Lara


Jenenge arek cilik, senengane dolanan. Opo ae, ora peduli apik opo elek, reget opo resik. Ngunu uga Tomin. Arek lanang umur patang taun iku paling pinter lek dolanan. Dolanan saka lek nukokno emak bapake, yo dolanan lek gawe dhewe. Mari dolanan kadang ngunu lek ora eruh emake langsung ngemplok panganan. Tangan mari ndemok opo-opo ora diisuhi dhisik, langsung nyandak opo sing ono nang duwur meja makan. Pisan pindo ora masalah, lha ndilalah wingi iku kok pas apese. Awake panas, watuk pilek ditambahi mencret. Komplit wis.

“Maem ya? Sithik ae,” Wiji ngrayu anake.

“Emoh huhuhu…” saure Tomin karo ndrenginging.

“Lemes ngko, gurung maem blas kaet isuk.”

“Emoh maem! Huhuhu…”

“Yo wis mik susu ae, ya?”

“Emoh, emoh kabeh!”

Wiji mrengut. Tomin sing ora penak awake nangis ae ora gelem meneng. Diluk-diluk watuk, trus umbelen. Wiji wis nggowo Tomin nang puskesmas karo bojone. Wis dikei obat masio ngombeknone kudu gelut dhisik mergo anake ora gelem. Lambe pait garai arek lanang iku ora gelem mangan opo-opo. Gelemo njaluk malah es, jelase ora oleh.

“Maem sik, iki satene enak. Pak’e tuku nang sanding stasiun, sing enak kae,” Diman melu ngrayu anake.

Tomin gedheg-gedheg.

“Gendongen sik, pak, kemeng pundakku,” omonge Wiji.

“Emoh!” Tomin sing krungu emake kate ngewehno dheweke nang bapake mbengok.

Kaet awake ora penak, arek lanang iku ora gelem turu. Ora gelem mudun saka gendongane emake yoan.

“Mak’e kesel, karo Pak’e sik sediluk. Ngko karo mak’e maneh,” omonge Diman.

“Emoh.”

“Mak’e kroso ngising, sediluk ae,” omonge Wiji.

“Emoh, ojo dipekso! Huhuhu…”

Ora gelem diganteni, Wiji sing kebelet akhire nggowo anake nang WC. Bahno wis, pikire, timbang mbrojol.

“Min, pak’e tumbas preciken. Enak wis. Maem ya?”

Tomin gedheg-gedheg. Sampek bengi Tomin sik ae durung gelem mangan. Roti lek nukokno mbahe mau awan dipangan sithik, karo teh anget.

“Mak, dikeloni ae karo disusoni,” omonge Diman.

“Lha wong genah gak gelem ngunu lho kaet mau.”

“Guduk susu gelas, susonono karo dikeloni. Ngko lek iso turu kan enak awake.”

“Gak onok isine, malah ngge cakot-cakotan ngko.”

“Yo penting iso turu, timbang awakmu nggendong terus koyok ngunu lak kesel.”

Wiji mikir. Boyoke rasane kudu pedot. Nggendong Tomin sing awake montok ngene iki jelas abot.

“Bobok ya, tak keloni,” omonge Wiji.

Tomin meneng, matane sing biasane plerak-plerok ketok sayu, lemes. Diman nebahi kasur. Wiji ngletak karo ngeloni anake. Masio lambene wis disumpeli susune emake ning diluk-diluk sik ndrenginging, nangis. Diman ngepuk-puk bokonge anake. Setengah jam akhire Tomin meneng, turu.

Limang dina Tomin ora enak awak, akhire arek cilik iku waras. Isuk-isuk wis njaluk adus, mangan trus mlayu dolanan. Bedo anake bedo emake. Isuk iki mari ngurusi anake Wiji glundang-glundung nang kasur. Diman sing awan mulih kate mangan awan bingung ndelok bojone. Raine bojone kucel, ketok lek durung adus. Lambene sing biasane ora meneng mingkem dipet.

