Elek


sepeda

“Pak’e…”

Tomin sing biasane tangi langsung sepedaan, isuk iki nyedek-nyedek bapake sing lagek dandan-dandan montor.

“Opo?”

Tomin mecucu. Arek lanang iku njaluk pangku bapake.

“Pak’e reged iki, oli thok.”

Masio reged, Diman akhire mangku anake.

“Lapo?” takone.

“Tumbas cepeda neh.”

“Lha kae wes duwe. Lapo akeh-akeh?”

Tomin selot mecucu.

“Kono sepedaan sik, Pak’e tak nerusno iki.”

“Cepedane elek.”

Diman kaet dong. Wingi pas anake njaluk sepeda langsung ditukokno ning ora anyar. Diman moro nang pasar sepeda bekas. Diman ngerti anake mesti pingin sing werna-werni kaya takane kancane. Wingi-wingi anake ora protes, paling merga ono sing ngomongno.

“Elek yok opo? Rodane telu, akeh. Iku ragangane wesi, guduk plastik dadi awet, kuat.”

“Ileng,” omonge Tomin karo sik mecucu nang pangkune bapake.

Diman ngambung pipine anake.

“Sakno lho sepedae lek gak ditumpaki. Apik ngunu diomong elek, lek nangis yok opo iku ngko.”

Tomin nyawang sepedae. Nang matane anake, sepedae iku lagi sedih soale dheweke ora gelem ngajak dolanan.

“Sepeda kudu disayang, diramut. Sakno wes elek gak onok sing ngejak dolenan.”

Tomin selot sedih.

“Kaya Mak’e?”

“Ho oh. Lek gak tak kanca sakno Mak’e kae. Justru sing elek kudu disayang, dijak dolenan.”

Tomin nyawang sepedae maneh.

“Dilap kaya montore Pak’e iki, ngko lak resik…”

“Didusi?”

“Ho oh. Ngko tak tumbasno cat, cek cerah warnane.”

Matane Tomin langsung mblalak, seneng.

“Cek gak elek kaya Mak’e?”

“Ho oh.”

“Mak’e ngko dicat?”

“Ho oh, dilabur ngko Mak’e.”

Wiji sing krungu omongane anak karo bojone watuk-watuk. Kurang ajar batine. Ning wong wedok iku meneng ae. Tomin gelem ngalih saka pangkune bapake. Arek lanang iku mlayu marani sepedae terus digawa nyedek bapake. Diman ngelungno serbet. Anak karo bapak iku saiki umek karo sepedae dhewe-dhewe.

“Mak, melu…”

Wiji ora kaya biasane, isuk-isuk wes adus resik.

“Emoh. Sampeyan karo Pak’e ae,” saure karo kate mlaku metu.

“Kate nang ndi?” ganti Diman sing takok.

“Nang pinggir embong, sopo ngerti ngko ono sing gelem nemu.”

Wiji nyandak tas sing biasane digawa blanja nang pasar.

“Atu melu!”

“Gak usah. Mak’e elek. Sampeyan nang omah ae, karo Pak’e. Mak’e kate lunga.”

Kate ditinggal emake, Tomin langsung mlayu marani emake karo nangis. Arek cilik iku nyekeli pupune emake.

“Melu Mak’e…melu Mak’e!”

Tomin kroncalan. Arek lanang iku nangis banter. Diman sing mau meneng melu ngadek. Wiji nyandak anake.

“Jare emake elek?”

“Hu…hu…hu, melu Mak’e…”

“Mak’e ayu opo elek?”

“Huhu…ayu…”

“Sopo sing elek?” takone Wiji maneh.

“Pak’e…”

Wiji mesem. Diman mung ngukuri gundule. Wiji sing mau krungu omongane anak karo bojone niat kate nggudoni anake. Jebul areke nangis temenan.

“Pak’e diijolno sate ae ya?”

“Ho oh.”

Tomin wes rada meneng. Arek lanang iku nemplok nang gendongane emake. Wiji nggawa anake mlebu maneh.

“Mandi ya?”

Tomin manthuk. Wiji nggawa anake nang jeding. Pas nglewati bojone wong wedok iku nyebek, ngece. Diman mesem.

***

2 thoughts on “Elek

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s