Tresna Iki


Jaman sik pacaran, Wiji karo Diman kerep umpreng-umprengan. Seje karo kanca-kancane sing lek lagek tukaran kaya sinetron nang tipi-tipi, Wiji karo Diman maine alus. Ratna, kanca pabrike Wiji, tau playonan nang embong diuber pacare mergo lagek nesuan. Eko, kancane Diman, tau kate bunuh diri mlompat saka jembatan. Ora mati, mung bundhas wong kaline pas asat. Bunuh diri ning goblog, ora didelok kaline jeru opo ora, sukur nyemplung ae.

Wiji karo Diman biasa lek lagek tukaran meneng-menengan. Lek ditakoki nyaurine sak perlune, endek-endek, meh pasti lagek ora enak atine alias nesu. Lek wes ngunu biasane salah siji ngalah. Embuh dijawili, dijaraki utawa ditukokno panganan, lek sing nesu Wiji. Lek sing nesu Diman, biasane diambung kaet mari. Nesu opo golek bathi asline, sing jelas senenge kaya ngunu arek loro iku.

Sore iki Diman ngapel nang kosane Wiji. Biasane dijak mangan bareng, ngobrol diluk terus mulih. Ning seje karo sore iki. Kaet Diman teka, Wiji meneng ae. Diman sakjane ngerti lek mesti ono opo-opo ning milih meneng ae.

“Mas…” akhire Wiji ngomong.

“Loh, iso ngomong ta?”

Wiji mecucu.

“Opo?” takone Diman.

“Sampeyan sayang aku gak?”

Iku maneh. Sing ngene iki mbuh wes ditakokno ping piro ae. Disauri iyo, ora percaya. Disauri sithik, salah. Disauri ora, jelas golek perkara.

“Gak sayang?” Wiji takon maneh.

“Ho oh.”

“Ho oh gak sayang?” takone Wiji karo selot mrengut.

Kudu koprol ae Diman rasane.

“Ho oh sayang opo ho oh gak sayang?”

“Sing A,” saure Diman.

“Lha opo cerdas cermat atek A barang jawabane.”

Diman ngetokno rokoke. Ngene iki mending ditinggal rokokan, pikire.

“Ojo ngrokok,” omonge Wiji.

Njaluk diklethak arek iki, batine Diman maneh. Nggarai gemes ae senengane. Diman ora sida ngetokno rokoke.

“Sampeyan lho gak tau ngomong sayang nang aku.”

Diman ambekan dawa.

“Sayang ki yo diomongno, ojo meneng ae cek aku ngerti.”

“Lha opo gak iso dirasakno?” takoke Diman.

Wiji meneng.

“Yo angel. Ngko tiwas aku ngrasa sampeyan sayang, tibake gak, lak GR thok aku brarti.”

“Wong yo wes ngerti. Wes kerep ditakokno, yo wes disauri.”

“Tapi kan mesti aku sing takok dhisik, sampeyan gak tau ngomong dhisikan.”

Mangan sate enak iki, batine Diman. Bungkus rokoke diketok-ketok nang pupune, wes gatel.

“Koen dhewe tau ngomong ngge aku?” takone Diman.

Wiji meneng. Matane mubeng.

“Gak tho. Mesti aku mbok kon ngomong, koen dhewe gak tau.”

“Kan aku wedok, isin yo.”

“Lha rumangsamu aku gak isin. Gurung ngko lek gak disauri, krik…krik…”

Wiji meneng, mikir, trus mecucu.

“Aku lho sayang,” omonge Wiji alon.

“Aku ngrokok ya?”

“Kan, gak dibalesi,” Wiji mrengut maneh.

“Apane sing dibalesi? Kirim surat ae gak kok kon mbalesi.”

“Iku mau aku wes ngomong…”

“Lha ikhlas gak ngomonge, sayange? Lek gak ikhlas, njaluk balesan yo mending meneng ae.”

Wiji selot mecucu. Sikile diusrek-usrek nang jobin.

“Sayang ki sing ikhlas, gak usah ngarep balesan. Ngunu iku otomatis.”

Ora ngenteni diiyani, Diman nguripno rokoke. Wiji sik meneng ae nang sandinge karo mecucu.

“Njaluk opo-opo yo dituruti, ngunu iku kan yo sayang.”

“Ndi opo-opo? Biasane yo ngrayu-ngrayu dhisik.”

“Yo kudu ngunu iku, onok usahane.”

“Ndi gak njaluk balesan, wong mari nukokno BH yo mesti njaluk ambung.”

Nang batine Diman kudu ngguyu, ning diempet.

“Yo jelas, cek semangat lek golek duit ngge nukokno maneh.”

Wiji mecucu. Jare kancane dina iki valentine. Batine Wiji ngunu sopo ngerti Diman iso romantis kaya pacare kancane cek dheweke yo duwe cerita sing iso disimpen dhewe.

“Koen sayang aku gak?” takone Diman ujug-ujug.

Wji nyawang arek lanang nang sandinge iku. Sediluk.

“Lapo meneng? Gak sayang?” takone Diman maneh.

“Embuh.”

“Wou…wong koen dhewe lek ditakoni yo kaya ngunu kok.”

“Bahno.”

“Sayang gak?” takone Diman maneh.

“Meneng,” bengoke Wiji, asline ngunu bingung nyauri.

“Gak sayang? Ho oh?”

Mangkel Diman malah nggudoni, wong wedok iku nyandak lengene Diman terus dicakot.

“Aduh!”

Diman ngelus-elus lengene sing mari dicakot.

“Bah, kapok!”

“Arek kok nyakotan, pangan wedhus mbuh koen ngko,” omonge Diman.

“Enak tho, sukur,” omonge Wiji.

“Gak enak. Tak duduhi sing enak ta?”

“Emoh,” omonge Wiji karo ngadek.

“Kate nang ndi?”

“Ngantuk. Mulih kono, aku kate turu.”

“Wou…arek iki, tak…”

Wiji nyebek terus epok-epok mlaku mlebu. Diman ngadek terus mulih. Sesuk wayahe kerjo, kudu ndang turu.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s