Tangga


maling

“Koen gak pingin kerjo maneh ta, Ji?”

Wiji gedheg.

“Urip saiki butuhe akeh. Lek wong lanang thok sing kerjo yo gak nutut. Opo maneh lek mung serabutam.”

Awan iki Wiji didolani kancane sing yo tanggane. Sri, jenenge, rabi oleh mandor pabrik nggone kerjone biyen. Anake siji, wedok, umur meh limang taun.

“Aku sih gelem ae gak kerjo, kaya saiki, penting kabeh kebutuhan dicukupi.”

Wiji sik meneng, ora nyauri. Wong wedok iku nerusno lek dondom-dondom kathoke bojone.

“Wingi aku njaluk gelang, langsung ditukokno. Lagian wong lanang iku lek gak dijaluki duwite malah entek dingge sing gak genah. Ngge omben, main, iso-iso malah ngge maen wedokan.”

“Yo gak kabeh kaya ngunu,” Wiji akhire nyauri.

“Jare sopo? Bojomu kae lek nduwe duwit gurung mesti gak bakal kaya ngunu. Saking ae sik ngepres…”

Wiji ambekan dawa. Wong wedok iku wes apal modele kancane dadi ora perlu komentar opo-opo. Nang pabrik biyen Sri salah siji idola mergo ayu. Akeh wong pabrik sing ngesiri.

“Wong wedok wes omah-omah, nduwe anak, lek gak pinter ngramut awak ngko yo ditinggal. Makane aku paling gak seminggu pisan mesti nyalon. Daster elek ngunu wes tak buwak mbek aku.”

“Ngombe ta?” Wiji nawani kancane sing ora mandek lek ngomong iku.

“Gak.”

Sri ngadeg. Tangane kipas-kipas, sumuk.

“Winginane aku mari pasang AC. Gak kuwat aku karo panase. Tiara kae lek bengi yo nangis ae, sumuk.”

Lagek enak-enake ngomong, Tomin sing mau dolanan karo kancane mulih.

“Mak, maem,” omonge.

Wiji ngadeg. Kathok sing lagek didondomi diselehno. Wong wedok iku nang pawon, njupukno sego ngge anake.

“Regede klambine. Dolenan opo iku mau?” takone Sri nang Tomin.

Tomin cengengesan. Klambine lemah thok.

“Isuh sik tangane,” omonge Wiji nang anake.

Mari dijupukno mangan, Tomin nyenuk nang kursi. Mangan dhewe. Sego lawuh tempe karo jangan sop sing dikei mie. Lek lagek mangan ngunu lali dunya. Tomin ngenakno lek mangan, telap-telep.

“Balik sik aku, kate nang mal. Melu ta?”

“Gak,” saure Wiji.

“Lagek akeh diskonan. Sisan kate nukokno klambi Tiara. Kathok-kathok yo akeh lho. Pisan-pisan tuku nang mal, ojo nang pasar ae. Modele apik-apik. Bojoku lek tak tukokno mesti seneng.”

“Yo mene-mene ae.”

Sri mulih. Ditamoni sakjam mbuh opo ae sing wes dipamerno kancane iku. Ora kaget, kaet prawan modele yo kaya ngunu. Seneng barang apik, seneng pamer.

“Nang mal, Mak?” takone Tomin mari mangan.

“Lha kate ngemis ta?”

Tomin ngguyu.

“Maem ae enak yo, Mak?”

“Ho oh,” saure Wiji.

Bengi wayahe turu, Wiji eling omongane kancane. Kerjo maneh jelas ora oleh. Dheweke yo males balik nang pabrik. Omah ora ono sing ngurus, anak bojone malah kleleran. Glubak-glubuk wong wedok iku ora iso turu.

“Lapo?” takone Diman.

Wiji ora nyauri.

“Sampeyan bosen gak, Pak, urip kaya ngene?”

Ganti Diman sing meneng.

“Kaya ngene ki kaya opo?” takone ganti.

Wiji ora langsung nyauri.

“Lapo? Pingin tuku kutang maneh ta? Opo daster?”

Wiji sik meneng.

“Koen bosen ta?”

Wiji gedheg. Ora pisan pindo didolani Sri, kadang kepikiran, kerepe yo dijarno. Masio uripe Sri disawang luwih penak, ning Wiji ngerti bojone Sri kaya opo. Biyen jaman sik nang pabrik, bojone dudu mandor sing jujur. Saiki lek ndelok gaya uripe bojone, kerjoane yo sik ngunu ae, ora mungkin nyucuk.

“Mene tuku sate yo, Pak.”

“Pirang sunduk?”

“Limolas, ngko limo-limo.”

“Sate ayam opo wedhus?”

“Wedhus.”

“Gak popo ta? Ngko gak penak karo dulurmu?”

Wiji mecucu. Diman mesem.

“Mak, maem.”

Wiji nyawang anake sing turu nang sandinge. Matane sik merem. Lambene kenyot-kenyot. Nglindur. Lagek ae wong lanang wedok iku kate merem, saka njaba krungu suwara rame. Diman langsung tangi. Wiji ndredeg.

“Pak, onok maling.”

“Sik, nang kene ae.”

“Emoh, sampeyan ojo lunga.”

“Gak, nontok thok. Lawange kuncinen.”

“Emoh, ojo metu.”

Diman nyandak klambine. Suwara nang njaba selot banter. Ono sing celuk-celuk jenenge. Wiji lungguh, awake gemeter.

“Gak popo. Nang omah ae njaga anake, tak metu sediluk.”

Sesuk isuk wong-wong kampung rame rasan-rasan. Bojone Sri dicekel pulisi. Mandor pabrik iku tibake salah siji sing ndalangi ilangi barang-barang nang pabrike.

“Sido metu gak, jare pingin sate?”

Sore Diman kate ngajak anak bojone mangan nang njaba.

“Gak usah. Wes masak akeh iki mau. Mene-mene ae,” saure Wiji.

“Lha ngko anakmu nakokno.”

“Gak, iku areke lagek mangan. Paling mari ngene yo njaluk kelon.”

Diman nglebokno montore.

“Pak’e…” celuke Tomin karo pamer sendoke.

“Enak?” takone Diman.

Tomin manthuk.

 ***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s