Danggling


img030

Minggu isuk, wayahe Diman leren, ora kerjo. Masio ta kerjone Diman dudu kantoran ning wong lanang iku lek Minggu kerep milih leren. Lek ora dolan karo anak bojone yo mancing. Lek ora yo dandan-dandan omah.

“Pak, terno nang pasar ya?”

“Biasane ngesot karo anake…”

“Gak nang pasar kene, pasar gedhe. Kate golek kain.”

“Yo. Tak adus sik.”

Mari sarapan, adus, Diman karo anak bojone montoran nang pasar gedhe. Sik jam sepuluh ning panase ora umum.

“Sampeyan karo Pak’e ae nang kene ya?”

“Emoh, melu Mak’e.”

Diman markir montore nang ngarep pasar. Anake sing njaluk melu emake didukno. Wiji nyandak tangane anake.

“Anteng lho ya,” omonge Wiji nang anake karo mbonceng mlebu pasar.

Ngenteni bojone nang njaba, panas, rame, Diman malah mumet dhewe. Mari ngentekno rokoke, wong lanang iku nuter-muter. Dheweke eling lek mau nglewati nggon loakan, barang-barang bekas. Lumayan timbang meneng ae. Muter-muter karo montore, ndelok barang-barang loak, Diman lali lek ninggal bojone nang pasar. Ndilalah malah nemu bakul pancing. Mari tuku senar, wong lanang iku nyetater montore, mulih.

“Mak…Mak!”

Diman sing wes tekan omah nyeluki bojone. Omahe kancingan. Wong lanang iku mlaku nang mburi saka samping omah, sepi. Ora oleh sauran, wong lanang iku akhire njupuk kunci rahasia. Kunci sing dicepakno bojone ngge cadangan.

“Pak’e cuwi…”

Tomin sing ngenteni bapake mulai kesel. Wiji clingak-clinguk nggoleki bojone. Mau ditinggal nang kene, saiki kok ora ono.

“Gusti, iku mau lak nang pasar sih.”

Diman sing mau gletakan mari teka omah jebul keturon. Didelok jam wes nang angka loro. Kate diparani paling yo bojone wes nang dalan mulih. Akhire wong lanang iku ngenteni nang omah, timbang tlisipan. Wiji sing kesel ngenteni bojone kate ngajak mulih anake ning wedi lek bojone mbalik trus nggoleki, akhire milih ngenteni. Ning sing dienteni ora teka-teka. Tomin wes ngrengik ae, ngajak mulih. Akhire wong wedok iku numpak bemo, mulih.

“Mak, sori, lali aku mau.”

Teka omah, Wiji dipapak bojone nang ngarep lawang. Wong wedok iku meneng ae, ora nyauri. Tomin nang gendongane ngenakno makan roti lek nukokno emake. Diman nyandak anake.

“Kene karo Pak’e…”

Sesorean Wiji meneng ae. Ben bojone ngajak omong ora disauri. Wong wedok lek wes mbedodok atine akeh-akeh mung meneng. Nang kamar wong wedok iku mau mbrebes, ning ndang dilapi luh e.

“Kene adus karo Pak’e.”

Dinengno bojone, Diman nyedeki anake. Arek lanang iku diadusi, dijak tuku sate trus didulang.

“Mak, mangan sik. Wes tak tukoko sate kae.”

Bengi Wiji sik meneng ae. Wong wedok sing biasane luwean iku ora gelem mangan. Tomin wes merem, turu. Wiji yo merem, masio ora turu.

“Sik lara ta atine?”

Diman sing melu mapan ngajak ngomong maneh. Anake sing biasane turu nang tengah diingirno. Ning Wiji sik ora gelem dijak omong. Wong wedok iku epok-epok turu.

“Sepurane, aku lali temen. Mau tak tinggal nontok bakul loak, malah lali.”

“Mak, ojo meneng ae ta lah…”

“Mene tak tukokno sego padang. Opo kutang? Sak njalukmu wes…”

Wiji sik ora semaur. Diman ambekan dawa.

“Ngerti gak opo’o aku sampek lali? Soale koen iku wes nang njero atiku, nang ndi-ndi tak gawa. Dadi masio aku mulih mau rumangsaku yo wes karo awakmu…”

Diman mulai ngrayu.

“Lek koen gak ketok ngunu kae, lunga, aku gak tau nggoleki soale nang mataku iki yo mung onok rupamu…”

“Meneng. Aku kate turu,” akhire Wiji gelem ngomong.

Diman mesem. Lumayan wes ono suwarane, batine.

“Mangan sik, ngko kuru lho.”

Wiji narik selimut. Raine ditutupi. Diman akhire meneng. Sing penting wes gelem ngomong. Kesel, Diman akhire turu. Wiji sing wetenge kosong mergo lara atine ora iso turu. Jam sepuluh wong wedok iku tangi.

“Mak…”

Diman sing nglilir, ndelok bojone ora ono nang sandinge langsung tangi. Wong lanang iku wedi lek bojone sing nesu iku mau ono opo-opo.

“Wouh nang kene, tak pikir minggat…” omonge Diman karo cengengesan.

Wiji sing keluwen, tibake tangi terus mangan sate lek nukokno bojone sore mau. Isin konangan bojone, eling kedadean mau awan, wong wedok iku mbrebes maneh.

“Gak…gak ngguyu, aku tak turu maneh. Diterusno lek mangan…” omonge Diman karo mlebu nang kamar maneh.

Nang njero kamar Diman ora mung mesem ning ngikik. Nang njaba Wiji nerusno mangan karo ngelap luh e. Mari mangan Wiji mapan turu maneh.

“Maaf ya,” omonge Diman karo ngrangkul bojone saka mburi.

Wiji ora nyauri. Wetenge wes wareg. Atine wes enak maneh.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s