Kawula Telih


“Pingin mangan opo?” takone Diman sing bengi iki ngapel.

“Sembarang.”

“Mie Ayam sanding pabrik yo.”

“Emoh, ben dino wes mangan mie.”

Diman mikir.

“Lontong Kupang, aku wes ngerti sing enak saiki. Sing wingi kae kalah.”

“Ngko aku biduren maneh. Liyane.”

Diman meneng. Gundule dikukuri, kate mangan ae suwi.

“Tahu Tek ae, nyegat ngko sing lewat.”

Wiji mecucu, ora setuju.

“Lapo? Emoh?”

“Gak onok segone,” saure Wiji.

“Lha opo? Mau jarene terserah, dipilihno gak onok sing bener.”

“Sing atek sego.”

“Akeh opo sithik segone?” takone Diman.

“Sithik.”

“Yakin? Ngko kurang?”

“Yakin. Aku sik wareg.”

“Lek sik wareg yo gak usah mangan.”

“Emoh, ngko luwe.”

Sakjane luwe opo wareg, pingin mangan opo ora, batine Diman.

“Sego padang?”

Wiji meneng, raine yo ora ono ekspresi.

“Gelem gak?” takone Diman maneh.

“Mesti segone akeh ngko,” saure Wiji.

“Yo ngko njaluk separo ae segone. Ayo budal, selak luwe aku.”

Arek lanang wedok iku akhire budal nang warung sego padang. Mergo warunge cedek arek loro iku milih mlaku. Nang warung Wiji karo Diman milih lawuh. Pas bakule ngedoli Wiji, Diman ngilingno.

“Segone jare separo?”

“Gak, utuh ae,” saure Wiji.

Nggowo piringe dewe-dewe arek loro iku golek lungguhan. Pojok mburi sing dipilih. Pesenan ombene yo wes diterno. Wiji sing jare sik wareg mangan telap-telep. Diman sing wes luwe kaet mau mung nglirik.

“Segone dengaren sithik ya, biasane akeh,” omonge Wiji.

Diman meneng, nerusno lek mangan. Segone sik separo. Mari mangan arek loro iku mulih. Wes bengi, sesuk wayahe macul.

Sesuke maneh,

“Akehe segone, ngerti ngene mau ngomong separo aku. Ngko lek gak entek yok opo?” takone Wiji.

Wiji karo Diman milih nang warung bebek goreng. Warung sing diparani Wiji karo Diman ora anyar, ning arek loro iku kaet pertama njajal mangan nang kono. Kepingin mergo rame, pingin ngrasakno enak orane.

“Yo ngko lek gak entek tak entekno. Dipangan sik,” saure Diman.

Wiji manthuk. Arek wedok sing doyan pedes iku langsung siap-siap ngemplok bebek gorenge.

“Yo iku jupuken,” omonge Diman nang Wiji pas arek wedok iku wes ngentekno segone.

Wiji mung meneng karo nyawang Diman. Diman sing bengi iki krasa luwe nemen mesen sego loro. Sing siji lagi dipangan, sing siji nang tengah-tengahe piringe karo piringe Wiji sing lungguh nang ngarepe.

“Panganen, ngko tak pesen maneh,” omonge Diman maneh.

Karo rada isin Wiji njupuk piring nang ngarepe. Piringe dewe sing wes kosong diingerno.

“Wareg?” takone Diman pas wong loro iku wes mari lek mangan.

Wiji manthuk. Kringete pating drodos nang raine. Lambene abang, kepedesen. Matane selot amba. Pipine sing bunder ketok selot nyempluk.

“Enak yo, pedes sisan. Garai pingin nambah sego, ngilaki pedese,” omonge Wiji.

“Ho oh,” saure Diman sing bengi iku mung ngentekno sak piring, ora sido pesen maneh.

Malem Minggu ngarepe Wiji Diman metu maneh. Saiki milih warung bakso sing ora adoh saka kos-kosane Wiji. Arek loro iku pesen rong mangkok, siji-siji. Mergo akeh sing tuku arek loro iku kudu ngenteni. Nang sebelahe lek lungguh ono arek lanang wedok sing yo lagek pacaran. Umure ora bedo saka Wiji Diman. Bedane arek lanang wedok sebelahe iku ketok keren. Sing lanang mangan karo diluk-diluk nggodani pacare, mesam-mesem. Sing wedok diluk-diluk nutupi lambene, ngelap cek ora ngluprut kuah bakso, karo mesem.

Wiji nglirik sediluk trus nyawang bakul bakso sing ora ndang ngeterno pesenane. Diman nyawang arek wedok pacar arek sebelahe. Ora suwi dheweke nyawang Wiji. Ora bedo adoh. Kaya arek kembar beda bapak emak. Sing sebelah putih mulus terawat plus lembut, sing nang ngarepe sawo kematengen kakean ngganteni cagak jemuran plus kaya roro, roro uteke.

Sing dienteni akhire teka. Ora kakean cangkem, Wiji langsung nyandak mangkok bakso trus mulai mangan. Arek loro sebelahe wes mari lek mangan, karo gandengan tangan arek loro iku ngalih, mlaku nang ngarep mbayar baksone. Diman sempat nyawang arek wedok sing mau lungguh sebelahe Wiji iku, sing disawang krasa trus nyawang Diman diluk karo mesem. Wedi konangan Wiji, Diman langsung ndingkluk ngedep mangkoke. Dilirik Wiji sing ngenakno lek mangan bakso. Aman, pikire.

Bengi iki Wiji ora nambah, semangkok wes cukup. Mari mbayar, Diman ngajak Wiji mbalik nang kos, nerusno lek pacaran karo lungguh nang teras. Teras sing ora patio padang cocok ngge arek pacaran. Opo maneh kos e Wiji lagi sepi, mung dheweke karo Diman sing ketok nang ngarep. Tangane Diman wes usrek ae, nyekeli irung, nyekeli pupune dewe. Wiji sing lungguh nang sandinge anteng.

Diman wis siap-siap kate ngambung pacare, mumpung suasane pas. Lungguhe ditepakno, nyedek-nyedek Wiji. Pas siap kate ngambung moro-moro…

“Pak, sego goreng!” bengoke Wiji karo ngadeg.

Wiji mlaku nyedeki embong. Bakul sego goreng sing diceluk mandeg. Mari ngomong pesenane Wiji mbalik nang lek lungguh.

“Mau kan guduk sego,” omonge Wiji sak durunge ditakoni Diman.

Diman sing ora sido oleh pipi mung iso ngelus dada nang njero ati. Weteng opo joglangan, batine.

 

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s