Lara Ati


Sak durunge rabi karo Diman, Wiji wis bolak-balik sir-siran. Pacaran cara bedes alias cinta monyet lek jare arek saiki. Mulih sekolah, arek SMEA iku ketok mbladus raine. Kringete ndrodos kabeh ketambahan lambene sing mecucu ae. Bapake sing yo lagek ae mulih dodolan mung nglirik anak wedoke iku.

Biasane mulih sekolah langsung nyandak piring, mangan. Awan iki Wiji sing ketoke lagi ora enak atine mung lungguh karo usrek ae. Jawane ngunu golek perhatiane bapak karo emake. Ning emake sing sik umek ngladeni bojone ora tanggap. Bapake yo mung meneng ae karo nyruput wedang.

“Pak’e…” mergo ora betah akhire Wiji nyeluk bapake sing lungguh nang ngarepe.
“Lapo? Mulih sekolah prengat-prengut ae. Gek ndang mangan,” saure bapake.
“Ora luwe.”
“Dingaren. Biasane gak atek diomongi wes ngentekno rong piring.”

Krungu omongane bapake Wiji mrengut maneh.

“Kene lek gak gelem mangan pijeti pak’e.”
“Wegah,” saure Wiji.
“Gak gelem mijeti yo sesuk-sesuk pak’e wegah kerjo, turu ae enak.”
“Gak gelem kerjo yo wes, ben aku karo mak’e keluwen,” saure Wiji.
“Wou…arek kok.”

Sik durung enak atine, Wiji nerusno lek mrengut. Disawang bapake sing ngenakno mangan. Masio luwe arek wedok iku males ndemok sego. Mari mangan, ndelok anake sing rupane sik njrungut, bapake Wiji gatel nakok.

“Koen iku lapo?”

Ora nyauri, Wiji malah selot mrengut. Emake sing wis mari karo urusane nang pawon akhire melu lungguh. Disawang ae wis ketok lek Wiji nurun bapake. Bapake sing wong etan lor ketok keras, banter omongane. Emake luwih kalem.

“Patah hati anakmu, pak,” emake Wiji melu ngomong.
“Lha wingi kae lah uwis sih? Sik maneh?”

Wiji mecucu. Biyen pas dheweke sik cilik bapake mesti ngomong lek lambene iku kaya pitik kate nelek.

“Mangan kono lho, ngko lak enak atine.”
“Yo gak kolu, lara ati kok kon mangan,” saure Wiji.
“Halah, biasane yo ngentek-ngenteki ae.”

Wiji mbenankno lek lungguh. Ati ora penak, awak melu ora penak.

“Adus-adus kono lek gak gelem mangan. Ambumu kecut koyok ngunu, yo mesti ditinggal pacarmu. Arek wedok ki sing resik, wangi, enak disawang. Wis kecut prengat-prengut ae yo garai males.”

Krungu omongane bapake nambah sak senti maneh lambene Wiji lek maju. Lara ati malah diceramahi, batine.

“Arek wedok ki sing penting resikan, pinter masak, sregep, ngko lak akeh sing marani. Ngunu ae dadak gak doyan mangan barang, malah koen dewe sing rugi. Sing giras, sehat, seger ngko lak enak dewe atimu. Sesuk yo wes lali lek larane.”
“Lek sing marani gak disenenge yok opo?” takone Wiji.
“Halah, kakean milih. Emakmu mbiyen tak parani yo langsung gelem. Nyatane saiki yo enak tho, seneng, masio biyen gak kenal.”
“Yo mak’e terpaksa, gak wani karo embah.”
“Jare sopo?” takone bapake.

Emake Wiji mung meneng ae.

“Aku lho ngerti emak mbiyen nduwe pacar sak gurunge pak’e lamar. Yo tho, mak? Aku lho dicritane Lik Yah.”

Bapake Wiji meneng.

“Pacaran ngge opo, malah garai lara ati. Koyok koen saiki. Penting lak saiki. Lagian lek makmu nggak gelem karo pak’e koen yo gak onok saiki,” saure bapake ora gelem kalah.
“Pak’e ora ngerti atine wong wedok. Ati ki penting, ora mung mangan ae sing dipikir. Wareg o lek atine ora penak.”
“Lha buktine makmu yo penak-penak ae. Yo gak mak? Aku gak tau nglarani atine makmu. Tanggung jawab karo keluarga. Lek biyen karo pacare kae lak gurung mesti koyok ngene. Iso ae makmu ditinggal.”

Wiji meneng. Emake Wiji mung mesam-mesem.

“Gek adus kono trus mangan. Kramas sisan cek seger iku uteke. Paling-paling njaluk ditukokno sate tho?”

Mari ngomong bapake Wiji langsung ngadeg. Kesel mari dodolan nang pasar biasane wong lanang iku turu awan sak jam rong jam. Ndelok bapake mlebu, emake yo melu ngetutno bapake, Wiji melu ngadeg. Diambu awake. Bapake bener, kecut. Arek wedok iku akhire adus.

“Anakmu nang ndi, mak?” takone bapake Wiji mari tangi turu.
“Iku nang kamar.”
“Wis mangan?”
“Uwis, mung inyak-inyik tapi wis dileboni. Iku mau yo langsung adus.”
“Turu ta saiki?”
“Ora, glebakan ae.”

Bapake Wiji mlaku nang mburi omah. Ora let suwi mbalik mlebu omah trus nang kamare anake.

“Ayo melu pak’e.”
“Nang ndi?”
“Mancing.”

Masio aras-arasen Wiji akhire melu. Timbang nang omah, atine yo sik durung enak. Wiji karo bapake budal nang kali numpak sepeda, boncengan. Mulane Wiji mung lungguh nang pinggir kali karo nglamun ning suwi-suwi ndelok banyu sing bening arek wedok iku akhire mudun, dolanan banyu.

“Pak’e ki!”

Wiji mbengko ndelok bapake nongkrong, ngising ora adoh saka lek dolanan banyu. Arek wedok iku langsung munggah karo mecucu. Bapake sing ndelok Wiji mrengut malah mung mesam-mesem. Nang omah, iwak olehe mancing langsung dimasak. Bapake Wiji ora mung pinter mancing ning yo pinter ngolahi.

“Enak gak?” takone bapake Wiji.

Wiji manthuk-manthuk karo nggragoti iwak olahane bapake.

“Kandani kok, mangan ae enak, timbang mikiri ati.”
“Iki mau pakane opo, pak?” takone Wiji.
“Yo iku mau sing pak’e tokno nang kali.”

Krungu saurane bapake Wiji langsung mendelik trus muntah-muntah. Arek wedok iki mlayu nang jeding.

“Pak’e njijiki!” bengoke.

Emak karo bapake Wiji mung ngguyu-ngguyu ndelok polah anak wedoke iku.

“Gak, iku mau dipakani cacing. Sumpah,” omonge bapake Wiji karo sik mesem.

Nang njeding Wiji sik blokekan.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s