Daster


daster

Wong wedok, wes omah-omah, duwe anak cilik, meh mesti klambi andalane daster. Kaet tangi nganti turu iku-iku ae sing digawe. Dudu ora pingin klamben sing luwih apik, ning sing jenenge daster ancen serbaguna. Ngge turu penak, bahane lembut yo adem, longgar sisan. Dingge ngurus omah, masak, yo tepak, iso ngge serbet sisan lek pas butuh ngelap-elap. Opo maneh lek duwe anak cilik sing sik ngempeng, selot gampang. Klambi kebangsaan emak-emak pokoke.

Ngunu uga ngge Wiji. Masio jaman sik prawan seneng klamben sing manis, gonta-ganti ndelok kate lapo dhisik, bareng wes rabi, duwe anak, luwih kerep dasteran. Lek biyen durung ono Tomin sik seneng rok-rokan opo clonoan jeans, saiki arang. Kaos putih opo klambi sing wernone putih wes dipensiuno. Dudu ora ono alasan, anake sing sik cilik iku senengane lak nyekel opo ae, kadang sing reged terus nemplek nang emake.

“Ojo ditariki, suwek iki lho dastere mak’e,” omonge Wiji nang anake sing lagi ngempeng.

Masio wes umur telung taun, Tomin kadang sik njaluk empeng emake. Sing dikandani ora mandek malah ngguyu-ngguyu.

“Lek mimik meneng ae, ngko mbok cokot aku.”

Dikandani emake, Tomin malah kroncalan, ngejak guyon.

“Pak! Kate mbok apakno iku dasterku.”

Wiji sing ndelok bojone mlaku metu karo nggawa daster langsung mbengok.

“Ngge nyerbeti montor,” saure Diman.

“Nyerbeti? Iku lho sik tak gawe, guduk gombal.”

Diman nyawang daster nang tangane. Wes elek, ireng, gluprut oli montor.

“Lha ben dina yo wes tak ngge ngelapi montor kok. Wes elek ngene.”

“Pantes ae tak goleki kaet wingi gak temu. Mbok ngge lap ngunu dasterku,” omonge Wiji karo mecucu.

“Iki lho wes suwek lengene. Wingi tak jupuk saka jemuran.”

“Yo ditariki anakmu kok.”

“Klambi sak lemari kok sing dingge iku-iku ae,” omonge Diman lirih karo mlaku metu, marani montore nang njaba.

Klambi sak lemari ancen akeh ning sing iso digawe yo garek siji loro. Mari meteng, ngetokno Tomin, awake Wiji rada lemu. Durung maneh lek klamben apik ngko anake mesti geger, dipikire emake kate lunga. Eman-eman yoan, klambi resik-resik ngko kenek umbele anake.

“Kate nang ndi iku?” takone Diman sing lagek rokokan nang teras.

“Tuku sabun,” saure Wiji.

“Atek kaya ngunu iku? Salin kono.”

“Selak eruh anakmu, ngko njaluk melu mesti.”

Wiji wes siap-siap kate budhal maneh.

“Iku kelekmu ketok ngunu. Salin.”

“Lha kan modele ancen kaya ngene, gak suwek iki.”

Lek biasane diprotes bojone mergo dastere suwek, sore iki diprotes mergo daster rada mbuka.

“Semaput ngko Lik Rah mbok tukoni.”

Wiji mecucu. Daster sing digawe sore iki rada anyar, modele apik. Kapanane tuku nang tukang kredit sing biasane muter nang kampunge.

“Elek gak oleh, ayu yo gak oleh,” omonge karo mlebu maneh.

Diman sing krungu bojone ngomel mung mesem. Wong lanang iku nerusno lek rokokan.

“Juragan, kulo medal rumiyin, nggih?”

Wiji sik mau mlebu omah, metu maneh karo ndingkluk nang sandinge bojone.

“Nah, ngunu lak tepak sih. Yo kono, gek mulih, gak usah suwi-suwi,” omonge Diman karo macak juragan.

Wiji manthuk ning karo mecucu. Wong wedok iku mau mlebu tibake njupuk jaket. Sik kaet Wiji kate budhal tuku sabun, anake mbengoki.

“Mak melu!”

Wiji selot mecucu. Niate kate nilapno anake cek ora melu nang warung malah konangan.

“Kae, anake digawa sisan,” omonge Diman.

Tomin sing kaet saka omahe mbahe mlayu marani emake. Wiji nyandak tangane anake karo mlaku ngalih. Lambene mecucu. Wiji sakjane yo wes apal modele bojone, ning kadang saking kesusu pingin wat-wet ndang budhal. Ora mikir klambi opo pokok ora udo. Anake ditilapno pikire cek arek cilik iku ora njaluk jajan. Biasane lek melu nang warung ora ketang permen yo mesti nukokno, masio kadang yo dijarno nangis lek njaluk jajan.

Diman paling ora seneng lek bojone klamben sembrono. Dasteran ora popo ning ora oleh sing kakean ngetokno kulit. Dudu ora gelem ngejak Tomin, ning lek bojone lunga opo metu lan macak, wes adus, anake mesti kon nggawa. Jawane ngunu anake iku iso ngge satpam. Ngelingno lek wong wedok sing jenenge Wiji iku wes duwe buntut, Tomin.

“Huhuhu…umbas jajan, Mak, umbas…”

Mulih saka warung Tomin nangis nang gendongane emake.

“Lapo nangis?” takone Diman.

“Yo sampeyan iku, mau aku cepet-cepet cek gak konangan anakmu malah ndadak kon salin. Saiki areke nangis njaluk jajan.”

Diman njupuk Tomin saka gendongane bojone. Arek cilik iku sik ndleweran. Ora cethil, ning Wiji ora seneng anake njajan plastikan. Pisan pindo yo ditukokno ning wong wedok iku ora gelem anake kebiasaan.

“Maem ya? Mak’e wes masak kae, enak,” omonge Diman nang anake.

“Umbas jajan…”

“Maem ae enak. Tak dulang ya?”

Masio sik gelo, Tomin akhire gelem. Opo maneh ndelok emake masak iwak pithik goreng.

“Mak, budhal sik.”

Isuk Diman pamit nang bojone budhal kerjo. Anake lagek sepedaan nang mburi omah. Ben dina umbah-umbah, kumbahane Wiji pancet akeh ae. Duwe anak cilik sing lagek seneng-senenge dolanan, klambi sedina iso ganti ping piro ae.

“Min, mak’e kate nang pasar, melu gak?”

“Melu.”

Lali lek brambange entek, Wiji sik mau wes masak sego kudu budhal nang pasar. Sakjane tangga sebelah yo ono sing duwe warung, ning wong wedok iku eling lek akeh sing entek, sisan nang pasar sing luwih murah.

“Saknoe rek, anake lucu ngene.”

Wiji sing lagek nggendong Tomin, nunggu nang ngarep warung sing durung buka kaget dilungi duwit sewuan karo arek wedok mbuh sapa. Arek wedok sing ora dikenal iku mesakno ndelok Wiji karo Tomin. Dipikire Wiji lagek ngemis. Mari ngelungno duwit, arek wedok sing ketoke kate budhal kerjo iku nyegat bemo.

“Uwik, Mak,” omonge Tomin nang emake.

Wiji sik plonga-plongo.

 ***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s