Rayahan


Adik sepupune Diman sing jenenge Dewi lagek lara, mlebu rumah sakit. Anake sing sik umur telu setengah taun, Doni, kepekso dititipno nang Diman karo bojone. Tomin sing biasane dadi raja nang omah, ketekan Doni, mulane seneng ning suwi-suwi rumangsa ono saingan. Dolanane sing biasane digawe dhewe dijupuki karo Doni, dingge. Sakjane ngunu pingine Tomin adike iku ora oleh nyilih ning karo emake diomongi lek kudu sayang adik. Akhire Tomin mecucu ae. Ben adike mari dolanan, langsung dolanane dilebokno kamar, wedi lek dipek. Doni sing durung dong pancet ae njupuki.

“Ojo dibanting lho, dek, rusak ngko,” omonge Tomin.

“Gak, atu nanan-nanan thok.”

“Ojo dipek lho, iki ka’ane mas.”

“Ola, nyilih atu.”

Wiji sing nunggoni anak lan ponakane dolanan mung nyawang saka adohan karo setrika. Kesel dolanan montor-montorane mas’e, Doni ganti njupuk tas sekolahe Tomin. Tomin sing lagek pipis nang jeding ora ngerti lek bukune ditokno kabeh, dicoreti.

“Ojo dicoreti bukuku, seneni Bu Guru mas ngko! Mak, delok iku adek, bukuku dicoreti kabeh!”

Wiji sing krungu anake bengak-bengok langsung nyedeki anak karo ponakane iku. Tomin ngrayah bukune sing lagek dicekel Doni. Petelot, buku, kabeh perkakas sekolahe dilebokno tas karo mecucu. Doni membik-membik kate nangis ning langsung dicandak Wiji. Arek cilik iku dijak nang mburi, njupuk jajan. Awan pas Diman mulih, Doni dijak dolanan. Tomin sing nesu karo adike iku njaluk dikeloni emake.

“Mas, yo nanan,” omonge Doni sing moro-moro mlebu nang kamare Wiji.

Krungu diceluk adike, Tomin sing sik lara ati meneng ae.Arek iku ngenakno lek njaluk empeng emake.

“Dijak adike dolenan iku lho. Wes ya, mak’e gurung mari lek resik-resik.”

“Emoh,” saure Tomin.

“Mas, ayo nanan.”

Mesakno ndelok ponakane, Wiji nyeluk bojone.

“Karo Pak Dhe ya? Nontok iwak kae ndok mburi.”

“Emoh, nanan kalo mas.”

“Min, sakno lho adike. Sesuk lek ndok omahe gak dijak dolenan awakmu.”

“Aku dolenan dhewe.”

“Gak isin onok adike malah ngempeng ngunu. Doni ae wes gak ngempeng.”

“Bahno.”

Ora iso ngrayu anake, akhire Doni sing dirayu. Diman nyandak ponakane iku, dijak ndelok iwak nang mburi omah. Mulane ora gelem ning mari dibisiki malih gelem. Ndelok Doni seneng digendong bapake, Tomin ora trimo. Arek cilik iku langsung tangi, mlayu marani bapake.

Akur sediluk mari ndelok iwak karo mancing-mancingan nang kolam, sore Tomin karo Doni tukaran maneh.

“Lapo maneh?” takone Wiji.

“Adik iki lho, Mak. Mosok sikilku diuyuhi.”

“Yo adike gurung ngerti, diwarahi sing apik. Gek ndang metu, ojo kesuwen nang jeding ngko kademen.”

Mari adus, arek loro iku njaluk mangan. Doni sing durung iso mangan dhewe didulang Wiji karo dipangku. Tomin sing dicekel bapake maune meneng ae, ning ndelok Wiji karo Doni ngguya-ngguyu langsung mlayu, njaluk dipangku emake sisan. Akhire Wiji mangku arek loro karo ndulang.

“Iki ka’ane mas!” jare Tomin karo nyampluk tangane Doni sing nyekel dadane emake.

Disampluk karo dibengoki mas’e, Doni langsung nangis. Ndelok adike nangis, Tomin melu nangis sisan. Akhire arek loro iku banter-banteran lek nangis karo ngandoli Wiji, rayahan.

“Lah, malah banter-banteran. Suwek iki ngko dasterku, ojo ditariki,” omonge Wiji.

 “Iki makku!” bengoke Tomin.

 “Atu. Mas akang!” bengoke Doni.

 “Pak, ki jak’en salah siji. Dedel duwel aku ngko,” bengoke Wiji.

Diman sing mari adus langsung nyedeki bojone. Wong lanang iku bingung endi sing dijak, loro-lorone ora gelem.

“Makku!”

“Akang! Mas akang!”

“Pak Dhe kate nontok sepur kae, melu Pak Dhe ya,” rayune Wiji nang Doni.

Doni gedheg-gedheg.

“Pak, ndang ditokno montore.”

Diman mlayu nyandak montore terus disetater. Krungu suwara montor, Doni rada meneng.

“Numpang ngeng karo Pak Dhe ya?”

Doni manthuk. Wiji ngadeg karo nggendong arek loro. Doni sing rada meneng dikekno bojone, ditumpakno ngarep.

“Nontok sepur ya,” omonge Diman nang ponakane.

Ndelok Doni meneng numpak montor karo bapake, Tomin ora gelem kalah.

“Aku nontok sepur!”

“Yo wes melu tapi ojo nangis.”

Wiji nglungguhno anake nang mburine Diman.

 “Aku ngarep!”

 “Yo gak iso, siji mburi.”

 “Aku ngarep!”

 “Adike tibo ndok lek nang mburi,” omonge Wiji.

Ora gelem dirayu, Wiji ngrayu Doni pindah mburi. Jelase wong wedok iku melu nyingklak sisan polahe ora iso ngetokno ponakane sing sik cilik iku lungguh dewe nang mburi. Masio akhire Doni ora gelem lungguh ning njaluk ngadeg.

Seminggu nang rumah sakit, akhire Dewi oleh mulih. Doni yo wes digowo mulih. Tomin sing wes biasa ono Doni pas ditinggal mulih krasa kelangan. Arek iku langsung ngalem nang emake. Bengi njaluk dikeloni karo diempengi.

 “Enak?” gudone Diman karo nyawil pipine Tomin saka mburine bojone.

 Tomin mung nyawang bapake karo ngusapi pipine sing dijawil bapake. Lambene sik ngenakno lek ngempeng.

 “Pak’e nyuwun,” gudone Diman maneh.

 Tomin oyeng, jejeg-jejeg sikile. Tangan tengene nyampluki raine bapake sing mecungul saka pundake emake.

 “Ojo dijaraki ae,” omonge Wiji karo nyetot pupune bojone.

 “Aduh,” bengoke Diman.

 Ndelok bapake ngaduh, Tomin sing seneng langsung ngguyu-ngguyu.

 “Wong galak ae dingge rayahan,” bisike Diman karo mapan.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s