Nonton Konser


“Oleh yo, Mak?”

“Gak.”

“Halah, Mak, aku ki wes gede. Wong yo gak dewe, karo arek-arek akeh kok.”

“Justru iku, trus ngko tawur.”

“Gak. Nontok konser iki, gak kate tawuran.”

“Gak yo gak.”

Tomin mecucu. Emake lek wis ora gelem ancen angel ngrayune. Wis telung dina arek lanang sing wis mlebu STM iku ngrayu emake cek oleh nonton konsere Slank ning durung kasil. Ora iso nang emake, Tomin njajal nang bapake. Ora njawab, Diman malah ngongkon anake ngomong nang bojone. Ora wani ngiyani, wedi lek dikabruk bojone.

“Pokoke lek gak oleh nontok konser aku emoh sekolah!” ancame Tomin bengi iki.

“Gak gelem sekolah yo peneran, gak ngentek-ngenteki ragat. Iso tak ngge tuku klambi malahan,” saure Wiji.

“Aku nang omah ae, bahno goblog.”

“Sekolah yo gak mundak pinter, malah selot aneh-aneh jalukane. Karuan nang omah,” Wiji sik nyauri.

“Mak’e jahat!”

“Jelas!”

Diman sing ndelok anak bojone padu mung iso gedheg-gedheg. Mesakno anake ning yo ora wani mbelani, opo maneh lek mbelani langsung nang ngarepe anake. Bengi pas wayahe turu, Diman njajal ngomong nang bojone.

“Mak, mbok jarno tho areke nontok. Sakno lho iku, wong wis pingin ngunu,” omonge ati-ati.

“Sakno yok opo? Lek anakmu ngko tawur trus ditujep ngunu kae opo gak sakno? Arek saiki ngawur-ngawur. Lek wis gumbul yo koyok ngunu kae tingkahe. Gak eling bapak emake lek golek duwit, gelutan ae senengane.”

“Lah, kan iki kate nontok konser, gak gelut.”

“Podho ae, konsere iku lak mesti rusuh. Masio anakmu gak melu rusuh arek sak umur sakmunu, gek akeh, lak gak mikir opo-opo maneh.”

Diman meneng.

“Tapi iku ngko lek anakmu gak gelem sekolah temenan yok opo? Ngunu iku lak isin karo kancane ta, Mak. Wong yo rame-rame, kancane kae lho yo apik areke.”

“Isin lapo?”

“Yo isin, wong wis gede dijak nontok konser ae gak oleh karo emake. Anakmu ki lanang, ngunu iku lak nglarani harga dirine.”

“Lha pilih harga diri opo nyowo?”

Wiji sik ngeyel. Diman meneng maneh. Tomin nangis nang kamare, mangkel. Wiji dudu ora ngerti pingine anake ning nonton konser opo maneh rock ngunu iku garai atine ora tenang. Nang tipi-tipi kerep disiarno arek sekolah tawuran, arek nonton konser mulane apik-apik jebule akhire tawuran.

“Ngene ae,” omonge Diman karo mbisiki bojone.

“Lha lapo sih atek bisik-bisik?” protese Wiji.

“Hehe…yo karo ngambung maksude,” omonge Diman cengengesan.

Tomin sing maune nesu bareng ngerti lek oleh nonton konser langsung budal adus karo mesam-mesem. Emake diambungi ngetan ngulon nganti mbengak-mbengok, risih.

“Awas lek sampek tawuran,” omonge pas anake pamit kate budal.

“Gak…gak.”

“Jam songo mulih.”

“Lah, jam songo yo sik mulai, Mak. Jam 12.”

“Gak iso, jam sepuluh.”

“Yahmunu banci ae gurung macak.”

 “Lha koen kate nontok banci opo konser?”

 “Konser.”

 “Jam 10.”

 “Setengah 12 wes.”

Eyel-eyelan jam mulih, akhire wong loro iku sepakat jam 11 bengi Tomin kudu mulih. Timbang ora sido nonton, diiyani ae dhisik, pikire Tomin.

            “Lek onok sing tawur, ndang minggir. Mulih.”

            “Iyo.”

            “Nggowo jajan, ngombe, ngko luwe.”

            “Halah, Mak, koyok arek TK kate piknik ae.”

            “Wong koen luwean ngunu lho.”

            “Wis, gek ndang budal. Mumet aku ngrungokno koen wong loro. Ati-ati,” omonge Diman.

          Nang stadion Tomin karo kanca-kancane kesenengen, jingkrak-jingkrak karo nyanyi kaya wong kesurupan. Tomin sing masio ngotot ning asline rada wedi pas emake ora ngolehi. Arek iku sik durung percaya lek iso nonton konser. Masio lanang, dheweke anak siji-sijine. Masio tho yo ora dimanja, ben dina dibengoki emake. Kaya ngene iki wis kemajuan kangge dheweke yo emake sing durung tau pisah suwi. Nang ndi emake lunga, Tomin mesti melu. Nang ndi ae Tomin ana acara sing dudu urusan sekolah, emake mesti mbuntuti.

            “Wis kate mari iki, ayo mulih,” ajake Diman nang bojone.

            “Sik, gurung iki. Wong sik pirang lagu iku mau.”

           “Lah, ngko lek awake dewe gak ndang metu selak rame. Ngantri metune, ngko didhisiki anakmu tekan omah malah ciloko.”

            “Halah, sik, siji engkas.”

         “Wou…lha malah koen sing kesenengen. Ngunu anake gak oleh niru. Yo kelakuanmu ngene iki sing diturun anakmu.”

           “Aku maneh. Tomin ki yo anakmu, wong loro sing nggawe.”

         “Iyo, tapi sing ngene ki yo mesti nurun koen. Angel kandanane. Ayo, gek mulih kok.”

“Kabeh aku, sampeyan bagian opone?”

“Bagian gantenge. Lha deloken kae. Lek njoget-njoget karo merem-merem kae lak koyok koen. Persis.”

 “Preketek,” saure Wiji.

Diman mesam-mesem. Bojone sing durung gelem melu diseret tangane. Selak konsere mari, ketemon anake.

“Lha areke gurung mulih kok, ngko lek mampir yok opo?” takone Wiji pas wis nang parkiran motor.

“Uwes-uwes, kae lho wes podho metu. Ndang numpak.”

Karo mecucu, ndeloki anake saka adohan, Wiji munggah nang boncengan. Diman langsung mlayokno motore banter.

“Sesuk lek onok nontok maneh yo, Pak?” omonge Wiji pas nang omah.

“Wou…anake gak oleh kok koen kate nontok.”

“Oleh, kan sisan awake dhewe ngawasi hehe…” omonge Wiji karo ngguya-ngguyu.

“Modelmu. Wes gek merem, wes enak tho atine?”

“Ho oh. Tapi aku sik pingin maneh.”

“Yo sesuk nontok ndangdutan ae.”

“Emoh, pingin sing koyok mau.”

“Yoh, lek onok maneh. Gek turu, ngko krungu anakmu mbuh.”

Wiji mesam-mesem. Tomin wis mulih. Arek lanang iku seneng atine. Iso nonton konser, wis oleh ijin saka emake lan iso lunga dewe ora karo emake. Tomin rumangsa wis gedhe.

 

***

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s