Ingon-ingon


tomin

“Mak’e onok meong elek!”

 Meong…meong…

“Mak’e atu dibulu meong…”

Wiji sing lagek masak nang pawon marani anake sing bengak-bengok ae. Nang ruang tengah, Tomin nyekel sapu karo nggusah kucing cilik sing nyedeki sikile.

“Hush…hush…lungo tono…” omonge Tomin.

“Ojo, sakno,” omonge Wiji.

“Atu dicokot, Mak.”

“Gak, iku kate ngendusi sikilmu thok.”

Wiji nyedeki kucing cilik sing ketok buluk iku. Ulune akeh sing brodol, awake kuru. Kucing cilik iku digendong terus dipakani.

“Cucuku…” omonge Tomin pas ndelok emake ngewei susu ngge kucing.

“Nyuwun sithik, sakno kucinge luwe.”

Tomin sing mau rada wedi, saiki gelem lungguh nyedeki kucing.

“Mak, cucune entek.”

“Yo, jarno ae. Didusi ae mari ngene, tak marekno lek masak sik.”

Tomin ndeprok. Arek cilik iku nyawangi kucing sing ketok luwih seger mari ngombe susu. Mari masak, ndulang anake, Wiji  ngadusi kucing.

“Dicabun, Mak.”

“Gak usah. Uwes ojo akeh-akeh banyune, kademen ngko.”

Sakjoke diopeni nang omah, kucing sing kapan kae neka nang omah selot lemu. Ulune selot kandel yo resik. Matane wes ora beleken. Resik, kaya kucing-kucing omahan. Isuk nganti bengi Tomin dolanan terus karo kucinge. Kadang digendongi, kadang dijaraki atek biting sing pucuke dikei kertas.

“Isuh sik tangane lek kate maem,” omonge Wiji.

“Tucinge gak isuh.”

“Lha sampeyan kucing opo Tomin?”

“Omin.”

Kucing sing dijenengi Meong iku selot suwi tingkahe nggemesno. Ora mung Tomin karo Wiji, Diman sing sak durunge ora patio seneng saiki kerep mesem lek ndelok polahe Meong dolanan karo anake.

“Mak, aku tuku senar yo.”

“Yo tukuo.”

Diman mesem. Masio sing kerjo, sing golek duwit, Diman lek kate tuku opo-opo biasa taren nang bojone. Senar pancinge pedot. Sesuk mari kerjo wong lanang iku kate tuku senar terus bablas mancing.

“Mak’e!”

Isuk-isuk, kaet tangi, Wiji kaget krungu suwarane anake.

“Lapo?”

“Meong mati…hu…hu…hu.”

Wiji nyedeki anake sing lungguh nang sandinge Meong sing kaku. Dieling-eling sewengi Meong mangan opo. Mau bengi sik sehat, kaya biasane, tibake isuk-isuk Meong wes kaku njekengkeng, mati.

“Pak…Pak’e…” Wiji nyeluki bojone.

Tomin ora mandeg lek nangis. Diman sing wes tangi, ngubur Meong nang mburi omah. Wiji nggendong anake.

“Meong, Mak…”

Sedinaan Tomin ora mandeg lek nangis. Diman sing kate budhal kerjo akhire melu ngeneng-ngeneng anake.

“Sik, Pak, cekelen anakmu.”

Diman ganti nggendong anake. Pipine Tomin sing nyempluk teles karo luh.

“Ojo ditangisi ae, ngko Meong melu sedih,” omonge Diman nang anake.

Wong lanang iku ora sido budhal kerjo. Enake kerjo dhewe yo kaya ngene, iso diatur. Ngko rada awan lek anake wes anteng, wes iso dicekel bojone lagek ditinggal.

“Mak’e…” kesel nyeluki kucinge, Tomin ganti nggoleki emake.

Diman clingak-clinguk nggoleki bojone.

“Sik,” bengoke Wiji saka pawon.

“Nontok tipi ya?” omonge Diman nang anake, “Karo tak keloni.”

Tomin gedhek.

“Meong…”

Sik ae Tomin eling kucinge.

“Ayo maem dhisik,” omonge Wiji karo nyekel piring saka pawon.

Diman karo Tomin nyawangi. Wiji ngetokno panganan akeh. Tibake wong wedok iku mau mlayu nang pasar terus masak akeh.

“Nuk kene. Maem dhewe opo dulang?” takone Wiji nang anake.

Diman neleh anake nang kursi terus melu lungguh nang sandinge.

“Mak, sopo sing ulang tahun?” takone.

Wiji nyawang bojone, terus nglirik anake. Diman kaet dong. Dingge nyenengno anake sing lara ati ditinggal mati kucinge, Wiji masak akeh. Ora mung masak, wong wedok iku yo nggawe jajan. Matane Tomin cilik sing mau luh thok, saiki bingung nyawangi panganan sak munu akehe.

“Ayam goreng, Mak.”

“Ho oh.”

Wiji ngelungno pupune pithik sing digoreng kaya sing biasa didol kae, kriuk-kriuk. Mari ngentekno pupu siji, Tomin ganti njaluk puding.

“Enak?”

Tomin manthuk. Diman mrenges ndelok anake ngenakno mangan. Wong lanang iku melu mangan.

“Mak, ayame neh.”

“Ho oh.”

Tomin mesem. Wiji melu mesem. Diman kewaregen. Ora mung mergo mari mangan, ning ndelok anak bojone mangan, wong lanang iku melu wareg. Lek basane wong-wong kae, Wiji karo Tomin ki semego, nyenengno lek lagi mangan.

“Mak, ngerti duwitku?” takone Diman sing mari mangan mbuka lemari, kate tuku senar.

Diman metu. Ndelok bojone bingung, Wiji malah mesem.

“Mene ae yo, Pak, sakiki sing penting anake meneng dhisik,” omonge Wiji karo sik mesem.

“Duwite…?”

“Ho oh.”

Dingge ngeneng-ngeneng anake, Wiji budhal nang pasar tuku pithik karo bahan ngge gawe jajane anake sing meh entek iku. Ora cukup, duwite bojone sing kate dingge tuku senar dijupuk.

“Oalah, kalah karo ingon-ingon, rek,” omonge Diman.

Tomin sik ngenakno panganane. Wiji mesem ndelok bojone sing mung iso ngukuri gundule.

***

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s