Garangan


“Anduke ojo diteleh ndukur kasur, teles kabeh iku ngko. Dipepe.”

Diman sing lagek ae metu saka kamar, mari salin klambi, mlebu maneh njupuk anduke.

“Kopine gek diombe, selak adem. Sarapan sik.”

Mari mepe anduke, Diman mlaku nyedeki mejo terus lungguh mangan.

“Ojo dolenan ae, kae pakmu wis mari,” bengoke Wiji nang anake sing sik umek dolanan banyu nang jeding.

“Aku iso dewe,” omonge Tomin nang emake.

Arek sing wis mlebu TK iku ora gelem diewangi nggawe klambi. Wiji sing gemes, anake ora srak-srek, metu saka kamar njupuk sarapan ngge anake.

“Gek ndang iku lek sepatuan, telat ngko.”

“Gak.”

“Gak opo, wis yahmene. Ben dino telat kok gak isin.”

Diman sing wis mari sarapan mlaku ngalor ngidul bingung.

“Nang ndukur tipi iku lho,” bengoke Wiji saka kamar.

Diman ngukuri gundule. Ben isuk kate manasi montor mesti lali lek neleh kunci. Tomin cilik sik ae durung mari lek macak.

“Uwes.”

“Siji engkas.”

“Emoh.”

Tomin sing didulang emake gedheg-gedheg.

“Yo wes, susune dientekno kono.”

Tomin cilik mlayu metu saka kamar, nyandak gelas susu irung babine.

“Enak,” omonge karo merem melek.

Wiji nyawangi anake karo ngemplok sego nang piring sing durung entek.

“Pak’e endi?” takone Tomin.

Ora let suwi krungu suwara montor saka ngarep omah. Diman sing mau manasi montor lali, langsung budal ae.

“Pak’e ki pikun,” omonge Tomin.

“Hush,” omonge emake.

Diman mesam-mesem nang duwur montor. Tomin cilik marani bapake.

“Diterno nang sekolah, ngko digowo nang pasar anake.”

“Ho oh, mosok ngunu yo lali.”

“Yo be’e anakmu kate mbok dol.”

“Yo gak. Ganteng ngene kok, lak eman. Budal sik. Ojo mbengak-mbengok ae, stroke koen ngko.”

“Embuh.”

Mari anak bojone lungo, omahe Wiji kaet iso tenang masio ora sepi. Karo ngresiki omah wong wedok iku seneng nyetel koploan terus nyanyi-nyanyi dewe. Sore pas anak bojone wis nang omah kabeh, omahe mbalik rame maneh. Rame karo polahe Tomin, rame suwarane Wiji mbengoki anak bojone.

“Aduh!”

Diman mbengok. Wong lanang sing wis merem iku ngaduh mergo awake disampluk lengene bojone.

“Gak melek gak turu umek ae,” omonge Diman lirih karo ngelus-ngelus wetenge.

Bedo karo Diman sing lek kesel langsung pules turune, Wiji sewalike. Lek awake kesel kabeh, turu ora iso meneng. Diluk-diluk obah ae. Lek wis ngunu kadang Diman ngalahi turu ngarep tipi, timbang awake ajur disampluk sikil utawa tangane Wiji sing kaya debog iku.

“Pak, benakno pemeane. Puklek kae kayune,” omonge Wiji isuk-isuk.

“Yo, ngko.”

Engka-engko lek jenenge Diman yo mesti lali. Budal kerjo kaya biasane, pemehane ora dibenakno. Wiji sing wis kesel ngomongi akhire ndandani dewe.

“Sementara,” omonge Wiji lirih, nang awake dewe.

Awan pas kate nontok jemuran,Wiji kaget. Klambine sing dipepe lugur kabeh. Polahe kayu sing digawe ganti puklek. Yo terang ae puklek, wong sing digawe ganti jemuran pancinge bojone sing kaet tuku winginane.

“Wou ciloko iki ngko. Iso diamuk bos’e,” omonge Wiji bingung dewe.

Sore, mulih kerjo, Diman sing kate njajal pancing anyar bingung nggoleki.

“Mak, ngerti pancingku gak?”

“Wou lha lekmu neleh ndok ndi?” takone Wiji epok-epok ora eruh.

“Wingi tak teleh kene kok. Mosok dingge dolenan anakmu?”

“Yo embuh. Digoleki kono dhisik.”

“Gak onok, wes tak goleki kaet mau. Sik anyar iku, larang sisan.”

 Sak sore Diman umek nggoleki pancinge. Anake yo ditakoni. Jelas arek cilik iku ora ngerti, wong ancen ora ndemok.

“Mangan sik, Pak, iki tak gawekno senenganmu,” omonge Wiji karo mesam-mesem.

“Kok iso ilang yo, Mak? Perasaan kampung kene aman-aman ae.”

“Lali neleh paling sampeyan, pikun ngunu biasane.”

Diman meneng. Wong lanang iku terus mangan telap-telep. Sore iki Wiji masak sambel terong senengane. Mari mangan, Diman sing biasane dibengoki bojone kon adus, sore iki dijarno ae. Malah Wiji sing adus ndhisiki.

“Macak ayu kate nang ndi, Mak?” takone Diman.

“Lha aku ki ben dino lak ayu sih, sampeyan ae sing gak perhatian. Gak ndok ndi-ndi, ndok omah ae,” omonge karo sik mesem. “Pijeti gak?” takone Wiji.

Masio ngroso aneh ning Diman seneng. Wong lanang iku budal adus terus dipijeti bojone. Jarang-jarang bojone sing kaya garangan iku gelem alus ngene.

“Pak,” omonge Wiji karo mijeti bojone.

“Opo? Wou…ngerti aku, koen mesti njaluk tukokno kutang yo, tumben-tumben manis ngene.”

“Gak yo. Gurung ngomong wis dituduh,” omonge karo mrengut.

“He…he…he, lha biasane lak ngunu. Lek onok karepe ae manis-manis.”

“Yo wes gak sido.”

 “Lah? Gak…gak, ngomongo wes. Lapo sih? Kate njaluk kutang opo daster yo oleh kok, pokok ben dino manis ngene aku yo seneng ae nukokno gombal.”

“Gak njaluk gombal. Tapi ojo nesu lho ya,” omonge Wiji karo mandeg lek mijeti.

“Ho oh, gak nesu. Sumpah wes. Ojo dimareni lek mijeti, sik loro kabeh awakku.”

 “Anu…iku mau pancinge puklek…”

Krungu omongane bojone, Diman sing mau mesam-mesem langsung menteleng matane. Pantes ae, batine. Ning wong lanang iku meneng ae, wis paham modele bojone. Wiji sik terus mijeti. Masio ora iso nyawang matane bojone ning Wiji paham lek bojone iku mesti lagi mikir.

“Pak…”

“Yo sesuk tuku maneh,” omonge Diman karo ambegan dowo.

Wiji mesem. Bojone ora nesu. Diterusno lek mijeti bojone karo mesam-mesem.

“Awak,” omonge Diman lirih.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s