“Lapo koen, Mak? Anake wis waras kok gak seneng.”

Wiji ora nyauri.

“Yahmene gurung adus, sat ta sumure?”

Ora disauri. Diman sing mung sediluk lek istirahat akhire ngalih, mangan trus budal kerjo maneh. Bengi Tomin wis turu. Wis enak mangan turune yo penak. Diman yo siap-siap turu.

“Pak,” celuke Wiji.

“Lapo?”

Wiji nyebek.

“Lapo kok, malah mecucu?”

Diman nyawang bojone sing nggletak nang sandinge. Raine sik kaya mau awan.

“Gurung adus?”

“Uwes, raup.”

“Gak tayamum sisan? Howo koyok ngene kok raup thok. Adus kono cek seger.”

“Awakku gak enak,” omonge Wiji karo selot mecucu.

Diman ndemok bathuke bojone. Rada panas.

“Wes mangan?”

Wiji gedheg.

“Lha lapo? Entek ta segone?”

Wiji gedheg maneh. Diman ambegan dawa. Wong lanang iku tangi.

“Pingin opo?” takone Diman.

“Sego goreng,” omonge Wiji rada mesem, rada mecucu.

Diman nyandak sepeda montore trus budal tuku sego goreng. Mari mangan sego goreng Wiji turu. Isuke Diman tangi dhisikan. Anake sing wis tangi mlayu nang omahe mbahe.

“Mak, gak masak ta koen?”

Wiji klugat-kluget. Awake sik durung enak.

“Loro temenan ta, Mak?”

Wiji manthuk. Diman ngukuri gundule. Ngurusi anake lara ono limang dina, Wiji akhire ambruk.

“Pak, tukokno soto.”

“Soto opo?”

“Daging.”

Wiji sing ora penak awake njaluki panganan sing enak-enak.

“Pak, sego padang.”

“Piro?”

“Siji ae, lek sampeyan gelem yo tukuo sisan.”

Bengi Tomin dititipno mbahe. Wiji sing ora ngalih saka kasur sik uglak-uglik.

“Pak, tukokno martabak.”

“Lha rotimu mau opo wis entek?” takone Diman.

“Uwes, kan kaet mau awan.”

Diman ora omong maneh, langsung budal.

“Pak, sego sambel enak paling yo?”

“Pedes, loro ngko wetengmu.”

“Malah enak, kan iso ndang kringetan. Tukokno, Pak.”

“Koen ki sakjane loro opo keluwen?” takone Diman.

“Loro.”

“Loro kok kabeh-kabeh dipangan, kabeh-kabeh dijaluk.”

“Lha timbang loro gak enak mangan lak gak waras-waras?”

Diman meneng. Yo bener sakjane ning yo aneh. Wong lara kae lak lambene pait, mangan opo ae ora enak. Lha iki bojone malah sewalike.

“Ayo melu,” omonge Diman.

“Nang ndi? Loro kok dijak metu, ngko kenek angin malahan.”

“Wis manut ae. Adus kono tapi, ganti klambi, macak sing ayu, tak enteni.”

Wiji meneng. Disawang bojone sing metu saka kamar. Ora let suwi wong wedok iku metu, budal adus, masio wis bengi.

“Lha ngunu lak seger. Ayo,” omonge Diman karo mlebu kamar.

“Kok malah mlebu, jare dijak metu?”

Diman ngletak. Wiji sing bingung mung njegegeg nang lawang kamar. Diman ngawe bojone.

“Akeh angin, kene, turu ae. Tak keloni.”

Wiji mecucu. Tibake wong wedok iku mek dibujuki bojone.

“Kene, lak waras koen ngko,” omonge Diman maneh.

Wiji selot mecucu ning wong wedok iku manut. Dicedeki trus disanding bojone sing wis gletakan.

“Saknoe, rek. Loro? Ho oh?” omonge Diman karo ngrangkul bojone.

Sing ditakoni meneng ae masio terus mecucu.

 

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s