Telih


wiji nangis

“Mas…”

“Opo?”

Wiji mesam-mesem. Diman meneng, ora nyawang.

“Mas…”

“Opo?”

Wiji nyebek. Lek wes ngunu iku mesti ono karepe. Diman nyiapno atine. Arek wedok nang sandinge iku kerep nggregetno, njaluk sing ora-ora.

“Maem nang McK yuk…”

“Emoh.”

Wiji mecucu.

“Halah, pisan ae lho.”

Wiji ngerti Diman ora seneng panganan sing jarene fastfood ngunu iku. Ning arek wedok sing senengane mangan lan njajali panganan iku wes ngempet suwi lek pingin.

“Yo kono tukuo.”

“Karo sampeyan.”

“Yo tak terno, mangano dhewe.”

“Emoh. Mangan wong loro.”

Diman ambekan dawa.

“Lha sing pingin lak koen sih, aku lho gak pingin.”

“Mosok aku mangan dhewe, sampeyan mung nontoki? Ayo ta…”

Wiji sik ngrayu.

“Yo dibungkus ae, dipangan nang kene.”

“Emoh, dipangan kono ae, sisan nongkrong.”

“Nongkrong kok nang kono. Nongkrong nang mburi kono, karo rokokan enak.”

Lambene Wiji selot maju. Bebek lek eruh lambene Wiji saiki mesti pingin bunuh diri, kalah dawa lambene. Lek wes ngunu akhire Diman sing ngalah. Sakjane ngunu yo gemes, kudu dicakot ae rasane. Dituruti karepe, Wiji mesam-mesem. Arek wedok iku pamit mlebu kamar, njupuk jaket.

“Klambine ganti sisan iku,” omonge Diman.

“Iyo.”

Wiji karo Diman budal nang McK. Mbuh opo’o, arek-arek enom seneng mangan nang kono.

“Enak bebek pinggir embong kae,” omonge Diman pas njajal.

“Yo kan cek ngerti rasane. Mene gak dibaleni maneh.”

Wiji sik kesenengen. Arek wedok iku ngenakno lek mangan.

“Iku gak mbok maem ta?”

Wiji nyawang sego nang piringe Diman. Arek loro iku mau pesen pithik goreng loro, segone telu. Wiji siji, Diman loro. Diman sik ae mangan sego siji separo, segone Wiji wes entek.

“Yoh, panganen.”

“Sampeyan ngko gak luwe? Nambah maneh ta?” takone Wiji.

“Gak usah, nontok koen ae wes wareg.”

Wiji mesem maneh.Dijupuk sego nang piringe Diman.

“Ngko ambung ya,” omonge Diman karo mangan.

Wiji mecucu.

“Yo upahe, rek.”

Wiji meneng, ora nyauri. Sego putih karo pithik goreng nggarai atine arek wedok iku ayem.

“Sambele entek. Sampeyan gelem sisan ta?”

Diman gedheg. Ora mung seneng mangan, Wiji yo doyan pedes. Raine gobyos, ndrodos kringete. Arek wedok iku ngadeg, kate njupuk sambel. Ora suwi Wiji mbalik karo nggawa sambel nang wadah cilik.

“Kulitku endi?”

Diman nyawang Wiji sing ngadeg nang ngarepe.

“Tak pangan.”

Wiji mecucu. Arek wedok iku lungguh karo rada mbanting bokonge.

“Lha tak pikir gak mbok pangan…”

“Iku lho kate tak pangan keri dhewe.”

“Wou…yo aku gak ngerti…”

“Lek gak ngerti ki yo takok sik, ojo moro-moro diemplok…”

Lek mau Wiji kesenengen mergo akhire iso ngrasakno mangan nang McK, saiki arek wedok iku gelo. Atine lara mergo kulit pithik sing diingerno, kate dipangan keri dhewe, malah diemplok Diman.

“Yo mene tuku maneh,” omonge Diman.

“Emoh.”

Kaya arek cilik, Wiji sing gelo atine mbrabak kudu nangis. Kaet mau durung budhal arek wedok iku wes mbayangno kulit kriuk-kriuk, tibake malah ora kumanan. Nganti tekan kosan Wiji sik ae mecucu. Diman sing lungguh nang sandinge dinengno.

“Mene tak tukokno kulit goreng, nang pinggir embong kae lak onok sing dodolan kulite thok.”

“Emoh.”

Dudu perkara ora iso mangan maneh, ning kadung gelo.

“Yo wes nyoh, ambunge wes aku…”

“Malese,” saure Wiji.

“Wou lha yok opo? Iki lho sik onok bekase, jupuken dhewe,” omonge Diman karo lambene maju.

“Emoh.”

Wes mangkel, malah digodani garai arek wedok iku mbrebes.

“Wou…”

Diman ngelus-ngelus rambute Wiji.

“Njaluk opo?”

Diman pasrah. Lek wes ngunu iku ditawani opo ae mesti ora trimo. Mung ngenteni sing gelo enak dhewe atine.

“Tukokno BH.”

Wes apal. Lek wes kadung salah mesti ngene iki akhire.

“Piro?”

“Siji ae.”

“Lha sing siji diadahi opo?”

Wiji mecucu maneh. Diman mesem.

“Mbok pisan-pisan aku sing dikei opo ngunu. Yo ambung opo opo ngunu…”

Wiji wes ora mbrebes maneh. Arek wedok iku wes iso mesem. Isin sik digodani ae, Wiji njiwit pupune Diman.

“Pijeti kene, malah dijiwiti…”

“Emoh.”

“Wou, aku ki yo kesel mbok nesoni ae. Gantian.”

“Yo nesuo.”

“Temen? Dikei opo lek aku nesu?”

“Tinggal turu.”

“Turu bareng?”

“Tak tinggal turu!” Wiji mbaleni karo rada mbengok.

Diman mesem. Masio kerep nggarai ngelus dada, Wiji ancen nggemesno. Masio kerep dicebeki, ning Diman ora tau kapok. Justru ngunu iku sing nggarai kangen lek ora ketemu. Opo maneh lek nyawang pas Wiji lagek mangan, kesel, luwe langsung ilang rasane.

“Anake sopo sih koen iku,” omonge Diman sing dibales eseman karo Wiji.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s