Opo?


Arek umur telung tahun, wes inal-inil, mlayu rono rene, omonge wes akeh masio durung genah. Ono opo-opo dilebokno lambe, diemplok. Eruh opo-opo ditakokno, nganti kesel sing nyauri. Jenenge arek cilik, lagi blajar ngerti dunyo. Lek wes ngunu jelas emake sing gemes, gemes ndelok polah karo omonge yo gemes pingin nyewel pipi karo bokonge anake.

Bengi, Wiji karo bojone wes gletakan. Sedinoan umek jam songo yo kudu nggeblak ae rasane. Awak wes ditepakno nang kasur. Mata yo wes merem ning durung iso budal ngipi polahe sing jenenge Tomin sik ombo matane. Arek lanang cilik iku lungguh ning antarane emak bapake sing wes koyok wong mendem, teler ngantuk.

“Mak, nani ya,” omonge Tomin cilik sing bosen dolanan montor-montorane.

“Wes bengi, turu ae,” saure Wiji ora mbuka matane.

“Emoh, nani cik.”

“Yo wes kono nyanyi, mak e sing ngrungokno.”

“Bintang kecil ya?” takone Tomin.

“Bintang Tuju yo oleh.”

Tomin cilik mbenakno lungguhe trus mulai nyanyi. Oleh sak lagu, bapake wes teko Jakarta nang ngipine.

“Catu-catu ya, mak?” takone Tomin maneh.

“Siji ae, sesuk maneh. Kene tak keloni, mak e ngantuk,” omonge Wiji karo sik merem.

“Emoh, Catu-catu cik.”

“Yo.”

“Catu-catu atu cayang emak, dua-dua juga sayang pak’e, tida-tida…cayang embah, tatung. Catu dua tida, cayang muanya!”

Lagu keloro ganti Wiji nyusul bojone nang Jakarta. Tomin cilik sing sik pingin nyanyi akhrire ngrengik. Krungu anake ngrengik, Wiji tangi maneh.

“Kene lho tak keloni, wes bengi iki. Sesuk nyanyi maneh.”

“Emoh tulu! Belhitung,” Tomin ngrengik.

“Berhitung karo pak’e,” omonge Wiji nang anake.

Tomin pindah nyawang bapake sing mangap-mangap, ngorok. Tangane bapake diuglek-uglek.

“Belhitung,” omonge nang bapake sing mulai melek.

“Ngitungi opo yahmene, turu ae,” saure bapake.

“Ngitungi ateh,” saure Tomin.

Masio ngantuk Diman ngalah. Awake ditepakno ngedep anake saiki, masio pancet karo ngletak, merem. Tomin cilik mesem trus mulai ngitung drijine.

“Catu, dua, tida, mpat, tuju….”

“Lima,” sauté Diman.

“Nima, tuju, lap…”

“Enam,” omonge Diman mbenakno itungane anake.

“Enam, tuju, lapan, catu, dua…”

“Sembilan sik.”

“Cembilan, tuju…”

“Sepuluh.”

Kesel ngitung salah ae, Tomin ngrengik maneh. Saiki yo mergo mulai ngantuk. Emak bapake wes teko Sumatra lewat Kebraon. Tangane bapak emake diuglek-uglek gantian. Lambene mecucu siap nangis.

“Cumuk,” omonge.

“Pak, kipasi anake,” omonge Wiji sing nglilir maneh.

“Hmmm..” saure Diman karo grayah-grayah suwekan buku sing biasa ngge ngipasi anake.

Tomin neleh gundule nang ngisor dadane emake. Sikili dipalangno nang duwure dadane bapake. Karo tangan kiwo, Diman ngipasi anake.

“Iti opo?” takone Tomin karo nyekel dadane emake.

“Lha opo?” saure Wiji karo pancet merem.

“Iti miktu! Mik, mak,” omonge Tomin cilik karo ngrayahi ombene.

Karo ngemik suwi-suwi Tomin cilik teler. Akhire omahe Wiji Diman sepi, mung suwara ngorok wong telu sing saut-sautan.

“Mak’e macak opo?” takone Tomin cilik isuk-isuk pas emake lagi masak.

“Iwak pithik.”

“Mak,” celuke Tomin.

“Lapo?”

“Campeyan opo?”

“Wong ayu, bidadari,” saure Wiji.

“Bidadali opo?” takone Tomin maneh.

“Bidadari yo sing biasane ngoseki WC.”

Tomin wes siap-siap kate mangap takok langsung didhisiki karo Wiji.

“Pak, iki anakmu jak en dolen. Aku masak, ngko kenekan lengo areke,” bengoke Wiji.

Diman sing dina iki ora kerjo langsung marani anak bojone nang pawon.

“Ayo, Min, melu pak’e gawe kandang.”

Tomin seneng. Arek iku ngintili bapake mlaku nang mburi.

“Pak’e opo?” takone Tomin.

“Menungso, mosok wedhus.”

“Mak’e opo?” takone Tomin maneh.

“Lha emakmu kae sing wedhus.”

“Atu opo?”

“Anake wedhus,” saure Diman karo mulai makoni pring sing kate digawe kandang pithik.

Tomin cilik cekikikan. Awake sing montok nganti kroncalan. Rada awan mari adus, mangan, Tomin umek maneh.

“Pamuka, atu pamuka.”

“Sik cilik, suk lek wes gedhe, wes sekolah yo iso.”

“Caiki yo ico,” Tomin sik ae mekso.

Arek cilik iku mari eruh tanggane sing SD nggawe seragam Pramuka lengkap, kate budal kemping nang lapangan.

“Pamuka mak’e,” rengike Tomin.

“Gak onok sing pas, sik keciliken,” saure Wiji maneh.

“Lapo maneh?” Diman sing krungu anake ngrengik mlebu omah.

“Yo iku anakmu, njaluk atek seragam pramuka.”

Diman meneng. Arek sakmunu opo ae sing disawang dijaluk. Ditukokno yo ora mungkin, dijarno yo mesti nangis. Akhire digendong, dijak nang omahe mbahe. Mbahe sing ngerti putune njaluk seragam pramuka langsung mbuka lemari. Hasduk karo topi pramukane Diman sik disimpen.Wes buluk ning sik iso digawe. Topi sing model baret iku langsung dipasangno nang gundule putune. Hasduke disampirno, ditali sak isone. Tomin cilik langsung kesenengen.

“Kok sik onok, mak? Iki lak ka’anku biyen sih?” takone Diman.

“Yo isik, barang-barangmu ki yo sik tak simpen kabeh. Onok gunane tho nyatane.”

Diman melu seneng.

“Mbahe opo?” takone Tomin cilik karo nyawang mbahe.

Emake Diman sing ora dong maksud takonane putune mung meneng ae.

“Mbah wedhus, pak? Ho oh?” takone Tomin maneh, saiki karo nyawang bapake.

Emake Diman langsung menteleng, jelase Diman sing dipentelengi. Mesti diwarahi sing ora genah, pikire emake Diman.

“Guduk, mbah wong sakti. Ayo mulih, digoleki mak’e ngko,” omonge Diman nang anake karo langsung dicandak, dijak mulih.

 

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s