Arisan


Karikatur karya Benny Rachmadi
Karikatur karya Benny Rachmadi

“Pak…”

“Opo?”

“Aku tak melu arisan ya?”

Diman ora nyauri. Wong lanang sing wis ngantuk iku nerusno lek merem. Wiji mecucu. Awake sing mau lurus saiki miring madep bojone. Anake lanang wis merem kaet mau.

“Pak…” omonge Wiji karo ngelus-elus lengene bojone.

“Arisan opo?”

“Yo arisan. Lumayan iso ngge nabung. Sesasi pisan.”

“Pingin nabung yo nabung ae. Melu arisan lek pas gak onok duwit yok opo mbayare?”

“Lek nabung ki angel, mesti katut ngge liya. Lek arisan kan terpaksa, gelem gak gelem nyisihno duwit.”

“Nabung kok terpaksa. Lek onok ditabung, lek gak yo wis.”

Ora oleh sauran sing penak, Wiji akhire meneng. Wis suwi pingin melu arisan kaya tangga-tanggane. Sakjane omongane bojone ora salah, ning ben Wiji njajal nyelengi mesti ono ae. Akhire njebol celengan. Pikire ngunu lek arisan kan karo wong akeh, dadi ono gelem ora gelem kudu nyisihno duwit. Kudu mbayar.

Masio ora diiyani bojone Wiji pancet melu arisan. Pikire wong ora akeh ae, iso nyisihno ben sasi. Sesasi rong sasi arisane lancar, masio jenenge durung metu Wiji seneng. Wayah arisan, ibu-ibu sing melu padha nggawa jajan, klambi, make up. Ora mung arisan, saiki padha dodolan. Ora kudu langsung lunas, iso utang alias dikredit. Diman sing akhire ngerti bojone melu arisan yo mung meneng ae.

“Mak, melu.”

Sore iki wayahe arisan. Tomin sing ndelok emake wis macak njaluk melu.

“Gak oleh njaluk jajan lho.”

“Ho oh.”

Ibu-ibu wis padha ngumpul. Lek biyen sing melu ora patio akeh, saiki kebek. Lek biasane mung klamben sak onone, saiki jor-joran. Klambi sing paling apik digawe, emas-emasan ditokno kabeh. Opo ae sing iso dipamerno digawa. Wong akeh ngumpul, akhire yo nggosip barang. Panggon arisan ora gantian, ning manggon nang Balai RT.

“Gak melu sisan ta, Ji?”

“Pingin sakjane tapi gak onok duwite.”

“Wong padha karo arisan, sesasi pisan kok. Lagian iki yo sembarang, sak onoke.”

Wiji meneng, mikir. Wong wedok iku ditawani melu asuransi.

“Aman ta?”

“Yo aman lah. Mosok koen gak percayo mbek aku?”

Wiji meneng maneh. Mulih arisan wong wedok iku sik mikir. Dheweke ora kerjo, mung bojone thok. Saiki anake sik cilik, ning ngko lek wis mlebu sekolah butuhe mesti selot akeh. Wiji yo kerep krungu masalah asuransi. Kate ngomong bojone paling yo padha lek nyauri. Akhire wong wedok iku meneng ae, ora sido takon.

“Ojo lali mene wayahe mbayar arisan.”

“Ho oh.”

Awan-awan, Siti dolan nang omah. Wong wedok sing ngajak Wiji melu asuransi iku ancen kerep dolan.

“Gelangmu kok apik?” takone Wiji.

“Ho oh. Wingi asuransine Dewi metu. Kan areke mlebu SD dadi oleh. Wingi aku melune pas kate TK kae. Lek koen melu ngko Tomin yo ngunu, mlebu SD oleh duwit.”

“Lha kok ngge tuku gelang?”

Siti mesem.

“Lha mlebu SD kan wis dibayari bapake. Yo tak pek duwite. Iki kan yo nabung jenenge. Emas-emasan lak iso didol maneh.”

