Isi


Lek biasane isuk-isuk omahe Diman wis rame mergo suwarane bojone, isuk iki beda. Wiji sing wis tangi kaet isuk resik-resik omah karo masak ora ono suwarane blas. Anake sing biasane dibengoki kon tangi, isuk iki dijarno tangi dhewe. Biasane lek bojone neleh anduk teles nang nduwur kasur dibengoki, isuk iki yo dijarno.

Nganti anak bojone budal, Wiji sik ora nyuwara. Wong wedok iku ngurusi omah kaya biasane ning dina iki ora atek nyetel koploan. Mari beres kerjoane, dheweke gletakan nang ngarep tipi, nonton FTV.

“Mak, kate nang ndi?” takone Diman.

“Ndok omah ae.”

Sore iki ora kaya biasane, mari adus Wiji macak ayu. Lek kate lunga ngunu maklum, iki ora nang ndi-ndi. Biasane mung dasteran, sore iki Wiji nggawe dress jaman enome. Rada keciliken ning ora metetet. Rambute sing biasa dikuncir, saiki disisir rapi, diore. Diman nglirik bojone sing lagek gletakan karo nonton sinetron iku. Mesti ono opo-opo, pikire.

“Mak,” celuke Diman lirih karo nyedek.

“Ndok kono ae.”

Diman sing kate lungguh nyanding bojone langsung mandeg. Temenan iki, batine. Diman ngeling-eling sedinaan iki opo ae sing dilakoni. Wong lanang iku mikir mesti ono sing ora tepak sing garai bojone meneng, nesu. Ora rumangsa gawe salah, Diman akhire melu meneng. Anake wis turu nang kamare.

“Gak turu?” takone Diman.

Wiji ora nyauri. Dinengne kaya ngene garai Diman bingung dhewe. Ben dina wis biasa krungu suwarane bojone mbengoki ngunu ngene rasane ora enak lek sepi ngene.

“Aku pingin turu dhewe.”

Deg. Rasane jantunge Diman kate lugur krungu omongane bojone. Salah opo aku, takone Diman nang njero ati. Timbang gembrah bengi-bengi, Diman akhire turu nang ngarep tipi. Masio ta ora rumangsa nyalahi, ning lek bojone nganti meneng kaya ngene iki mesti ono sebabe. Cek tenang dhisik pikirane, batine Diman. Sapa ngerti mung kesambet, sesuk mari dhewe.

“Kate nang ndi?”

Diman kaget ndelok bojone wis ayu isuk-isuk. Wong lanang sing kaet melek iku bingung. Disawang Wiji sing macak ora kaya biasane. Lambene ketok abang, bengesan. Rok kembang-kembang abang, duwurane putih tulang.

“Ngeterno Tomin sekolah.”

Matane Diman langsung amba. Ora biasane bojone ngeterno anake sekolah.

“Tak terno, sik tak adus.”

“Gak usah.”

“Gak popo, sediluk thok. Gak-gak lek Tomin telat,” omonge Diman karo mlayu nang jeding.

Mari adus, Diman mbingungi nggoleki anak bojone. Tibake sing digoleki wis budal nang sekolahan.

“Kok sik ndok omah?” takone Wiji mulih ngeterno anake.

“Anu, gak popo.”

“Gek budal kono lek wes maem.”

Pingine Diman nang omah ae, ning bojone didelok yo waras. Wong lanang iku bingung golek alasan ora kerjo. Ora ganti klambi, Wiji gletakan nang ngarep tipi.

“Aku budal,” pamite Diman.

Nang nggon kerjo Diman sik durung tenang. Wiji wis biasa polahe aneh, ono ae ben dina ning saiki rasane beda. Macak ayu ning ora gelem dicedeki lek ora mergo nesu cemburu yo mesti mergo ono lanangan liya, pikire Diman. Cemburu, sopo sing dicemburoni, Diman ora rumangsa dolanan karo wedok liya. Sing keloro iki sing Diman durung ngerti.

