Blajar Numpak Montor


“Gak pingin blajar numpak montor ta?”

“Lapo? Sampeyan wes bosen ta ngeter-ngeterno aku?”

Diman karo Wiji kaet mulih saka acara kawinan tanggane nang gedung. Ora ujug-ujug lek Diman takok nang bojone perkara blajar numpak montor. Sing jenenge Wiji, kaet jaman sepur lempung nganti saiki paling anti lek kon nyetiri montor. Penggaweane nggandol nang mburi alias dadi penumpang.

“Yo gak. Sopo ngerti mene-mene butuh lunga tapi gak onok sing iso ngeterno.”

“Yo numpak bemo, bis yo akeh.”

Lek wes ngunu saurane, mending ditinggal turu. Wiji dhewe dudu ora pingin, asline ngunu wedi. Ojo’o kon nang ngarep, nyetiri, dibonceng ae lek disalip montor liya sing luwih gedhe atine wes tratapan.

“Gak numpak montor, Pak?”

“Gak, mlaku ae.”

“Nggarap takane sopo?”

“Kursine Lik Saiman.”

Wiji manthuk-manthuk. Mari bojone budhal, wong wedok iku nerusno penggaweane ngresiki omah. Anake, Tomin, dolan nang omahe Mbahe. Cedhek omahe Wiji ono lapangan sing rada amba. Biasane arek-arek cilik lek sore padha bal-balan nang kono. Enake urip nang kampung, sik ono lemah karo ijo-ijoan. Masio ora patio amba, mergo wes diemploki ngge perumahan karo mal-mal, ning sik iso ngge dolanan arek-arek.

“Lik! Lik! Mak’e Tomin tabrakan!”

Diman sing lagek ae kate leren rokokan kaget ono arek cilik mlayu karo bengok-bengok.

“Hah, ndok ndi?” takone Lik Saiman sing melu krungu.

“Ndok kono. Ndang, Lik, wonge gak sadar!”

Ora ngringkesi perkakas gaweane, Diman langsung budhal marani bojone sing jare tabrakan. Ora nang rumah sakit utawa puskesmas, ning nang lapangan.

“Lik Wiji gak gelem digawa nang rumah sakit,” omonge arek lanang sing mbonceng Diman.

Nang lapangan wes akeh uwong. Arek cilik, tangga-tanggane Diman, wes padha nglumpuk. Ndelok bojone teka, Wiji mecucu.

“Apane sing lara?” takone Diman.

Wiji mecucu. Wong wedok iku mari nangis.

“Mulih gak?”

Wiji manthuk. Diman mbopong bojone, terus ditumpakno montore tanggane. Nang omah Wiji sik meneng ae. Montore Diman sing mau ditumpaki bojone, dingge tabrakan, digawakno mulih tanggane.

“Nabrak opo iku mau?” takone emake Diman.

“Nabrak wedhuse Mbah Di,” saure Ardi, arek cilik sing mau nonton nang lapangan.

“Lha lapo wedhus meneng-meneng kok ditabrak? Wedhuse gak popo?” takone emake Diman maneh.

Krungu omongane mara tuwane, Wiji mecucu maneh. Diman mesam-mesem. Tomin sing mau didelikno pas krungu kabar emake tabrakan wes oleh ndelok emake.

“Mak’e mati?” takone Tomin karo nyedeki bapake.

“Gurung,” saure Diman.

“Gak mati!” bengoke Wiji, ora trimo saurane bojone.

Diman ngguyu, tangga-tanggane sing padha moro nang omah melu ngguyu.

“Iku mau yok opo ceritane?” takone salah siji tanggane sing ngendangi.

Wiji ora nyauri. Wong wedok sing dilungguhno nang kasur iku wes ora pucet maneh.

“Blajar montor iku mau, trus mbuh kok moro-moro oling nabrak wedhuse Mbah Di.”

“Gak, iku mau ketoke ngegas ngunu lho, Lik.”

Arek-arek cilik sing padha melu nang omahe Wiji ngomong dhewe-dhewe. Diman meneng ae, disawang bojone sing sik utuh.

“Patah tulang wedhuse, iku mau digawa nang mantri.”

“Sing penting lak Wiji gak popo, wedhuse garek ngijoli.”

“Gak, iso mlaku kok mau wedhuse. Paling kaget ae mau ditabrak. Gak kenek pas kok.”

“Kenek yo, wong wedhuse mau langsung lungguh, koyok Lik Wiji.”

Mari padha udur-uduran akhire arek cilik-cilik iku mulih, dikongkon mulih wong tuwane dhewe-dhewe.

“Wes cek istirahat, ayo metu kabeh.”

“Njaluk opo?” takone Diman nang bojone.

Wiji meneng.

“Tukokno sego padang gelem?”

Wiji manthuk.

“Istirahat sik, tak tukokno.”

Diman metu saka kamar. Wiji ditinggal dhewe cek turu. Awake wes diprikso, ora ono sing budhas nemen, mung mberet sithik.

“Lha Wiji ki opo tau numpak montor, biasane lak ndok mburi?”

“Ho oh, kate blajar iku mau paling,” saure Diman.

“Wong bojomu kae lucu kok ancene. Wedhuse sing ditabrak ae meneng, kok dhek e sing nangis.”

“Ho oh, mene lek kate onok acara, timbang nanggap tandak bedes, mending nanggap kae,” saure Diman.

“Gak iso numpak montor yo gak popo, penting iso ditumpaki. Lak ngunu sih?” omonge Mbah Di sing melu ngendangi.

Diman mesem. Ora turu, krungu lek dirasane, Wiji mecucu ae nang njero kamar.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s