Potong Rambut


wiji oye

Wiji mesam-mesem. Arek wedok iku embuh wes pirang menit nang ngarepe kaca. Lambene ora mari lek mesem, nyawang raine.

“Ngene lak seger,” omonge dhewe.

Lambene ndremimil, nyanyi alon. Diluk maneh Diman teka. Arek wedok iku wes ora kanten.

“Lumayan,” omonge maneh.

Ora let suwi, Wiji diceluk kancane. Diman wes teka. Arek wedok iku langsung mlaku metu. Ora pisan ketemu, ning Wiji krasa isin. Meh ae arek wedok iku mbalik nang kamar. Diman wes lungguh nang nggon biasane. Ndelok Wiji, arek lanang iku meneng ae. Wiji sing mau isin akhire biasa ning atine rada ngganjel.

Mari mangan, nyeluk bakul sate sing liwat, Diman pamit mulih.

“Sik yahmene,” omonge Wiji karo rada mecucu.

“Kate turu,” saure Diman.

“Emoh.”

“Sing turu aku kok koen sing emoh. Yo doleno kono lek gurung pingin turu.”

Krungu sauran sing rada dawa lan ora penak, Wiji langsung mecucu.

“Sampeyan nesu?”

“Gak.”

“Mesti nesu.”

“Lha sing nesu koen opo aku, kok mekso.”

Wiji selot maju maneh lambene. Diman sing kate ngalih ditarik tangane, ora oleh.

“Emoh mulih.”

Jawane ngunu Diman ora oleh mulih. Wiji ngrasa lek pacare iku lagi nesu. Masio wes biasa ora akeh omong, ning Wiji wes apal bedane meneng nesu karo meneng ora enak. Diman lungguh maneh. Wong lanang iku ngetokno rokoke.

“Sampeyan nesu aku potong rambut?”

“Gak.”

“Mbujuk. Mesti nesu.”

Diman ora nyauri.

“Seger. Wes bosen rambut dawa.”

“Yo wes lho, wong yo wes dipotong.”

“Tapi sampeyan nggak seneng.”

“Koen seneng kan?”

Wiji manthuk.

“Yo wes.”

Wiji meneng. Temenan kan, Diman meneng mergo ora seneng rambute dipotong. Sore mau mulih kerjo, Wiji mampir nang salon, potong rambut. Rambute sing biasane dawa dipotong cendek, potong lanang. Wes suwi pingin potong kaya ngunu, kaet wani iku mau.

“Lek gak seneng ki ngomong ae.”

“Trus lek wes ngomong koen kate lapo?”

“Yo kan aku ngerti.”

“Lha iku yo wes ngerti.”

Wiji ndingkluk. Rasane matane pedes, pingin nangis. Kaet mau ngaca, macak ayu, pikire cek Diman seneng, tibake malah kaya ngene.

“Mene lek potong ojo endek-endek, eman. Rambutmu ki apik.”

Diomong ngunu, Wiji malah selot pingin nangis. Gelo.

“Aku ki pacaran karo arek wedok, lek koen kaya ngunu ngko dipikire aku homo.”

Sing atine kadung lara, diguyoni ora malah seneng malah mbrebes. Diman sing ora iso ndelok wong nangis, maleh rumangsa ora penak.

“Yo gak popo, mene lak dawa maneh.”

Wiji sik mbrebes. Diman neleh rokoke. Saiki arek lanang iku sing bingung dhewe. Masio ora tau ngomong, Diman seneng nyawang rambute Wiji. Rambute dawa, ireng, yo alus. Durung lek mari keramas ngunu kae, ambune wangi.

“Maem maneh ta?” takone Diman.

Wiji gedhek.

“Mene nontok pilem ta?”

Wiji gedhek maneh. Arek wedok iku ngusap eluhe. Diman ngukuri gundule.

“Onok ludruk lho nang THR. Mrono ta?”

Wiji gedhek. Lek wes ngene, Diman sing bingung. Biasa ora akeh omong ning lek dibales meneng arek lanang iku yo mbingungi.

“Ambung?”

“Emoh,” saure Wiji.

“Ho oh?” Diman maju.

“Emoh!” Wiji mbaleni maneh.

“Ouh, krunguku mau ho oh he…he…he…” Diman cengengesan dhewe.

Kudune aku sing nesu, malah aku sing kudu ngrayu, batine Diman.

“Gusti!” Diman sing mari cengengesan mbengok banter karo sikile mlumpat, diunggahno nang duwur kursi. Wiji sing nang sandinge melu njumbul karo bingung.

“Lapo?” takone.

“Iku mau kaya onok sing ndemok sikilku…”

“Opo?” takone Wiji keweden.

“Embuh, alus ngunu.”

Wiji mrinding. Arek wedok iku melu-melu ngangkat sikile nang duwur kursi.

“Ojo-ojo iku mau…”

“Akhhh…emoh!”

Wiji sing mau wes mari nangis, raine mbrabak maneh. Arek wedok sing gilo karo ulo iku mbayangno lek ono ulo nang ngisore. Diman clingukan, ndeloki ngisor mejo. Ancen teras kosane Wiji rada peteng, sebelahe ono uwit gedhe.

“Emoh.”

Diman ngongkon Wiji mudun, ning arek wedok iku sik keweden.

“Gak. Lewat thok iku paling mau. Wes gak onok,” omonge Diman.

Saiki ganti Wiji sing clingukan. Alon-alon, arek wedok iku muduno sikile. Tangane nggondeli lengene Diman. Nang njero ati Diman mesem.

“Mulih sik ya. Cendelo karo lawange ojo lali dikunci,” omonge Diman.

“Emoh.”

Lek mau ora oleh mulih mergo mikire Diman nesu, saiki mergo sik keweden.

“Lha wes bengi.”

Wiji gedhek.

“Tak kancani turu ta?”

Wiji nyawang Diman. Diman mesam-mesem.

“Mulih kono,” omonge Wiji karo mlayu mlebu.

Diman sing ditinggal ngukuri gundule karo mesam-mesem.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s