Senam Kesehatan Jiwa


 wiji

“Mak’e cemangat.”

“Doyang telus!”

Jum’at sore wayahe Wiji karo ibu-ibu kampung senam aerobik. Cek sename enak, ora diganggu wong sing iseng, ibu-ibu milih balai RT. Masio ora patio amba ning cukup. Lawange ditutup, sing ora senam ora oleh melu mlebu kejawa arek cilik, anake ibu-ibu sing senam, kaya Tomin.

“Meneng, kono ndok mburi ae.”

Tomin nggoyang-nggoyangno bokonge. Arek cilik iku megal-megol nirukno ibu-ibu sing senam. Lek arek cilik liyane manut, gelem dikongkon nang mburi, Tomin seje. Arek lanang iku nang ngarep dhewe, njejeri instrukture.

“Pak, Tomin jak’en,” omonge Wiji.

“Lha lapo?”

“Arek iku ngrusuhi. Ya, Pak?”

“Ngrusuhi yok opo?”

Kamis bengi Wiji njaluk bojone njaga anake sesuk cek ora melu senam.

“Lha anakmu ki gak gelem meneng, mesti berok-berok nyeluki. Gurung maneh senengane ndok ngarep, njejeri instrukture.”

“Apik tho, malah sehat areke.”

“Apik opo, yo buyar kabeh. Ibu-ibu podho ngguyu trus gak konsen senam nontok anakmu. Yo Pak yo, wong seminggu pisan ae lho.”

Diman nyruput kopine.

“Pak…”

“Sik, tak mikir.”

“Halah, atek mikir barang. Wong ben dina ya karo aku, pisan ae kate senam sik gak oleh…”

“Upahe opo?”

 Wiji meneng.

 “Yo kudu diupahi, nyekel anakmu kae ki butuh kuat awak karo mental.”

 “Njaluk opo?”

 Diman mesem.

“Mene tak kandani.”

“Saiki ae.”

“Saiki sik gurung pingin, tak mikir sik njaluk opo.”

Wiji mlengos ning yo seneng. Bojone gelem ngemong anake dadi sesuk wong wedok iku ora perlu nggawa anake senam. Sakjane ngunu yo ora popo dijak ning dheweke sungkan karo ibu-ibu liyane. Wong senam yo urunan, diniati pingin padha langsing lek ora temenan mergo polahe anake kan ora penak.

“Pak’e iku opo?”

Tomin Jum’at sore dijak bapake mubeng-mubeng numpak montor. Arek lanang iku embuh wes takok opo ae. Kabeh-kabeh sing dieruhi nang embong ditakokno. Kesel mubeng, kesel nyauri anake, Diman milih mulih. Ora nang omah, ning mampir nang warung kopi cedek omah.

“Gedang, Pak.”

Diman njupuk gedang, dionceki kulite trus dikekno anake. Nang warung kopi wong-wong lanang lagek padha kumpul. Ngombe, guyon karo main catur. Ora lanang, ora wedok, lek lagek kumpul iso ngobrol ngalor ngidul.

Nang omah Wiji sing wes mulih senam budhal adus. Wong wedok iku seneng. Mari nyepakno panganan ngge anak bojone, Wiji nonton tipi. Ora let suwi anak bojone teka.

“Seneng?” takone Diman nang bojone.

Wiji mesem.

“Ngko pijeti aku.”

“Ho oh.”

Tomin wes mari mangan. Arek cilik iku siap-siap kate turu. Matane wes garek rong watt.

“Susune dientekno, gek bobok,” omonge Wiji.

Tomin sing kesel mari mubeng-mubeng karo bapake nyandak gelas susune, digawa nyedek nang emake sing glesotan nang ngarep tipi. Wes ngantuk, arek sing wes lancar mlakune iku kesandung kasur ngarep tipi. Gelas susu kutah, ngenei kasur.

“Ancuk!”

Wiji kaget anake tiba, luwih kaget maneh krungu anake misuh. Tomin mecucu. Ora mung ngenei kasur, susu sing kutah ngenei klambine. Wiji nyandak anake, diresiki trus disalini klambine. Ora suwi Tomin wes merem.

“Mbok jak dolen nang ndi anakmu, Pak?”

“Warung Lik Man.”

“Nirukno sopo iku mau?”

Diman ora nyauri. Jenenge nang warung, omongane yo ngunu iku.

“Pijeti,” omonge Diman karo mapan turu.

“Gah.”

“Wingi wes janji ngunu.”

“Salahe sampeyan. Kon ngemong anake sediluk ae wes pinter misuh ngunu.”

“Wou…lha iku mau krungu arek-arek kok, aku lho gak ngomong ngunu.”

Wiji mapan turu. Pingine iso senam ora diganggu anake, malah dadi ora tenang.

“Pijeti”…

“Emoh. Kerjo gak tepak kok njaluk upah.”

“Yo wes mene gantian, aku sing senam koen sing ngemong.”

“Enak men, aku ben dina yo wes ngemong kok.”

“Melu senam kok sik nesuan, gak sehat,” omonge Diman.

“Bahno.”

“Langsing gak, selot akeh mangan iyo.”

“Bahno.”

Mangkel diilok-ilokno bojone, Wiji nyandak lengene bojone. Ngerti kate dicakot, Diman narik lengene trus nyekeli tangane bojone. Lambene Wiji sing maju, siap nyathek, disurung karo tangan sijine. Wong loro iku akhire gelutan dhewe.

Smack down sisan sampeyan ngko.”

“Yo ayo lek kuat.”

“Kuatlah, kuru ngunu sampeyan.”

“Arek lemu.”

“Bahno.”

“Mangane akeh.”

“Bahno!”

Ora mung piting-pitingan, wong loro iku kaya arek cilik, ilok-ilokan.

“Jancuk!”

 Mangkel diilok-ilokno lemu karo bojone, wes kesel lek gelutan, Wiji akhire misuh.

 “Wou…yo koen iku sing ditiru anakmu. Ngunu aku sing diarani.”

“Gak.”

 “Njaluk dicakot iku lambene. Kene.”

Diman nyandak raine bojone, Wiji njejek-njejek. Bapak emake umek ae, Tomin sing mau wes merem tangi trus ngrengik.

“Uwes, tangi kae anakmu,” omonge Wiji.

Diman ngeculno bojone. Wiji ngabuk-abuk anake cek merem maneh. Ora suwi wong telu iku teler kabeh, turu.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s