Mbethik


Lek biasane wong lanang seneng ngingu manuk, sing jenenge Diman luwih seneng ngingu iwak. Wong lanang sing tukang gawe mebel iku lek nduwe wektu mesti budal nang kali, mancing. Jaman sik joko, Diman kerep kluyuran nang kutho liya, mung ngge mancing. Wis nduwe anak bojo paling banter kali cedek omah.

Selot gede anake, garapan yo selot akeh, hobi mancinge mulai sudo. Dudu ora seneng ning mergo ora duwe wektu. Ning jenenge hobi, wis ndaging, akhire Diman muter utek. Wis rong dina wong lanang iku umek nang mburi omah, gawe kolam. Tomin sing durung sekolah diluk-diluk nginguk bapake. Ning mergo akeh ngrusuhine Diman ngongkon bojone nggowo anake ngalih. Kebeneran Wiji lagi endang emake sing rada ora penak awake.

“Kolame pak’e anyal!” bengoke Tomin ngerti nang mburi omah ono kolam iwak, mari mulih saka omahe mbahe.

Kolam gaweane Diman ora amba, mung 2×3 meter. Kolam iku diiseni iwak nila. Diman sing ndelok anake seneng melu mesam-mesem. Lumayan iso ngge lawuh anake lek wis gede.

“Min! Woo, arek iki. Eruh pakmu di…diseneni koen ngko,” bengoke Wiji nang anake.

“Gak, pak’e gak tau nesu kok.”

“Yo mesti nesu lek ngerti koen koyok ngunu.”

Wiji sik bengak-bengok. Tomin sing dibengoki meneng ae, ning kancane sing tanggane wedi trus pamit mulih.

“Nguyuh ki nang jeding kono. Sopo ngunu iku sing marahi?”

Tomin nyebek, kate nangis.

“Iwake seneng.”

“Seneng yok opo, diuyuhi kok seneng. Adus kono, trus maem.”

Wiji nyandak anake, digowo nang jeding trus diadusi. Jenenge arek cilik, diajari kancane yo manut ae.

“Pak’e iwake oleh digoreng?” takone Tomin.

“Oleh, ojo saiki tapi. Sik cilik, sesasi engkas.”

“Wis gede kok. Wis iso maem dewe,” saure Tomin.

“Yo kaet wingi wis iso mangan dewe, padakno arek ae,” sauté Wiji.

Diman mesem. Anake iku ancen lucu.

“Yo, njupuk siji opo loro ngunu ngge lawuh,” omonge Diman.

“Aku njupuk dewe yo, Pak?”

“Opo iso?”

“Iso aku.”

“Sesuk. Saiki wis mangan, gek turu,” omonge Wiji nang anake.

Sesuke Diman budal kerjo kaya biasa. Wiji yo kaya biasa umek karo penggaweane ngurus omah. Tomin sing durung sekolah dolanan karo kancane.

Duarrr!

Krungu suwara banter nang mburi omah Wiji kaget. Wong wedok sing lagek umbah-umbah iku langsung metu saka  jeding karo nyincing dastere. Tomin karo kancane ngguyu-ngguyu.

“Tomin anake Diman! Wouhhh, arek iki…”

Ndelok emake Tomin menteleng-menteleng kancan-kancane Tomin langsung mlayu mulih. Tomin meneng karo mecucu ditinggal kancane.

“Lha kok iwake pakmu mbok bom koyok ngunu? Lak mati kabeh iku ngko.”

“Kalo pak’e oleh kok, ngge lawuh.”

“Njupuk siji, arek bagus, atek serok kae. Guduk diuncali mercon koyok ngene!”

Wiji sik ngomel-ngomel. Diomeli emake terus wedi lek bakal diseneni bapake, Tomin nangis. Wiji nyawang kolam iwak. Mbuh pirang iwak sing kampul-kampul mati. Anake  sing nangis digendong terus diadusi. Mari adus, Tomin didulang terus merem, turu. Wiji ngresiki iwak-iwak sing mati karo gemes ngrasakno polahe anake.

Mulih kerjo Diman ndelok kolame. Mari diceritani bojone, Diman nyedeki anake. Awale Tomin ora gelem, wedi, ning ndelok bapake ora nesu akhire arek lanang iku gelem melu bapake.

“Jenenge arek cilik, Pak,” omonge Wiji pas kate budal turu.

“Iyo, makane diajari sing bener. Koen ojo mbengak-mbengok ae, ngunu iku ditiru anakmu.”

“Lha kok malih aku sing salah. Lha mosok aku sing ngajari nguncali mercon iku mau. Wong aku lagi umbah-umbah…” omonge Wiji ora trimo.

“Yo gak ngajari dolenan mercone tapi ojo nesu-nesu ae. Sopo ngerti anakmu stress krungu koen nesu-nesu trus malih ngunu iku.”

“Yo, aku maneh. Sesuk tak meneng ae. Ancen kae anakku dewe, nurun aku kabeh wis.”

“Nesu, ngunu ae nesu.”

“Embuh,” omonge Wiji karo merem.

“Pijeti.”

“Gah! Males.”

“Yo wes, sesuk yo males kerjo. Turu ae enak.”

“Yo gak popo, cek anakmu mangan boto.”

Diman mesem.

“Ndang tho, awakku loro kabeh iki. Kecetit ketoke.”

“Pijeti atek arit ae,” omonge Wiji karo tangi.

“Kan…kan, ngene iki sing ditiru anakmu. Mbethik.”

“Bahno, penting urip,” omonge Wiji karo nyandak balsam. “Ndang murep,” omonge maneh.

Diman mesem terus murep.

“Sesuk ngingu singo ae, cek gak dingge dolenan anakmu,” omonge Wiji.

            Diman mung mesem krungu omongane bojone.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s