Nesu


Nang kampunge Diman lagek ketekan warga anyar. Jenenge Pak Widodo. Wong lanang umur patang puluhan iku pegawai pindahan sing saiki oleh tugas nang kelurahan. Pak Widodo sing pindah karo bojone manggon nang mes kelurahan sing suwi ora digawe. Dingge ngurus omah, Bu Widodo golek uwong ngge ngewangi ning durung nemu. Akhire sementara mergo mesakno, Wiji sing budal. Isuk mari ngurus omah, wong wedok iku budal masak, resik-resik, nyuci nang omahe Pak Widodo.

Pak Widodo karo Bu Widodo wis limolas taun omah-omah ning durung duwe anak. Ngerti Tomin sing nyempluk lucu, Pak Widodo seneng. Sabtu Minggu pas dheweke libur, arek cilik iku dijak dolanan, kadang ditukokno jajan karo dolanan. Wiji sakjane ora seneng, wedi lek anake tuman ning ndelok Pak Widodo sing ketok sayang nang anake dheweke ora tega. Wiji mbayangno lek dheweke nang posisine Pak Widodo, mesti abot.

Jenenge nang kampung, ono wong anyar mesti akhire dadi omongan. Krungu kabar jare Bu Widodo ora iso nduwe anak mergo biyen enome diet. Ono sing omong, Bu Widodo ora seneng arek. Wedi lek awake rusak pas meteng karo mari nglairno. Embuh saka endi olehe cerita ning kabar iku wis akeh dadi omongan.

“Yo ancen ayu sih, awake apik. Tapi suk lek tuwek kate melu sopo? Bondone dingge sopo?”

 “Sugih kok manggon nang mes. Lapo gak tuku omah?”

“Mung sementara jare, gurung karuan suwi nang kene. Ngunu iku kok nggak rabi maneh yo Pak Wid kae. Wonge lho ngganteng, priyayi maneh, mesti akeh sing gelem, sik enom yoan.”

“Gak wani karo bojone. Bu Wid kae jare galak. Ketoke ae meneng tapi lek nesu medeni.”

Lek wis kumpul ibu-ibu nang kampung omongane selot teka ngendi-endi. Kabar sing maune mung jarene suwi-suwi diamini, dipercoyo. Ora mung nang wong wedok, jebul nang wong lanang-lanang kabar-kabar iku yo wis rame. Diman sing ora tau ngurus awan iki oleh omongan saka Cak Jo, tangga sing mbukak warung cedek nggone kerjo.

“Jare bojomu kerjo nang omahe Pak Wid yo, Man?”

“Mung ngewangi ngresiki omah.”

“Yo apik sih, tapi ojo suwi-suwi.”

Diman sing lagek nyruput kopi meneng.

“Jare Pak Widodo kae rodok nakal. Wingi onok uwong mangan nang kene trus crito-crito.”

“Nakal yok opo?” Wardi sing lagek nang warung melu takok.

“Yo nakale wong lanang opo maneh. Lek maen yo jelas gak, wong priyayi ngunu. Mendem yo gak.”

“Lha trus opo?” takone Wardi.

“Jare lho iki, genit.”

“Genit yo urusane dewe, lha lapo kene ngurusi,” saure Diman.

Diman nerusno lek ngopi.

“Yok opo koen iki, bojomu lak kerjo nang omahe.”

Diman langsung ndekek gelase. Disawang Cak Jo sediluk.

“Aku mung ngandani. Ati-ati kan luwih apik timbang wis kedadean trus nyesel.”

Wardi sing mau mung ngrungokno akhire melu ngomong.

“Yo lek nontok rupo ancen kalah Wiji kae. Bu Widodo kae ayu, putih, gawane yo lembut tapi lek diematno maneh jelas sik enak bojomu…”

Krungu omongane Wardi, Diman langsung menteleng. Sadar lek salah omong, Wardi langsung ngelek idu.

“Nganu, maksudku ki Bu Widodo kae lak gak seger blas. Yo maklum wong sugih, kakean macak kurang gerak. Bedo karo bojomu. Eh, pokoke ngunu lah, koen ngerti dewe,” omonge karo ngukuri gundul.

Diman meneng. Wong lanang iku ngentekno kopine, mbayar trus ngalih. Ndelok iku Wardi rumangsa ora enak atine.

“Yo koen, lapo ngowo-ngowo enak barang. Emange koen tau ngrasakno bojone,” omonge Cak Jo.

“Yo gurung, tapi disawang ae lak yo ngerti,” omonge karo cengengesan.

Nang omah, sorene, Diman sing biasane ora kakean omong selot meneng. Anake sing durung adus ketok dolanan montor-montoran nang ngarep omah. Montor-montoran lek nukokno Pak Widodo. Nang kamar bojone lagi ngguya-ngguyu njajali klambi anyar.

“Apik gak, Pak?” takone Wiji nang Diman sing mlebu kamar.

Diman mung nyawang thok.

“Lapo? Dikei iki, gak tuku dewe,” omonge Wiji.

Diman lungguh nang pinggir kasur. Disawang maneh bojone sing sik ngguya-ngguyu karo ngoco.

“Sesuk gak usah kerjo maneh,” omonge Diman.

“Lha lapo?” takone Wiji kaget.

Diman ora nyauri.

“Lumayan, iso ngge njajan anakmu. Oleh klambi maneh aku,” omonge Wiji.

“Aku ngomong gak usah yo gak usah!” omonge Diman karo ngadeg.

Ndilalah pas Diman mbengok, Tomin cilik mlebu kamare emake. Arek cilik iku melu kaget trus wedi. Tomin mlayu ngrangkul emake, nangis.

“Pak’e nakal,” omonge Tomin pas diadusi emake.

Arek cilik iku sik ae nangis. Wiji maklum, polahe kaet jaman kenal Diman ngganti dadi bojone durung tau Diman nyuwara banter kaya mau. Mari diadusi, Tomin sing ngrengik ae akhire dikeloni.

“Mimik, Mak.”

“Wis gek merem. Wis entek sak gelas ngunu lho mau.”

“Mimik sing iki,” jare Tomin karo nyekel dadane emake.

“Halah, wes sekolah kok sing ngempeng. Bobok ae, wis dikeloni ngene kok.”

“Mimik,” Tomin sik ae ngrengik.

“Yo, tapi ndang merem.”

Ora let suwi Tomin cilik merem. Wiji sing kesel awak lan atine melu merem. Lek biasane anake dipindah nang kamar sebelah, bengi iki dijarno dikeloni nang kamare.

“Sik lara atine?” takone Diman lirih, pas nyusul turu bojone.

Wiji meneng ae. Ora ngurus bojone sing umek ae, Wiji nerusno lek merem.

“Koyok omonganmu biyen, Pak, ojo njiwit lek gak pingin dijiwit,” omonge Wiji karo ngambung gundule anake.

Diman noleh sediluk terus mbalik, nyawang genteng.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s