Turu Njaba


Jenenge wong omah-omah wis biasa lek kadang bengkerengan. Sebabe ora mesti sing abot-abot. Kerepe malah saka sing sepele. Ngunu uga nang keluargane Wiji karo Diman. Duwe anak siji lanang sing lagek lucu-lucune mulane iso ngge hiburan bapak emake. Ning arek kaet iso mlaku pingine yo mubeng ae, garai emake sing ngemong gempor.

“Pak, celeki ki anakmu. Kumbahane sik akeh kae,” omonge Wiji nang bojone sing kaet mari mangan.

“Yo kunu jarno ae lak dolenan dewe areke,” saure Diman.

“Jarno yok opo? Lak sembarang-mbarang dicekeli iku ngko.”

“Yo gak popo tho, dicekel anake dewe ae gak oleh,” Diman sik nyauri.

“Iyo lek dicekel thok. Wong karo anakmu trus diemplok, lek gak diguwak ngunu kok. Lek ngemplok gelas trus yok opo?”

“Malah apik,iso melu jaranan suk.”

Wiji menteleng. Tomin cilik sik ae mlaku ngubengi omah karo nyekeli opo sing nang cedeke.

“Gek ndang kok. Cek ndang mari kumbahane, ndang leren. Aku yo selak kesel.”

Karo krembak-krembuk Diman nyedeki anake. Digendong arek lanang sing pipine sak bakpao iku. Tomin kroncalan, ora gelem digendong. Arek cilik iku sik pingin dolanan.

“Keloni ya?” omonge Diman karo nggawa anake nang kamar.

Wiji mlaku nang mburi, nerusno lek umbah-umbah karo mesisan adus. Nang kamar, Diman sing ngeloni anake wis bablas tekan Kebraon, turu. Tomin sing masio wis adus, mangan, durung ketok ngantuk. Ndelok bapake merem arek cilik iku mlorot saka kasur, pingin mudun.

“Huaaaaa…..!!!”

Wiji sing mari adus kaget krungu suwarane anake nangis. Sik bebetan anduk, wong wedok iku mlayu mlebu kamar. Nang kamar Tomin nangis banter. Arek cilik iku kejlungup pas kate mudun saka kasur.

“Pak! Kon njaga anake malah ditinggal turu, delok iku anakmu njlungup,” bengoke Wiji karo nggendong anake.

Diman sing krungu rame-rame tangi. Wong lanang sing kekeselen mulih kerjo iku ketip-ketip matane.

“Lha iku mau tak keloni kok.”

“Ngeloni kok ditinggal turu. Iku areke mudun dewe gak eruh.”

Diman ngadeg. Didelok raine anake sing sik nangis. Irunge abang, lambene rada nyonyor.

“Ditinggal sediluk ae…”

“Iyo…iyo, wong ngantuk yok opo maneh.”

Wiji sik mecucu. Tomin rada meneng dimimiki emake. Ora suwi arek lanang iku turu. Pas turu Diman nyawangi anake. Irunge anake bores, lambene nyonyor. Diambungi anake iku mergo rumangsa salah.

“Ojo diambungi ae, tangi ngko.”

“Sithik thok.”

Kedadean Tomin tibo saka kasur wis pirang dina. Irunge karo lambene wis kaya biasa maneh. Ning selot umur selot akeh maneh tingkahe Tomin. Jelas Wiji selot repot. Diman sing kerjo isuk sampek sore, masio cedek, kadang wis kekeselen lek kon ngemong anake. Mulih kerjo, adus, mangan trus turu.

Lek kon ngemong anake jare kesel, ning lek nongkrong sik seneng. Opo maneh lagi musim bal. Ndilalah tipi nang omah lagi rusak, mari kesamber bledeg antene.

“Kate nang ndi?” takone Wiji nang bojone.

“Sediluk ae,” omonge Diman.

“Aku wis ngantuk, ojo bengi-bengi.”

“Gak…gak. Iku mumpung anake wis turu, tak metu sediluk.”

Jenenge wong lanang lek ono bal kaya ndelok wong ayu. Opo maneh rame-rame nang poskamling, ngemil karo ngopi. Lek trus mulih dewe, ora gugah-gugah yo ora masalah. Wis mulihe bengi, ngugahi kon mbukakno lawang iku sing akhire dadi perkoro. Kaya bengi iki. Wiji ngomel-ngomel mergo wis enak-enak turu kudu tangi mbukakno lawang. Kaet isuk wis kesel ngurus omah karo anake, bengi wayahe turu malah ditangekno.

“Sesuk lek ngene maneh gak tak bukakno lawang,” omonge Wiji.

“Gak…gak. Sesuk wis mari kok bal’e.”

“Aku ki kesel.”

“Ho oh, gek turu maneh kono.”

Masio mangkel akhire Wiji budal turu maneh. Diman langsung mlungker sanding anake trus numpak kapal laut, ngipi.

Sore mari mangan Diman siap-siap. Wong lanang iku wis adus. Sarunge sing biasa ngge turu disampirno pundake.

“Kate nang ndi maneh? Jare wis mari,” takone Wiji.

“Anu…aku lali. Wayahe rondo iki mau,” omonge Diman mbujuk.

Wiji menteleng.

“Pisan iki ae, Mak. Mosok gak rondo, lak gak enak karo wong-wong,” omonge Diman kalem.

Wiji mlengos trus mlebu kamar. Diman mesem trus budal nang poskamling. Ora rondo ning nontok bal.

“Mak…Mak.”

Mari nontok bal, Diman mulih. Biasane nyeluki bojone pisan pindo wis dibukakno lawange. Iki wis bolak-balik ora ono suwara saka njero.

“Mak, bukakno lawang,” bengoke Diman rada banter.

Nang njero, Wiji bukane ora krungu. Wong wedok iku wis tangi ning mangkel. Ben dina wis dikandani sik ae dibaleni. Tipi rusak kon ndang ndandani cek iso nontok dewe nang omah yo ora digambres.

“Turu njaba kono. Dipikire aku gak kesel ngunu ta,” omonge Wiji lirih.

Kesel lek ndodoki lawang Diman akhire meneng. Kate nang omahe emake ora penak, emake pasti yo turu. Kate mbalik nang poskamling isin. Akhire Diman milih mlungker nang kursi ngarep omah.

“Awak,” omonge karo merem.

 ***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s