Gendakan


Jenenge wong pacaran opo ae rasane enak. Paribasane sego sadukan rasa sego padang lawuh kikil ombene es jeruk. Ngunu uga Wiji Diman jaman pacaran. Masio ora patio akeh omong, sing omong yo mung siji, Wiji, Diman bagian mesem, manthuk, ngising, ning senenge nang ati ngalah-ngalahi oleh pembagian sego padang gratis.

Kaya buruh-buruh liyane, malem Minggu iki Wiji Diman siap kate budal pacaran. Mulane pingin nontok pilem nang bioskop ning durung bayaran, akhire yo mung uglak-uglik nang jembatan. Jembatan sing ora adoh saka mall iku lumayan rame. Diluk-diluk ono wong liwat, durung maneh montor sing wira-wiri. Ora opo-opo penting iso loroan, ndelok ramene wong liwat masio karo nyableki nyamuk yo dilakoni.

Wiji sing kesel ngadeg akhire milih lungguh, ndlosor. Diman ngadeg nang sandinge.

“Ojo meneng ae,” omonge Diman.

Akhire ngomong, batine Wiji karo siap-siap, siap dirayu.

“Lapo? Kesel kok,” saure alon karo rada mecucu, epok-epok.

“Yo tangane karo ngathung, lak lumayan iku ngko,” omonge Diman maneh.

“Padakno wong ngemis ae,” saure Wiji mangkel.

Diman sing kesel ngadeg pingin melu lungguh ning males lek nang pinggir dalan ngajak Wiji ngalih. Wong loro iku pindah rada ngisor, nang pinggir kali. Pinggir kali luwih sepi, luwih peteng yoan. Arek lanang wedok iku lungguh jejer. Wiji sing lagi males ngomong tangane uthes ae, njabuti suket.

“Seneng ta?” takone Diman.

Wiji mecucu.

“Lek seneng sesuk tak golekno,” omonge Diman maneh.

Wiji mandeg lek njabuti suket trus nyawang Diman. Diman sing salah tingkah akhire nyawang ngarep, mengalihkan pandangan ngunu lah jawane.

“Golekno opo maksude?” takone Wiji.

“Lha iku njabuti suket…”

“Trus mbok kon ngemplok aku ngunu? Ho oh?” takone Wiji karo rada banter, gemes.

“Yo be’e seneng, kaet mau kok umek ae karo suket,” omonge Diman alon.

Kudu diklethak ae gundule Diman karo Wiji ning diempet. Pacaran kok ora romantis malah dijak gelut, batine. Mangkel, Wiji meneng maneh. Tangane karo diteleh nang nduwur pupune. Diman dudu ora ngerti karepe pacare ning arek lanang iku sik meneng ae. Nang njero ati dheweke mbatin mesti Wiji njaluk diambung.

Kesel meneng ae Wiji umek maneh. Arek wedok sithok iki ancen beda karo menungsa liyane. Lek wong liya umek ae lagek kesel, Wiji iki lek meneng ae malah kesel kabeh awake.

“Mas,” celuke kalem.

“Opo?” saure Diman ora kalah kalem.

“Sampeyan nduwe rumah?” takone Wiji.

“Nduwelah, omahe emak.”

Wiji mesem. Diman meneng, pikire pikun be’e pacare iki.

“Cocok lek ngunu. Aku nduwe tangga, yuk rumah tangga hehehe,” omonge Wiji karo cengengesan.

Kumat, batine Diman sing wis paham lambene pacare sing kiwir-kiwir.

“Seret nang kasur sisan koen ngko,” saure Diman.

“Kok nang kasur? Nang KUA sik no,” protese Wiji.

“Kesuwen. Kasur sik ae, enak.”

Wiji meneng. Pingine njejeg Diman ning diempet maneh. Kudune lakyo gentian dirayu, mosok kudu dikomando ning jenenge Diman yo ngunu iku. Ora sabar ngenteni, Wiji langsung nagih.

“Ganti,” omonge.

“Ganti opo? Gak gowo ganti aku, klambi wis apik ngene kok.”

“Sopo sing ngongkon ganti klambi, ganti sampeyan sing ngomong.”

“Kaet mau yo wis omong.”

Lek ora eling arek nang sandinge iku uwong ngunu wis dicakot karo Wiji saking gemese. Ning bengi iki imane rada kandel, akhire Wiji nyakoti lambene dewe. Dalanan sik rame. Nyamuke yo selot akeh. Moro-moro…

“Tak duduhi potoku ya?” omonge Wiji karo ngetokno dompete.

Diman meneng karo nyawangi pacare.

“Ayu tho?” takone Wiji karo ngetokno poto saka dompete.

“Sopo sing moto?” takone Diman.

“Mbuh, iku mau dikei arek-arek.”

Diman nyawang potone Wiji sing lagi ngadeg nang pabrik. Didelok saka gayane, poto iku dijupuk ora sengojo, alias dicolong. Wiji ketok ngguyu, mbuh ngguyu opo, ning ora nyawang kamera.

“Apik gak?” takone Wiji maneh.

“Ho oh.”

Wiji mesem, seneng.

“Ayu ya?” balene Wiji, sik durung marem lek durung oleh jawaban ayu.

“Koyok SPG,” saure Diman.

Wiji selot amba lek mesem, atine seneng pol.

“Gak ah, SPG kae lak ayu-ayu sih. Maksude ayu nemen, aku kan…”

Wiji ora nerusno lek omong, disawang Diman.

“SPG opo iki maksude? SPG rokok lak gak mungkin sih,” takone rada banter, siap-siap emosi.

“SPG batako,” saure Diman karo mesam-mesem.

“Sing penting lak SPG,” teruse Diman ndelok Wiji wis menteleng-menteleng.

“Cakot sisan mbuh sampeyan ngko,” omonge Wiji gemes.

“Cakoten,” saure Diman kalem.

Wiji ngadeg. Diresiki rok’e saka lemah karo suket.

“Nang ndi?” takone Diman.

“Njegur kali, ciblon, panas howone nang kene,” saure Wiji karo mlaku ngalih.

Diman ngadeg. Tangane Wiji ditarik. Wiji sing mbedodok atine langsung mandeg.

“Kunciku mau nang ndi yo?” takone Diman.

“Tak emplok!” bengoke Wiji mangkel.

Pas ditarik tangane Wiji mikir kate dirayu tibake malah ditakoni kunci. Wong wedok iku mlaku maneh, dijarno Diman sing bingung nggoleki kuncine. Wiji sing wis mlaku adoh akhire mbalik maneh polahe Diman sik meneng ae nang nggone mau.

“Sampeyan nggak nggowo kunci, kene mau mlaku.”

Eling lek ora nggowo montor Diman akhire ngukuri gundule.

“Gusti, paringono kesehatan,” omonge Wiji sing sik gemes.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s