Nang omah Wiji ora gelem nyawang bojone. Ben Diman nyedeki, wong wedok iku ngalih, masio ta ora ngomong opo-opo. Sing garai Diman selot curiga, Wiji malih seneng macak.

“Koen lapo?” takone Diman, ora betah ngempet pikirane.

“Apane sing lapo?”

“Meneng ae, dicedeki ngalih. Aku salah opo?”

Wiji meneng. Wong wedok sing mari mangan iku ngangkat piringe, digawa nang pawon.

“Ojo ngalih lek dijak omong.”

“Ko kene yo krungu,” saure Wiji.

Diman ngukuri gundule. Kate ngomong bingung opo sing diomongno, dheweke yo ora duwe bukti umpamane nuduh bojone lapo-lapo karo lanangan liya.

“Kok saiki seneng macak?”

“Yo cek ayu.”

Bener. Ora mergo macak ning Wiji ancen ketok luwih ayu. Diman yo seneng ndelok bojone saiki ning tetep atine ora tenang. Nang kerjoan rasane kudu mulih ae lek eling bojone. Opo maneh wis pirang-pirang dina Wiji sik durung gelem dicedeki. Lek Diman mlebu kamar, wong wedok iku milih turu nang kamare Tomin.

“Koen macak ayu tapi gak gelem dicedeki. Ngene ki lak nggarai ngelu ndasku,” omonge Diman.

Ora biasane lek Diman ngomong rada akeh, ning situasine beda. Dienten-enteni bojone yo sik ae macak boto. Wiji sing siap-siap kate ngalih akhire meneng ae.

“Njaluk opo?”

Wiji sik meneng.

“Lha lek meneng ae terus koyok ngene aku opo ngerti karepmu? Wis gak seneng maneh karo aku?”

“Aku yo gak ngerti.”

“Gak ngerti yok opo? Lek ancen wis gak seneng ngomong, jaremu ojo kebatinan.”

Wiji ambegan dawa. Lambene maju, mecucu.

“Gak ngerti opo’o, aku males nontok sampeyan,” omonge.

“Heh? Bosen ngunu ta?”

“Embuh,” omonge Wiji karo ngalih.

Ndase Diman selot ngelu. Akhire wong lanang iku milih turu, ora nyandak uteke mikir tingkahe bojone. Isuk pas tangi, Wiji wis ayu maneh. Saiki gawe klambi abang. Wong wedok iku siap-siap ngeterno anake sekolah. Ndelok seger-seger isuk-isuk, Diman kate nggudo bojone. Sik kate dicekel, Wiji sing ngerti dhisikan langsung endo terus kate mlayu ngalih.

“Kate mlayu nang ndi saiki?” omonge Diman karo ngadangi lawang kamar.

“Pak, minggir!” bengoke Wiji.

“Emoh. Bah koen seneng lanangan liyo, aku gak ngurus. Gak iso ngalih koen saiki.”

Tangane Diman ndepaplang nutupi lawang. Raine Wiji abang ireng, wong wedok iku bingung kate metu.

“Lek sampeyan gak gelem minggir…”

“Lapo? Kate mbok apakno?” tantange Diman.

Lanang wedok iku adep-adepan kaya kucing karo tikus. Raine Wiji mbrabak kate nangis, ning Diman ora gelem ngalih.

“Huek! Huek!”

Ora iso ngempet akhire Wiji muntah-muntah. Ndelok bojone blokekan, Diman bingung. Wong lanang iku akhire muduno tangane. Wiji mlayu metu saka kamar bablas nang jeding.

“Mak, koen lapo?”

Wiji mecucu. Lambene sing teles diusapi anduk.

“Kandani ojo nyedek yo ojo nyedek,” omonge karo membik-membik.

“Lha lapo? Aku salah opo?”

“Aku ki kudu mutah lek nontok sampeyan.”

Kurang ajar, batine Diman, ning wong lanang iku langsung mikir.

“Koen meteng?”

Wiji meneng.

“Gusti, mbok lek nyidam ki sing apik. Awak.”

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s