Senden


loro

Lek biasane isuk-isuk Wiji umek karo pawon, resik-resik omah karo kumbahan, isuk iki wong wedok iku malah milih adus dhisik. Ora mung adus, Wiji yo salin klambi sing rada apik. Rambute sing dawa disisir, wedakan sithik, ngombe teh anget sing dicepakno dhewe terus mapan turu. Diman sing durung tangi, sik gletakan nang kasur kaget.

“Wou…aku kate kerjo, ngko bengi ae,” omonge nang bojone.

“Yo kerjo o kono,” saure Wiji karo slimutan.

Diman tangi. Wong lanang iku nyawang bojone sing merem nang sandinge. Anake wes ora ono. Arek cilik iku mesti wes sepedaan.

“Lapo koen iku?” takone Diman.

“Pak, sampeyan tukuo maem ae yo, sisan ngge anakmu. Kae ngko adusono sik.”

Diman nggulung sarunge. Anake sing lagek sepedaan nang ngarep omah diceluk.

“Uwes, gek mentas.”

“Cik, kocok-kocok iki.”

“Lek dikosoki kabeh entek ngko kulitmu. Pak’e selak budhal kerjo iki.”

Tomin sing lek adus mesti suwi mergo disambi dolanan ora gelem mentas. Akhire Diman nyandak anake, digrujuki terus digendong ngalih. Mari ngadusi anake, Diman tuku sego pecel nang tanggane. Karo sarapan, anake didulang sisan.

“Iki, wes wareg areke,” omonge Diman nang bojone sing sik mapan turu.

Wiji melek. Tomin sing dilungno bapake langsung ngrangkul emake.

“Dolenan kene ae, Mak’e ngantuk,” omonge Wiji.

“Wes tak tukokno pecel kae, mangan sik kono.”

“Yo, ngko ae.”

“Ditinggal gak popo?” takone Diman.

“Gak.”

Ora tenang ninggal bojone sing lagek lara, Diman ndang mulih. Nang omah bojone sik gletakan, ora nang kamar tapi nang ngarep tipi. Anake ora ketok. Diman ndelok sego pecel sing lek tuku mau isuk ora dientekno karo bojone.

“Nang njero kono, mumet ngko malahan lek ngge nontok tipi kaya ngunu.”

Dina iki awake Wiji krasa ora penak. Mangan aras-arasen. Wetenge sebah. Wong wedok iku masuk angin. Ora nyauri, Wiji langsung ngadek terus pindah nang njero kamar. Klambine wes salin.

“Wangi men,” omonge Diman ngambu bojone sing lewat ngarepe.

“Mari adus,” saure Wiji.

Lek wong lara kae biasane aras-arasen adus, Wiji suwalike. Dibelani nggodok banyu masio aras-arasen. Kudu resik, cek larane ndang mari.

“Anake nang ndi?” takone Diman.

“Omahe emak.”

“Pak, klambine ojo dikum. Teleh bak ae tapi ojo dikei banyu, mene tak umbahe.”

“Yo.”

Diman moro nang jeding. Bojone ora tau ninggal klambi reged. Ben isuk wong wedok iku mesti umbah-umbah. Wiji ora seneng ndelok regedan, opo maneh pating slengkrah. Ora dikongkon, Diman nyandak kumbahan terus umbah-umbah. Omahe sik resik, ora perlu disapu. Mari umbah-umbah wong lanang iku leren karo rokokan.

“Pak…”

“Opo?”

“Reneo.”

Diman mlebu kamar. Bojone sik slimutan brukut.

“Aduso.”

“Kate nang ndi?”

“Gak nang ndi-ndi. Aduso terus kancani nang kene.”

“Wes kroso ta?” takone Diman.

“Kroso opo?”

“Yo be’e wes nontok malaikat…”

Wiji mecucu.

“Ndang tho, Pak.”

Diman metu. Wong lanang iku langsung adus terus mbalik nang kamar.

“Klamben,” omonge Wiji.

“Lha lapo, ngene ae.”

Wiji mecucu maneh.

“Yo. Sing ndi? Kopyahan sisan gak?” takone Diman nggudo bojone.

Mari klamben Diman mapan nang sandinge bojone. Wiji mesem. Wong wedok sing awake durung penak iku ngrangkul lengene bojone.

“Cinta?” takone Diman.

“Biasa,” saure Wiji.

“Mosyok?”

Wiji mesem.

“Pak, sampeyan sayang aku?”

Sakjoke rabi, Wiji wes ora tau nakok perkara ngunu iku nang bojone.

“Kudu dijawab saiki?”

“Gak, mene ae lek wes lali.”

“Suwun yo, Pak. Mbuh opo’o kok awakku gak enak isuk mau, masuk angin paling.”

“Makane ojo mangap ae, lek lapo-lapo ki mingkem.”

“Enake, sopo sing mangap ae.”

Kaet pacaran Wiji yakin Diman wong lanang sing iso diandalno. Ora mung kerjo, Diman yo melu ngemong anake, gelem ewang-ewang kaya resik-resik omah. Wong lanang iku yo ora isinan, kerjo opo ae gelem sing penting ora rusuh-rusuh ka’ane wong liya utawa ngrepoti.

“Pak, sampeyan lapo sayang aku?”

“Jare sopo? Aku lho biasa.”

Wiji mecucu. Sikile mancal. Lek ngene iki eling jaman pacaran, ditakoni ngunu-ngunu iku.

“Soale koen enak ngge senden.”

“Cagak listrik kae yo enak ngge senden,” saure Wiji.

“Katosen lek kae.”

Wiji mesem. Ora penting opo saurane bojone. Ditunggoni kaya ngene ae Wiji wes seneng. Wong wedok iku masio durung enak awake tapi atine ayem. Batine, sesuk mesti wes enak maneh awake.

“Ojo, Pak, mikku!”

Tomin sing mari mulih saka omahe mbahe moro-moro mlebu kamar. Arek lanang iku langsung munggah nang kasur. Emake ditumpaki terus njaluk kelon. Diman cengengesan.

“Wou…anake sopo koen?” takone Diman nggudo, karo mundur, ngeweki anake nggon.

“Anake emak,” omonge karo ngambung pipine emake.

“Guduk, anake wedhus.”

“Ola! Anake emak!”

Sik jam pitu ning omahe Diman wes sepi. Wong telu iku merem kabeh, turu.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s