Wiji


Jare uwong tuwo buah lugur ora adoh saka uwite sing artine lek anake nggomblohi delok dhisik emak bapake. Ngunu uga Tomin, arek lanang iku lek jare uwong-uwong rupane 11-14 karo bapake ning tingkah polahe 11-11,5 karo emake. Iki crita jaman cilikane Wiji, adoh sakdurunge ketemu Diman trus gawe Tomin.

Jenenge arek cilik pasti paling seneng lek kon dolanan, ngunu uga Wiji. Arek wedok sing wis umur sanga taun ning prejengane sik kaya arek umur nem taun iku ora tau absen lek dolanan. Masio kerep dijak pindah-pindah omah, Wiji ora tau wedi alias minder nang pergaulan. Dudu mergo bapak emake sugih trus gonta-ganti omah, pindah, ning sewalike. Bapake Wiji pegawai pemerintah sing milih metu trus njajal dodolan pithik sakwise njajal usaha macem-macem ning ora kasil. Emake mung ibu rumah tangga. Mula iku kaet nang weteng Wiji wis biyasa dijak mbambung.

Masio urip susah, Wiji arek sing ndableg. Ora mung mergo sik cilik trus durung ngerti opo-opo ning yo mergo bapak emake ora tau macak melas. Emake Wiji wong wedok sing ora mung pinter ngramut anak bojo ning yo encer uteke. Wiji cilik biyasa didongengi. Biyen jaman bojone sik pegawe Wiji biyasa ditukokno kaset dongeng. Jaman ora penak kaya saiki emake sing macak radio, kadang yo diwacakno langsung crita-crita saka buku sing dinduweni.

“Ji, ayo dolanan,” celuke koncone saka njaba omah.

Ora nyauri, Wiji sing mari mangan langsung mlayu metu.

“Mak, aku dolan,” bengoke pamit nang emake.

Nang lapangan cedek omah, arek-arek koncone sekolah wis podho nglumpuk. Arek cilik sing ono wolu iku lagi dolanan benteng-bentengan. Playon rono rene, kadang ono sing lugur, bundas dengkule, nangis diluk ning trus ngguya-ngguyu dadi pemandangan sing wis biyasa. Masio awake cilik dhewe ning lek mlayu Wiji paling banter dhewe. Kesel dolanan, surup, arek-arek iku mulih nang omahe dhewe-dhewe.

“Mak, minggu ngarep kon karnaval.”

“Macak opo?” takone emake karo dondom.

“Ora macak. Omonge gurune aku kon dadi petani.”

Omonge Wiji karo nyawang emake ning sing disawang mung ambegan diluk karo terus dondom. Emake Wiji ngerti anak wedoke iku mesti lagi gelo. Kaet cilik dheweke pingin macak ayu lek pas karnaval ning karo gurune ora tau dikongkon.

“Petani yo apik,” saure emake.

“Mak,” celuke Wiji karo nglendotan nang emake.

“Aku ayu?” takone maneh.

“Ayu, kabeh wong wedok ayu.”

“Koyok emak?”

“Ho oh.”

Wiji mesem.

“Mak, lek aku adus terus iso putih koyok emak?” takone Wiji maneh.

Emake Wiji neleh kathoke bojone sing lagi didondomi nang pangkuane. Disawang anake sing sik glendotan.

“Iso. Sing penting sehat,” saure emake.

Didelok saka rupa ancen Wiji ora mirip emake. Kulite emake kuning resik, ora kaya dheweke sing sawo kematengen. Rupane emake Wiji kalem, khas wong ndeso. Wiji nyekel tangane emake trus disandingno tangane. Emake mung mesem ndelok polahe iku.

“Mak,” celuke maneh.

“Opo?” takone emake kalem.

“Masio elek, aku anakmu ya.”

Emake mesem maneh. Bapake sing kaet mulih melu krungu omongane Wiji.

“Aku nduwe.”

Ndelok bapake teko Wiji langsung pindah nang bapake.

“Nduwe opo, pak?”

Bapake Wiji ngelungno kresek, langsung ditampani Wiji karo ngguya-ngguyu.

“Onde-onde!” bengoke kesenengen.

Nang sekolahan masio ora pinter, Wiji kerep dijaki lek ono lomba-lomba. Opo maneh Agustusan ngene iki. Wiji sing sakjoke kelas telu melu Pramuka dilebokno grup sing kate melu kemah, kumpul pramuka-pramuka liya sak kecamatan. Nang pramuka masio paling gesit arek iku kerep didadekno pasien sing diperban trus ditandu mergo awake sing paling cilik dhewe. Masio kaya ngunu ning Wiji tetep seneng.

“Weh, sepedae anyar,” omonge Wiji pas sore diparani koncone.

“Iyo no, tas ditukokne bapakku nang pasar. Apik tho.”

“Ho oh, apik.”

“Ayo melu nang lapangan. Ngowoo sepeda.”

“Ora nduwe, sepedae digawe bapak dodolan.”

“Yo wes melu ae. Ayo, Lis,” omonge koncone ngajak konco sithoke.

Nang lapangan sore iki konco-koncone Wiji podho nggowo sepeda. Ono sing sepeda cilik, akeh-akeh sepeda gedhe, sepedae bapake.

“Kowe nyurung nang mburi ae, Ji. Sulis tak gandenge,” omonge Patimah sing sepedae anyar.

Ora nggowo sepeda, ora ono sing nggandeng, Wiji akhire mung mlayu ngetutno konco-koncone.

        “Ojo banter-banter lek nyurung, tibo ngko aku,” bengoke Patimah.

         “Ho oh, Wiji ki. Alon ae,” Sulis sing digandeng mburi melu ngomong.

           “Ora-ora,” saure Wiji karo ngguyu.

Kerep dingge kalah-kalahan karo konco-koncone ning Wiji ora tau nesu. Arek wedok iku pancet sumringah raine. Lek wis bosen diilokno paling kadang disauri, masio ora karo nesu.

            “Aku sing dadi manten yo, kowe ora pantes,” omonge Patimah.

            “Ho oh, kowe dadi tamune ae. Pengiringe siji ae, aku. Yo, Pat?” tambahe Sulis.Sore iki dolanane ganti manten-mantenan. Patimah sing ayu ora gelem gantian, dheweke pingin dadi mantene terus.

            “Bosen, ganti dolanan ae,” omonge Wiji.

            “Halah, padike emoh dadi tamu tho. Dolanan opo? Kowe lho mesti kalah.”

Wiji meneng sediluk trus mesem.

            “Dolanan elek-elekan ye?” takone karo nantang.

Wis males dolanan, Patimah karo Sulis karo arek-arek cilik liyane milih mulih.

            “Ora wani tho? Wedi kalah tho?” omonge Wiji dhewe, ditinggal koncone.

Saka omah emake mung nyawang anake iku karo gedheg-gedheg.

            “Elek yo ben, sing penting sehat,” omonge Wiji karo nyebeki koncone sing wis adoh. Arek wedok iku trus mlebu omah.

 

***

           

           

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s