Omah


omah

Minggu isuk omahe Diman ketekan ponakan lanang, Heri. Arek umur 23 taun iku anake mas’e Diman sing mbarep. Arek sing kerjo kantoran iku uwis rong taun luwih ngekos, pisah karo bapak emake sing omahe ora patio adoh saka omahe Diman.

“Ko omah ta?” takone Diman.

“Gak, ko kos.”

Diman ngerti lek Heri ora patio cedek karo keluargane. Arek lanang, wis iso golek duit dhewe kadang karepe kerep ora cocok karo wong tuwane.

“Wis sarapan ta, Her?” Wiji sing lagek masak nawani ponakane.

“Gurung, Lik, ngko ae.”

Diman karo Heri umure ora bedha adoh. Paklik karo ponakan iku jaman cilik biyen biasa dolanan bareng. Timbang karo bapake, Heri luwih cedek karo Diman. Lek Heri ono masalah, kaya saiki, Diman iso ngrasakno. Disawang arek lanang sing kethok luwih kuru iku.

“Yok opo kerjoanmu?”

“Yo ngunu-ngunu ae.”

Wiji metu ngawakno kopi karo gedang goreng.

“Diganjel iki dhisik yo, gurung mateng jangane,” omonge Wiji.

“Suwun, Lik.”

Wiji mlebu maneh. Anake, Tomin, sik mlungker. Mau bengi arek cilik iku dolanan nganti jam sewelas, ora turu-turu. Saiki arek cilik iku sik ngenakno lek turu.

“Sakjane aku rene ki mergo butuh bantuane sampeyan.”

Diman nyruput kopine. Heri mbenakno lek lungguh.

“Sampeyan ngerti Reni?”

“Pacarmu kae?”

“Ho oh. Areke njaluk rabi. Yo aku sih gelem ae, aku yo wis kerjo, Reni yo kerjo.”

Heri mandeg.

“Lha trus masalahe opo? Gak wani ngomong nang bapakmu ta?”

“Gak, guduk iku. Areke njaluk omah.”

Diman meneng. Disedot rokoke kalem. Heri melu meneng. Ambekane rada dhawa.

“Areke njaluk resepsine nang gedung. Lha masio ditanggung wong wedok kene lak yo melu nyumbang. Lek iku sih menurutku emak karo bapak iso ngerti. Tapi sing njaluk omah iki, Lik, aku sing sik bingung.”

Heri melu nyumet rokok. Wis seminggu luwih arek lanang iku angel turu. Bingung mikir penjaluke pacare.

“Reni pingin omah sing pinggir embong kae lho, Lik, perumahan anyar.”

“Yo lek kae mesti lumayan regane. Yo sementara dipikir sing dingge resepsi ae sik, sing penting lak wis sah dhisik.”

“Pinginku yo ngunu tapi areke gak gelem. Mari kawin njaluke wes nang omahe dhewe.”

Diman nyedot rokoke maneh.

“Onok tabungan opo gak? Iku lak KPR sih, nyicil.”

“Lha yo iku, Lik. Maksudku rene iki kate njaluk tulung sampeyan. Ngomong karo Pak’e kae lak angel, mesti emosi dhisik. Aku pingin nyelang sertifikat…”

Heri ora nerusno lek ngomong.

“Wingi aku wis ngomong Mak’e, jare emak kon ngomong Pak’e. Karepku dibagi sisan ae. Ana mari ngene yo lulus, be’e yo kate rabi sisan kan malah enak…”

“Maksudmu koen njaluk warisan ta?”

“Yo timbang nyelang sertifat ngge njupuk nang bank, wong yo Pak’e mesti gak setujune. Yo sisan dibagi lak uwis. Mene bakale lak yo dingge anak-anake.”

Ganti Diman sing ambekan rada dhawa. Arek enom lek wis duwe karep kadang grusa-grusu. Ora mikir perasaane wong tuwa. Ora mikir engko-engko yok opo.

“Trus karepmu aku mbok kon ngomong nang Pakmu lek koen njaluk warisane dibagi saiki?”

Heri manthuk.

“Ngene iki koen wis omong-omongan karo Reni gurung? Opo karepmu dhewe?”

“Uwis. Reni manut ae, pokok ditukokno omah.”

Diman meneng. Rada suwi wong loro iku ora ngetokno suwara.

“Aku gak iso janji, tapi lek mung ngancani ngomong yo ayo. Tapi yo ojo arep-arep mesti dituruti karepmu. Sing penting diomongno dhisik, ngko digoleki yok opo enake. Bapakmu kae yo sik urip, seger, kudu dijaga perasaane bapakmu.”

Heri meneng ngrungokno omongane Diman. Sakjane yo rada isin njaluk warisan kaya ngene iki. Dheweke dhewe masio wis kerjo, iso golek duwit dhewe, durung tau nyenengno wong tuwane. Gajine ben sasi yo entek dingge dhewe.

“Pakmu kae masio ketoke sangar asline ngunu alus njerone. Omongane ancen banter, tapi dingge keluarga gak tau eman. Lek koen sabar, aku yakin mari koen kawin mesti dikei. Iso-iso digawekno omah, wong lemah sanding omahmu kae lak dituku Pakmu dingge koen karo Ana.”

Heri sik meneng.

“Pak, sarapan sik, wis mateng iki,” Wiji mbengok saka njero.

“Ayo, sarapan sik.”

Diman mlebu. Heri ngetutno.

“Tomin ndi, Lik?”

“Kae sik mlungker. Mau bengi dolenan ae gak gelem turu.”

Mari mangan, Heri ngetutno Diman sing dandan-dandan kandang pithike nang mburi omah.

“Iwakmu akeh yo, Lik?”

“Yo mayan, iso dingge lawuh Tomin.”

“Iku lombok sakmunu akehe, lemu-lemu.”

“Yo iku lek nandur Likmu kae. Kangkung, sawi, bayem. Ben dina iso ngge lalapan.”

“Nang perumahan kae lemahe sak uprit, Lik, gak iso ngge ngene iki. Paling nang pot siji loro.”

“Aku gak seneng ngunu iku, sumpek. Pinggir embong, ben dina rame montor. Lek gak onok ijo-ijoan soyo sepet mata.”

Heri mlaku, ngubengi mburitan omah. Arek lanang iku wis rada enak atine, opo maneh ndelok tandurane Wiji karo kolam iwake Diman.

“Lik Wiji biyen yo njaluk omah?”

“Gak. Biyen lak kene manten anyar sik ngekos. Iki biyen lak omahe Lik Parti sing didol mergo pindah Jakarta, melu anake. Lumayan iki kae, murah. Yo ancen omahe wis elek, cilik, tapi lemahe lumayan amba.”

“Iki omahe gak dibangun anyar yo, Lik, mbok jarno asline?”

“Iyo, mung dibenakno sithik, renge karo sing bolong. Gentenge tak ganti, akeh sing bocor. Jubine iku lak sik asli kabeh, adem.”

“Lik Wiji kok gelem?”

“Lha kae ngunu pokok onok WC-ne wes meneng.”

Heri mesem, ngempet ngguyu.

“Omah ki sing penting adem, akeh tanduran karo sregep lek ngresiki. Opo ae lak diramut apik yo enak dinggoni.”

Heri manthuk.

“Pak’e…”

Tomin sing mau sik turu, mara nyedeki bapake karo nguceki matane.

“Wou..sik kepet. Raup kono, iku onok Mas Heri. Icin, kepet thok.”

Tomin mecucu. Heri mesem ndelok adik sepupune sing lemu ginuk-ginuk iku.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s