Nelangsa


 thumb_320_ce61f04d1f121086081cef406939d45b

Mari bojone mulih saka Jakarta Wiji ketok susah. Lek biasane cerewet, akeh omonge, saiki malih meneng. Lek biasane Wiji sregep, saiki luwih sregep maneh. Isuk-isuk wis tangi, resik-resik omah, masak.

“Maem ayam neh yo, Mak.”

Wiji manthuk.

“Maem dulang Pak’e ya?” saiki Tomin ngomong nang bapake.

“Ho oh.”

Tomin ngguya-ngguyu. Arek lanang iku seneng. Bapake wis mulih, emake saiki masak enak terus. Diman sing kangen anak bojone melu seneng ndelok polahe anake, ning wong lanang iku rada bingung karo polahe bojone sing malih meneng.

“Mak, klambiku ndi?”

Wiji ngerti, bojone mesti nggoleki klambine sing digawa saka Jakarta.

“Tak buwak.”

“Wou…lha lapo?”

“Wis elek.”

Diman ora nerusno lek takok. Klambi sing digoleki Diman iku kaos karo kathok endek. Ancen wis elek, rupane wis mbladus ning biasa digawe Diman nang proyek.

“Mak…”

“Opo?”

“Lek dijak omong ki mbok nyawang. Koen nesu ta?”

“Gak.”

Mari nyauri Wiji ngalih. Wong wedok iku saiki ora iso suwi-suwi cedek bojone. Rasane pingin ngalih ae. Urip bareng wis pirang taun, Diman ngerti ono opo-opo karo bojone, ning wong lanang iku durung nemu wektu sing pas. Polahe Wiji dhewe yo kerep ngalih lek dicedeki. Isuk pas anak bojone sik turu, Wiji wis tangi. Karo umbah-umbah ora krasa luh e netes nang pipi.

“Koen lapo?”

Diman sing tibake wis tangi, mara-mara nang mburine Wiji. Wiji ngusapi luh atek dastere.

“Koen gak seneng ta aku mulih?”

Wiji gedheg. Diman nyandak dingklik cilik terus lungguh nang sandinge bojone.

“Tak tontok koen saiki kok gak betah cedek aku. Onok opo?”

Wiji sik ae kate ngadeg, ngalih, ning Diman ndang nyandak tangane. Akhire wong wedok iku lungguh maneh.

“Lek koen gak seneng aku mulih, mene tak budal maneh.”

“Gak.”

“Lha trus opo’o?”

Wiji sing mau wis meneng, saiki mbrebes maneh. Tangane sik ngucek kumbahan ning atine wis ora karu-karuan.

“Lapo?” takone Diman maneh.

“Gak popo.”

“Lek koen gak ngomong aku yo gak bakal ngerti. Jaremu lek onok opo-opo diomongno, ojo kebatinan.”

Wiji sik durung iso nyauri. Dadane sesek.

“Yo wis, lek karepmu ngunu…” Diman ngomong karo kate ngadeg.

“Pak…”

Wiji nyekel tangane bojone. Diman lungguh maneh. Wong lanang iku ngenteni bojone ngomong. Sing dienteni sik ae mbrebes.

“Lapo?”

“Aku gak tego nontok sampeyan…”

“Heh? Lha lapo?”

Wiji ngusap luh e maneh.

“Gak tego yok opo? Aku mulih utuh ngene…”

“Ho oh, tapi….” Wiji ora nerusno lek omong.

“Dadi kuli ancen gak enak, tapi aku lho gak popo. Aku mulih guduk gak kuat kerjoane, tapi mergo aku kangen koen karo Tomin.”

“Ho oh, aku ngerti.”

“Lha trus lapo gak tego? Opo sing nggarai koen nelongso?”

Wiji ambekan. Wong wedok iku nguatno atine. Luh e diempet cek ora netes maneh.

“Sampeyan elek saiki…”

Diman maju. Ora salah opo sing dirungokno.

“Aku elek?”

Wiji manthuk.

“Mosok? Jare sopo?”

“Yo jareku.”

Diman ngukuri gundule.

“Dadi koen kaet wingi iku gak gelem nontok aku mergo aku saiki elek?”

Wiji manthuk. Ora suwi terus gedheg.

“Ho oh opo gak?”

“Sampeyan ketok gak keramut, sedih nontoke.”

“Padahal aku yo mangan akeh. Aku lak gak malih kuru sih?”

“Gak. Luwih lemu malah.”

“Lha trus masalahe opo?”

Wiji mrengut.

“Rupane sampeyan iku…”

“Elek?”

Wiji ora nyauri.

“Aku malih elek trus mbok tangisi?”

“Gak, gak ngunu. Biyen sak gurunge lunga sampeyan lak resik, saiki ketok…”

“Buluk?”

Wiji manthuk. Diman ganti sing ambekan dawa.

“Yo mesti ae buluk, wong kerjo nang proyek. Kesel lek kerjo, mari mangan yo langsung turu.”

Wiji meneng ngrungokno. Wong wedok iku wis ora nangis maneh.

“Gak onok sing ngramut. Gak tau olahraga,” Diman nerusno.

“Nang omah yo gak olahraga.”

“Jare sopo? Lek nang omah kan mesti mbok jak gelut, iku yo olahraga. Gurung lek koen njaluk kelon…”

Wiji mecucu. Diman mesem.

“Yo makane aku mulih. Cek ngganteng terus, cek gak mbok tangisi.”

Wiji mesem.

“Lha koen tak tinggal lunga kok malah ayu, rada kuru sisan saiki? Koen nduwe gendakan yo?”

“Gak yo. Kuru wong mikir sampeyan terus.”

Diman ngguyu.

“Gak njaluk pegat tho?”

Wiji gedheg.

“Yo sukur lek ngunu. Lak gak lucu, pegat goro-goro bojone elek. Lha aku kaet biyen karo koen sing gak ayu ae yo gelem , trimo.”

Krungu omongane bojone Wiji mecucu maneh.

“Gak…gak. Wis ojo nangis ae. Bojone malih elek kok ditangisi. Ndang adusono aku, cek elekku ilang, selak anakmu tangi ngko.”

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s