahno, penting wareg.”

Mari mbayar sabune Wiji bablas ngalih. Arek lanang sing tibake tuku rokok iku ngetutno.

“Trus lanjutane yok opo? Mosok takok-takok thok.”

Wiji mandeg. Arek wedok iku wis kudu ngamuk ae rasane.

“Survei,” omonge karo nerusno lek mlaku.

Arek lanang iku mesem.

“Aku gurung nduwe pacar.”
“Gak urus,” saure Wiji.
“Aku Diman.”
“Aku Batman,“ saure Wiji karo mlaku cepet-cepet.

Arek lanang sing jenenge Diman iku mandeg trus mesam-mesem dhewe.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s