Wiji manthuk-manthuk. Siti, tanggane, iku ancen terkenal seneng ubet. Opo ae dilakoni. Biyen wong wedok iku dodolan klambi nang pasar, ning ora suwi. Ganti mbuka warung, mung oleh rong sasi mandeg. Saiki wong wedok iku dadi bandar arisan karo ngumpulno duwit saka wong akeh. Ono sing asuransi, investasi, macem-macem.

“Apik yo?”

Wiji manthuk.

“Aku yo seneng. Pingin tuku maneh sing kaya ngene, dadi akeh kae, Ji. Iso krincing-krincing.”

Siti nyawangi gelange karo mesam-mesem. Sakjoke dadi bandar Siti kerep gonta-ganti klambi karo perhiasan.

“Oh iyo, koen gak pingin melu investasi ta? Lumayan lho olehe.”

“Gak onok duwite.”

“Lek investasi ki kaya kerjo tapi gak perlu budhal kerjo. Duwit mlaku dhewe. Seje maneh karo asuransi.”

Wiji ngrungokno karo nerusno lek setriko.

“Misale yo, koen ngewei sak juta ngko duwitmu iso mbalik rong juta. Luwih malah.”

Nang njero atine Wiji, opo mergo iku Siti iso kaya saiki, nggawe barang-barang apik.

“Dadi kene sing ngewei modal ngunu lho, Ji. Nah, ngko duwite kene dibalekno karo bathine, bagiane kene utuh ditambahi untunge.”

“Yo suk ae lek onok duwit.”

Mari saka omahe Wiji, Siti pindah nang tangga sebelahe. Kate melu asuransi dingge anake ae durung keturutan, opo maneh kate melu investasi. Arisan melu siji ae ora ngomong bojone. Penting ora ngganggu kebutuhan omah, Wiji nyisih-nyisihno dhewe.

“Wong wedok lek dikandani ngeyel yo kaya ngene iki dadine.”

“Huhuhu…”

“Nabung ki ndok bank kono. Kabeh-kabeh dipingini, kabeh-kabeh dijaluk. Saiki malah duwit anake ngge sekolah katut. Lek wis ngene trus yok opo?”

“Aku gak ngerti lek bakal kaya ngene, Pak, huhuhu….duwitku…”

Isuk-isuk kampunge Wiji geger. Lik Rah nangis gero-gero mergo duwite digawa mlayu. Wong wedok iku melu investasi sing ditawakno Siti. Duwit tabungan, emas-emasane dikekno mergo pingin oleh untung. Tibake Siti minggat, sak anak bojone.

“Pak…”

“Opo?”

“Arisane…”

Wiji ora nerusno lek omong. Wong wedok iku rumangsa salah nang bojone. Masio ora akeh, dheweke yo melu kenek. Arisan sing wis oleh patang sasi iku mbuh yok opo nasibe. Ning dibanding tangga-tanggane sing kenek akeh, duwite digawa mlayu Siti, duwite Wiji ora sepiro. Mung melu sak arisan, selawe ewu sesasi. Mergo akeh sing kapusan, perkarane Siti digawa nang pulisi. Tibake ora mung wong sak kampung, ning nganti tangga kampung sisan.

“Yo wis, kate diapakno maneh.”

“Sepurane yo, Pak.”

“Emoh.”

Wiji mrengut.

“Mangan kono.”

Wiji gedheg. Sedinoan Wiji ora doyan mangan mergo ora penak karo bojone.

“Wou…kuru koen ngko. Mangan sik kono.”

“Gak luwe.”

“Yo apiklah, cek ndang sugih ngko.”

Wiji mecucu. Diman mesem.

“Kelon ae lek ngunu,” omonge Diman.

“Emoh.”

“Wou…yo kudu gelem.”

Lagek ae wong loro iku cekikikan. Tomin sing wis merem ngentut banter.

“Gusti! Mbok pakani opo anakmu, entute bosok ngene.”

Wiji mesem. Diman nutup irunge.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s