Rebyek


Emake Wiji lara. Wong wedok sing wes umur seketan taun iku digawa nang rumah sakit. Dudu lagek musim lek emake Diman yo lara sisan. Bedane, emake Diman ora perlu mlebu rumah sakit. Kaet isuk Wiji wis umek notoni klambi, kate mulih. Tomin ora dijak mergo wedi malah ngrepoti. Ora mung mergo wedi ngrepoti ning yo mergo Tomin sik cilik, ora apik lek digowo nang rumah sakit.

Diman wis bola-bali diwanti-wanti karo Wiji. Perkakas sekolah, kebutuhane anake karo kebutuhane omah saksuwene ngko ditinggal Wiji mulih nang kampunge wis dicepakno.

“Iyo, beres,” omonge Diman nang bojone pas ngeterno nang stasiun.

Tomin mecucu ae. Sak isuk wis kesel lek nangis pingin melu emake. Wiji dada-dada nang anake karo bojone pas sepur budal. Bengi iki Tomin turu karo bapake. Diman sing kekeselen ngejak mubeng-mubeng anake sing ora turu-turu wis ngowoh-ngowoh. Isuk, Diman sing biasa tangi rada awan kaya biasa tangi kawanen. Ndelok anake mlungker nang sandinge, arek lanang iku langsung digugah kon tangi.

“Malah nontok tipi, adus kono,” omonge Diman ndelok Tomin lungguh manis nang ngarep tipi mari tangi.

Tomin meneng ae, ora nyauri. Matane sing sik ngantuk ngematno tipi.

“Wis awan kae lho, seneni makmu koen ngko.”

“Mak’e minggat,” saure Tomin.

Eling lek bojone ora nang omah, Diman langsung nyandak kaose karo njupuk dompet.

“Ndang adus, Pak’e kate tuku sarapan.”

Ditinggal bapake, Tomin krembuk-krembuk nang jeding. Diman tuku sego pecel ngge anake karo emake. Mari ngeterno sego nang emake, wong lanang iku mulih.

“Malah kapal-kapalan, gek mentas,” omonge Diman.

Ndelok anake ora obah, Diman langsung nyandak sabun. Mari diadusi, Tomin langsung dijunjung nang ngarep tipi.

“Klambine ndi?” takone Tomin.

“Yo sik.”

Diman neleh seragame anake sing wis dicepakno bojone nang sandinge anake. Tomin sing mung bebetan anduk, nyandak remote tipi. Pas nyekel kupinge, Tomin ngrasa ora penak. Tibake kupinge sik bek sabun.

“Pak, kupinge sik sabun thok.”

Dibengoki anake, Diman sing njupuk piring nang pawon mbalik karo nggowo banyu nang mangkok. Kupinge anake diresiki terus dilapi anduk.

“Gek ndang klamben. Ngombe susu gak?”

“Yo iyo no.”

Diman mbalik nang pawon, nggodog banyu. Mari susune anake dadi Diman mbalik nang ngarep. Ndelok anake durung mari lek klamben, malah asyik nonton tipi, Diman langsung nyandak anake. Diklambeni, disisiri. Raine Tomin sing sik teles diusapi wedak.

“Kathoke penceng,” omonge Tomin.

“Lha koen usrek ae.”

“Mataku putih.”

Diman nyawang raine anake. Wedake merok-merok. Diusapi raine anake atek anduk.

“Wes, gek mangan. Pak’e tak adus diluk.”

Mari adus, ganti klambi, Diman nyadak anake, ditumpakno montor. Wis kawanen, Diman langsung mbalap budal nang sekolahane anake.

“Lapo maneh?” takone Diman nang anake sing nyawang ae mari didukno saka montor.

“Tasku ndi?”

“Lha opo gak mbok gowo mau?”

Tomin gedheg.

“Yo sik, tak jupukno.”

“Sangune?”

“Mlebu kono sik, kae wis podo baris.”

“Lha tas’e gurung onok.”

Diman ngrogoh dompete. Ditokno duit ewon siji terus mulih njupuk tas’e anake. Telung dina ditinggal dhewean mung karo anake, Diman kaet krasa rebyeke bojone ben dina. Minggu sore bojone mulih. Tomin sing maune nesu, sik lara atine ditinggal emake lungo, wis gelem ngguya-ngguyu. Opo maneh lek ora mergo digawakno jajan.

“Sesuk-sesuk ojo suwi-suwi lek lungo.”

“Yo pingine gak suwi, jenenge wong loro sopo sing njaluk.”

“Ho oh. Kesel tibake ngurusi anakmu.”

“Yo ngunu iku polahe anakmu. Makane lek mulih kerjo kae, mari leren, anake ditunggoni, ojo mung ngurusi pancing ae. Cek ngerti polahe koyok opo.”

“Ho oh, ojo nesu ta,” omonge Diman karo ndusel-ndusel.

Ora nang omahe dhewe, ora nang kampung, Wiji rebyek. Awake rasane ajur kabeh, kekeselen.

“Kate nang ndi?” takone Diman pas bojone kate tangi.

“Iku rungokno.”

Wiji meneng. Diman melu meneng. Saka kamar sebelah, Tomin celuk-celuk emake. Wiji ngangkat tangane Diman sing nang nduwure wetenge terus tangi. Nang kamar sebelah, anake ndleming. Tibake bathuke rada panas. Tomin merem karo ngrengik. Ditinggal telung dina ae ora kopen anake, mesti mangan sembarangan, batine Wiji. Ditinggal bojone, Diman ora patio urus anake njajan opo ae, penting ora ngrengik. Tibake nang sekolahan, Tomin sing jarang njajan, nukoni jajanan sing ora nggenah.

“Yo aku gak ngerti, tak sangoni ngunu ae,” belane Diman pas ditakoni Wiji.

“Mesti tuku ciki, lek gak tuku sirop sing warna-warni kae.”

 Diman meneng. Tomin nang gendongan bojone sik ngrengik.

 “Karo turu, Mak, kesel ngko nggendong.”

 Wiji ngedokno anake.

“Sampeyan turuo kono,” omonge nang bojone.

“Gak, tak tunggoni.”

“Yo iki gak gelem diculno kok, ngantuk ngko.”

“Gak popo. Aku ngenteni.”

Diman ngletak nang sebelahe anake sing dikeloni bojone.

“Arek iki lek awake gak enak mesti oyeng, ngko sampeyan dijejeki.”

“Yo wes, aku sebelah kono ae.”

Diman pindah nggon. Wong lanang iku mapan nang mburine bojone. Tangane disampirno nang wetenge bojone sing nyingkuri mergo ngemiki anake.

“Ngko gek aku sing dikeloni ya,” njaluke lirih.

“Emoh, kesel.”

“Yo wes, aku ae sing ngeloni.”

Durung nganti Wiji nyauri, Diman wis ngomong maneh.

“Gak usah mbayar, tak gratisi.”

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s