Ngrantau


es

“Mak, aku tak melu nang Jakarta ya? Njajal sesasi rong sasi. Jare gajine lumayan. Mumpung Tomin sik cilik, ngge celengan.”

Bengi iki Diman taren nang bojone kate melu kanca-kancane kerjo nang Jakarta. Dadi tukang kayu kerjoan ora iso dijagakno. Kadang ono kadang yo ora. Diman pingin mbalik kerjo nang pabrik kaya jaman biyen durung rabi.

“Mak…”
“Sembarang. Biyen jaremu emoh nang pabrik mergo cek iso ngatur wektu, gak sedinoan lek kerjo. Iso duwe wektu ngge anak bojo.”
“Iyo. Mikire yo ngunu. Tapi ngerti dewe duwite gak iso dijagakno. Saiki anakmu sik cilik, ngko lek wes mlebu sekolah kan selot akeh butuhe.”
“Lha aku melu kerjo gak oleh.”
“Gak. Lek kabeh kerjo trus sing ngurus Tomin sopo.”

Wiji meneng. Wong wedok iku nerusno lek lempit-lempit klambi. Anake wes merem kaet mau. Diman ngletak nang sandinge anake. Diambungi pipine Tomin nganti arek cilik iku obah-obah.

“Awakmu mulih sik ae, nang kampung. Timbang dewe nang kene,” omonge Diman.
“Lha trus emak yok opo? Wong emak yo dewe nang kene. Gak, aku nang kene ae.”

Emake Diman sing wes randa urip dewe ora adoh saka omahe Wiji Diman.

“Kan onok Mas Jun.”
“Koyok emak gelem ae karo Mas Jun. Gak, aku nang kene ae, gpp.”

Diman karo kanca-kancane budal nang Jakarta numpak sepur. Nang Jakarta wong lanang iku nginep nang mess. Ora sido melu nang pabrik, Diman milih nang kerjo nang proyek dadi iso mulih lek proyeke mari.

“Man, kene nyangkruk sik, ngopi-ngopi sik.”
“Gak, wes ngantuk.”

Kerjo nang proyek masio kesel ning ngge hiburan wong-wong ora langsung leren turu malah nyangkruk nang warung. Ono sing mung ngopi karo rokokan, ono sing dolanan kertu. Ono ugo sing ndangdutan, karaokean karo pengamen sing biasa moro ben malem minggu. Bengi iki malam minggu, Diman sing durung iso turu melu nyangkruk nang warung.

“Man, ketoke Ayu seneng koen. Kaet mau nglirik ae.”

Diman meneng ae, nerusno lek makan.

“Mbok ojo kaya ngunu, ojo sombong-sombong. Diesemi sithik lak enak sih.”
“Opo sih?”
“Iku lho, Ayu, ponakane sing duwe warung. Lek koen mangan lak mesti lirik-lirik trus mesem, seneng iku areke.”
“Trus kon ngapakno?”
“Man…man, koen iku dadi uwong kok lurus men. Golek duwit ki abot, nyenengno awak sithik lak gak popo sih. Penting gak lali anak bojo. Ngge seneng-seneng thok ae.”

Diman nyruput kopine. Disawang Ayu sing jarene kancane ngesiri Diman iku. Sing disawang ndilalah pas nyawang, langsung mesem isin.

“Nah kan, tontok kae. Ojo gawe gelo anake uwong. Dijak mlaku-mlaku ae lak wes seneng.”

Diman nyawang Ayu maneh, arek wedok sing disawang mesem maneh.

“Es! Es! Es’e adem, Es!”

Arek lanang cilik umur nem taunan nggawa termos es karo mlaku turut pinggir embong. Kaose sing kegeden teles kringet. Topi sekolahe miring, nutupi separo raine sing abang kepanasen.

“Es! Es!”
“Dek, Es!”

Ayu nyeluk arek bakul es iku. Arek wedok iku nggeret tangane Diman.

“Loro, dek.”

Arek cilik iku mbuka termos es trus ngetokno es lilin loro.

“Tomin?”

Bakul es sing lagek nutup termose nyawang Diman. Ayu melu nyawang Diman.

“Koen Tomin kan?” takone Diman.

Arek bakul es manthuk.

“Kenal?” takone Ayu nang Diman.

Arek sing diceluk Tomin iku ngadek, kate nawakno dagangane maneh.

“Min…”

Diman sik ketenggengen ndelok Tomin. Meh telung taun wong lanang iku ora mulih, jebul anake saiki wes gedhe. Diman ora nyangka bakal ketemu Tomin nang Jakarta. Anak sing ditinggal karo bojone biyen saiki wes gedhe.

“Min, iki pak’e….”

Tomin sing ora rumangsa kenal meneng ae. Arek lanang iku ngalih karo nggawa termose.

“Min!” celuke Diman banter.

Ayu bingung. Diman sik bengok-bengok nyeluki anake.

“Min!!!!”
“Man! Tangi, Man!”

Diman melek. Awake kebles kringet. Ambekane ngos-ngosan. Wong lanang itu tibake ngipi.

“Koen kangen anakmu.”

Ora nunggu proyek mari, Diman pamit mulih nang mandore. Telung minggu ora ketemu anak bojone rasane kaya telung taun.

“Pak’e!”

Tomin mlayu marani bapake sing kaet ae mlebu omah. Diman nyandak anake, digendong trus diambungi. Wiji sing mau lagek ndulang anake meneng ae nang kursi.

“Wes maem?” takone Diman nang anake.

Tomin manthuk.

“Pinter.”

Tomin mesem. Telung minggu arek lanang iku ora ketemu bapake. Awake selot gedhe. Ngomonge yo selot pinter. Bengi iki Tomin turu karo digendong bapake.

“Mak…”
“Opo?”
“Nesu ta kok meneng ae?”
“Gak.”
“Kok meneng ae. Gak seneng aku ta mulih?”
“Seneng.”

Diman neleh anake nang kasur.

“Ngomongo.”
“Gak. Sampeyan ae.”

Diman lungguh, njejeri bojone sing lungguh nang pinggir kasur. Wiji ngadek, kate ngalih.

“Kate nang ndi?”
“Umbah-umbah.”
“Bojone mulih mosok ditinggal umbah-umbah. Gak kangen ta?”

Wiji meneng ae. Lek ngene iki timbang trus malih ndangdut alias sendu-senduan, Wiji milih ngalih. Diman sing wes paham modele bojone akhire meneng. Wong lanang iku mapan, ngeloni anake.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s