Dijajal Penak (DP)


vespa

“Aku sayang awakmu, Ji.”

Wiji ora nyauri. Arek wedok iku mbenakno lek lungguh. Ora ono sing salah ning arek wedok iku krasa ora penak bokonge. Dilut-dilut umek mbenakno lungguhe. Matane yo nyawang rono-rene.

“Ji…”

“Opo?”

“Kok opo sih? Trus piye?”

Wiji nyawang arek lanang sing lungguh nang ngarepe iku. Ora let suwi arek wedok iku ndelok jam nang lengene.

“Gak iso.”

Arek lanang nang ngarepe Wiji raine malih.

“Awakmu duwe pacar?”

Wiji manthuk.

“Oh iyo, sepurane, aku kate lunga, Di…”

Arek lanang sing diceluk Di iku kancane Wiji jaman sekolah, Hadi. Mulih kerjo Wiji kaget Hadi wis lungguh nang teras, ngenteni.

“Sopo jenenge?”

“Tak omongono awakmu yo gak kenal.”

Hadi kanca sekolah jaman Wiji sik nang kampung biyen. Kaet biyen ancen ngesiri. Saiki arek lanang wis dadi perangkat nang kecamatan.

“Aku temenan. Aku wingi mara nang omahmu…” Hadi ora nerusno lek omong.

Saiki ganti raine Wiji sing malih.

“Sepurane tapi mari ngene aku kate lunga…”

“Awakmu tego?”

Wiji meneng. Sakjane ngunu ora penak ngomong ngunu, ning Wiji ora pingin ono opo-opo. Diman wis ngomong kate nang kos. Wiji ora pingin arek lanang loro iku ketemu.

“Aku adoh-adoh rene mbok kon mulih? Aku bakal mulih ning ora saiki.”

Wiji ambekan dawa.

“Aku pingin ngerti pacarmu…”

“Ngge opo?”

“Yo pingin ae ngerti cah lanang sing mbok senengi.”

Saiki Wiji bingung temenan. Wiji wis ngerti modele Hadi. Jaman sekolah arek lanang iku terkenal nakal. Wong tuwane sugih, biasa dimanja.

“Gak mulih yo terserah, aku kate mlebu.”

Wiji ngadeg. Hadi melu ngadeg kate nggandoli Wiji. Ndilalah sing jenenge Diman njedus temenan.

“Mas…”

Wiji ora nerusno. Arek wedok iku kaget ndelok Diman.

“Iki pacarmu?” takone Hadi.

Diman nyawang Hadi. Tangane dilungno, kate salaman. Hadi sik nyawangi. Wiji nyawang Diman karo Hadi gentian. Hadi akhire gelem nampani tangane Diman.

“Gurung salin? Jare kate ngendangi Rini,” omonge Diman nang Wiji.

“Anu…onok kanca. Iki Hadi, kancaku…”

Diman lungguh. Wiji sik ngadeg. Hadi yo ngadeg.

“Tak enteni kene,” omonge Diman nang Wiji.

“Wis suwi ta, Mas?” saiki Diman ganti takok nang Hadi.

Hadi lungguh. Diman mesem.

“Tak tinggal sik ya,” pamite Wiji.

Wiji mlebu. Arek wedok iku wingi wis janjian karo Diman kate ngendangi Rini sing mlebu rumah sakit mari kecelakaan.

“Kanca sekolah ta, Mas?”

Hadi manthuk. Diman ngetokno rokoke. Mari nyumet siji, Diman nawani Hadi. Hadi gedheg. Ora let suwi Wiji metu maneh. Arek wedok sing mau sik nggawe seragam kerjo saiki wis salin. Hadi nyawang Wiji. Ora atek seragam kerjo, Wiji selot ketok ayu nang matane.

“Aku pamit,” omonge Hadi karo ngadeg.

Diman melu ngadeg. Diman nyalami Hadi. Wiji melu nyalami.

“Nitip ora, ngge wong ngomah?”

“Nggak. Suwun.”

Mari Hadi ilang karo montore, Wiji nyawang Diman.

“Ngobrol opo mau?”

“Rahasia.”

Wiji mecucu.

“Urusane wong lanang,” omonge Diman maneh.

“Gombal.”

Diman mesem.

Wiji sik mecucu ning yo manthuk. Ndelok Diman karo Hadi jelas seje. Mergo anake wong sugih, kaet jaman sekolah Hadi kerep gawe iri kancane. Klambine apik-apik, tumpakane yo apik. Jaman kancane numpak bis lek sekolah, Hadi wis montoran. Hadi petate-petete, Diman kalem.

“Sido budhal gak?”

Wiji manthuk. Diman nyandak sepeda montore. Nang dalan Wiji sik mikir opo sing diobrolno arek loro iku mau. Arek wedok iku meneng ae, ora omong blas.

“Semaput ta?” godane Diman.

Wiji ora nyauri. Diman mesem. Arek lanang iku narik tangane Wiji terus ditemplokno nang bangkekane. Karepe cek arek wedok iku nyabuk. Wiji sik ora ngomong ning manut ae. Tangane loro karo nyekel bangkekane Diman.

“Ojo diculno,” omonge Diman karo ngebut.

Mulih saka rumah sakit, Diman ngajak Wiji mampir nang warung.

“Ngijoli kulitmu sing tak emplok wingi,” omonge Diman.

Wiji mesem. Seje karo arek lanang sing seneng duwe pacar ramping, Diman luwih seneng lek Wiji awake seger. Seneng mangan, ora atek diet. Wiji iso mangan opo ae sing disenengi.

“Gak nambah?”

“Uwis.”

Ning mergo sik penasaran, Wiji takon maneh perkara sing diomongno karo Hadi sore mau.

“Wou, pingin ngerti ae.”

“Halah, ngunu ae gak oleh. Aku lho ngerti modele arek iku. Kok iso mau meneng ae trus mulih. Sampeyan omong opo?”

Diman mesem. Disruput es teh nang ngarepe, garai Wiji selot gemes.

“Wes tak DP,” Diman akhire gelem cerita.

“Maksude?” Wiji durung paham.

“Tak omong koen wis tak jajal.”

Wiji menteleng krungu omongane Diman. Diman cengengesan.

“Lha timbang gelut?” omonge Diman mbela awake dhewe.

Kudu dikepruk gelas ae rasane arek lanang nang ngarepe iku saking gemese, ning diempet. Diman sik cengengesan.

“Disetrum bapak ngene iki aku lek mulih,” omonge Wiji karo mecucu.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s